Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Korintus 14 >> 

Sapisan maneh bab peparinge Sang Roh

1Padha nggayuha marang katresnan, lan ganjaran-ganjaran saka Sang Roh, luwih-luwih peparing bab medhar wangsit.

2Sapa kang ngucapake basa-roh, iku pangucape ora tumuju marang manungsa nanging marang Gusti Allah. Sabab ora ana wong kang mangreti basane; wong iku pangucape bab-bab kang winadi, marga saka Sang Roh.

3Balik sapa kang medhar wangsit iku, anggone ngucap marang manungsa awujud pambangun, pitutur sarta panglipur.

4Sing sapa calathu nganggo basa-roh iku mbangun awake dhewe; balik sapa kang medhar wangsit iku mbangun pasamuwan.

5Aku seneng bae manawa kowe kabeh padha bisa ngucap nganggo basa-roh, nanging luwih seneng maneh manawa kowe padha medhar wangsit. Sabab sapa kang medhar wangsit iku luwih migunani katimbang karo kang ngucap nganggo basa-roh, kajaba manawa wong iku iya banjur nerangake jarwane uga, satemah pasamuwan kabangun.

6Kang iku para sadulur, saupama aku nekani kowe lan ngucap nganggo basa-roh, iku apa paedahe tumraping kowe, manawa aku ora mratelakake bab wedharaning Allah, apa kawruh, utawa pamedhar wangsit apa piwulang?

7Iku padha bae karo piranti kang tanpa nyawa, nanging bisa muni, kaya ta suling lan clempung -- yen iku swarane ora beda, kapriye bisane wong nyumurupi lagu apa kang diunekake ing suling utawa clempung mau?

8Utawa manawa swarane slompret ora cetha, sapa kang bakal siyaga ing perang?

9Mangkono uga kowe, kang padha calathu nganggo basa-roh: manawa kowe ora migunakake tembung-tembung kang cetha, kapriye bisane wong padha mangreti kang kokucapake? Dadine calathumu tanpa guna kaya nyalathoni angin!

10Akeh warnane basa ing jagad iki, embuh pira cacahe, ewasamono ora ana siji bae ing antarane basa-basa mau kang tanpa teges.

11Nanging manawa aku ora ngreti marang basa mau, aku rak ateges dadi wong manca tumraping wong kang migunakake basa iku, lan wong iku dadi wong manca tumraping aku.

12Mangkono uga kowe: Kowe pancen padha nggayuh marang peparinge Sang Roh, nanging luwih becik maneh padha ngudia, supaya kowe bisa migunakake kanggo pambanguning pasamuwan.

13Mulane sing sapa ngucapake basa-roh, nyenyuwuna supaya bisa njarwakake.

14Sabab yen anggonku ndedonga nganggo basa-roh, iku rohku kang ndedonga, nanging akal budiku ora melu ndedonga.

15Kang iku apa kang kudu daktindakake? Aku arep ndedonga nganggo rohku, nanging aku uga ndedonga nganggo akal-budiku; aku arep ngidung lan memuji nganggo rohku, nanging ngidung lan memuji nganggo akal-budiku uga.

16Sabab, manawa anggonmu muji sokur mung nganggo rohmu, wong lumrah kang padha ana ing kono, kapriye anggone bisa ngamini pamuji sokurmu iku? Wong mau rak ora padha ngreti apa kang kokucapake?

17Sabab sanadyan pamuji sokurmu iku iya becik banget, nanging wong liya ora kabangun.

18Aku saos sokur marang Gusti Allah, dene anggonku ngucapake basa-roh iku ngluwihi kowe kabeh.

19Nanging ana ing pasamuwan aku luwih seneng ngucapake limang tembung kang bisa dimangreteni kanggo mulang wong liya, katimbang tembung pirang-pirang ewu ing basa-roh.

20Para sadulur, pikiranmu aja kaya bocah. Nanging ing bab piala dikaya bocah, nanging pikiranmu dikaya wong diwasa.

21Ing angger-anggering Toret ana tulisan mangkene: “Ingsun bakal mangandikani bangsa iki lumantar wong kang basane seje, sarta lumantar lambene wong manca; ewasamono bangsa iku ora bakal ngrungokake marang Ingsun, mangkono pangandikane Pangeran.”

22Dadine basa-roh iku minangka pratandha kanggo wong kang padha ora pracaya, ora kanggo wong kang padha pracaya; dene pamedhar wangsit iku minangka pratandha kanggo wong kang padha pracaya, ora kanggo wong kang ora padha pracaya.

23Kang iku manawa pasamuwan kabeh padha nglumpuk, lan saben wong padha calathu nganggo basa-roh, nuli ana wong jaba utawa wong kang ora pracaya padha lumebu, apa wong iku ora bakal padha ngarani, yen kowe padha ngomyang?

24Balik manawa kabeh padha medhar wangsit, nuli ana wong kang ora pracaya utawa wong anyar lumebu, iku bakal kawelehake dening wong akeh, sarta dititi-priksa dening wong akeh mau;

25sakehe wewadi kang sumimpen ana ing batine bakal kelair, satemah bakal sumungkem sujud marang Gusti Allah sarta ngakoni: “Sanyata Gusti Allah ana ing tengah-tengahmu.”

Bab tatanan ing sajroning pasamuwan

26Kang iku saiki kapriye, para sadulur? Samangsa kowe padha kumpulan, saben wong padha nyaosna pisungsung: kang siji masmur, sijine piwulang utawa wedharaning Allah, utawa peparing basa-roh, utawa njarwakake basa-roh, nanging kabeh iku mau katindakna kanggo mbangun.

27Dene manawa ana kang ngucap nganggo basa-roh, becike wong loro utawa keh-kehe wong telu bae, giliran, lan anaa siji kang njarwakake.

28Nanging manawa ora ana wong kang bisa njarwakake, becike wong-wong mau ana ing pasamuwan padha menenga bae, mung mosika ana ing atine dhewe, lan munjuk ana ing ngarsaning Allah.

29Mungguhing nabi-nabi -- becike anaa loro utawa telu saka ing antarane kang padha medharake pitutur, dene liyane padha nanggapana kang padha diwedharake mau.

30Nanging manawa wong panunggalane kang padha lungguhan iku ana kang kaparingan wangsit, prayogane kang dhisik iku menenga.

31Ujer kowe kabeh padha bisa gentenan medhar wangsit, satemah kowe padha oleh piwulang sarta oleh panglipur.

32Karodene rohing para nabi iku manut marang nabine.

33Awit kang dadi keparenge Gusti Allah iku ora ngarsakake kaanan kang kisruh, nanging kang tata rukun.

34Padha kaya ana ing sakehe Pasamuwane para suci, yen pinuju kumpulan wong wadon padha menenga, marga padha ora diparengake guneman, nanging prelu padha sumuyud, kaya kang kapangandikakake ana ing angger-anggering Toret.

35Dene manawa kapengin nyumurupi apa-apa, becike padha takona marang bojone ana ing omah. Awit ora pantes tumraping wong wadon manawa guneman ana ing Pasamuwan.

36Apa pangandikane Gusti Allah iku wiwite saka kowe? Utawa, apa tekane pangandika iku mung marang kowe dhewe?

37Manawa ana wong kang rumangsa dadi nabi utawa kang kadunungan peparing karohanen, iku kudu eling, yen apa kang dakpituturake marang kowe iku, dhawuhe Gusti.

38Nanging manawa wong iku ora nggatekake, iya aja kokgatekake.

39Mulane, para sadulurku, padha ngudia supaya tampa peparing medhar wangsit, lan aja ngalang-alangi wong kang calathu nganggo basa-roh.

40Nanging samubarang kabeh iku tumindaka kalawan patut lan tumata.



Download Audio MP3 (1 Korintus 14):
Mobile (Low Quality) - CD (High Quality)

 <<  1 Korintus 14 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel