Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Korintus 6 >> 

Golek pangadilan marang wong kang ora pracaya

1Apa ana wong ing antaramu kang manawa prakaran karo padha sadulur, kok wani golek pangadilan marang wong kang padha ora pracaya, ora marang para suci?

2Utawa apa kowe padha ora sumurup, yen ta para suci bakal ngadili jagad? Lan manawa pangadilane jagad iku ana ing tanganmu, apa kowe ora saguh ngrampungi prakara-prakara sing remeh?

3Apa kowe padha ora smurup, yen kita bakal ngadili para malaekat? Apamaneh prakara-prakara kang lumrah-lumrah.

4Sanadyan mangkono manawa kowe arep ngurus prakara-prakara kang lumrah, apa banjur kokpasrahake marang wong kang ora kepetung ana ing pasamuwan?

5Bab iki dakkandhakake, supaya kowe padha rumangsa isin. Apa siji bae ora ana ta ing antaramu kang wicaksana, kang bisa ngrampungi prakarane para sadulure?

6Apa ya lenggah ta yen anggone padha golek adil ing antarane sadulur, malah marang wong kang ora pracaya?

7Bab anane prakara kang tuwuh ana ing antaramu iku bae, wus nelakake anggonmu padha kuciwa. Yagene kowe ora milaur nrima digawe sawenang-wenang? Yagene kowe ora nrima ketunan?

8Ananging kowe dhewe malah padha tumindak sawenang-wenang lan padha gawe pituna, tur bab ku tumanduk marang para sadulurmu dhewe.

9Utawa kowe padha ora sumurup, yen wong kang padha ora adil iku bakal ora tampa panduman warisan Kratoning Allah? Aja padha kesasar. Wong kang laku jina, nyembah brahala, laku bedhang, dadi gemblak, laku jindik,

10kang nyenyolong, cethil, seneng mendem, tukang mitenah lan tukang ngapusi, iku ora bakal tampa panduman warisan Kratoning Allah.

11Lan sawenehing panunggalanmu biyen iya kaya mangkono iku, nanging kowe wus padha masrahake awakmu supaya diresiki, kowe wus padha kasucekake, wus padha kabenerake marga saka Asmane Gusti Yesus Kristus lan marga dening Rohe Allah kita.

Pepeling bab laku jina

12Aku wenang samubarang, nanging ora samubarang maedahi. Tumraping aku samubarang kabeh iku kalal, nanging awakku dakjaga aja nganti kawasesa dening sadhengaha apa bae.

13Pangan iku kanggo ing weteng, lan weteng kanggo ing pangan: nanging sakarone bakal dilebur dening Gusti Allah. Badanmu iku ora kanggo laku jina, nanging kagem ing Gusti, lan Gusti kanggo ing badan.

14Gusti Allah kang wus mungokake Gusti, iya bakal nangekake kita marga saka panguwaose.

15Apa kowe padha ora sumurup, yen badanmu iku dadi gegelitaning Sang Kristus? Kang iku gegelitaning Sang Kristus apa bakal dakjupuk, tuwin dakpasrahake marang laku jina? Babar pisan ora!

16Utawa, apa kowe ora sumurup, yen sing sapa rumaket marang wanita tunasusila, iku dadi nunggal sabadan? Rak ana pangandika mangkene: “Loro-lorone bakal dadi daging siji.”

17Balik sing sapa rumaket ing Gusti, iku dadi nunggal saroh kalawan Panjenengane.

18Padha ngedohana laku jina! Sarupaning dosa liyane kang dilakoni ing wong iku tumindake sajabaning badane. Nanging wong kang laku jina iku ateges dosa marang badane dhewe.

19Apa kowe padha ora sumurup, yen badanmu iku dadi padalemane Sang Roh Suci kang ana ing kowe, Sang Roh Suci kang kaparingake marang kowe dening Gusti Allah, sarta yen awakmu iku dudu awakmu dhewe?

20Sabab kowe wus padha tinuku lan wus kabayar lunas: Mulane padha ngluhurna Gusti Allah srana badanmu!



Download Audio MP3 (1 Korintus 6):
Mobile (Low Quality) - CD (High Quality)

 <<  1 Korintus 6 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel