Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Korintus 7 >> 

Bab sesomahan

1Mungguh prakara-prakara kang kamot ing layangmu marang aku iku, becik tumrape wong lanang, yen ora sesomahan,

2nanging ngelingi anane bebaya laku jina, becike saben wong lanang duwea somah dhewe lan wong wadon duwea bojo dhewe.

3Kang lanang netepana kawajibane marang somahe, mangkono uga kang wadon marang bojone.

4Kang wadon ora nguwasani badane dhewe, nanging kang lanang. Mangkono uga kang lanang iya ora nguwasani badane dhewe, nanging kang wadon.

5Kowe aja padha cegah-cinegah, kajaba kalawan padha sarujuke kanggo ing sawatara mangsa, supaya kowe bisa mligekake wektu kanggo ndedonga. Nanging sawise iku padha kumpula maneh, supaya Iblis aja nganti nggodha kowe, awit saka anggonmu ora kuwat nyegah.

6Bab iki daktuturake marang kowe minangka palilah, ora minangka prentah.

7Sanadyan mangkono saiba becike manawa wong kabeh padha nglakoni kaya aku; nanging saben wong kaparingan ganjaran dhewe-dhewe dening Gusti Allah, kang siji ganjaran mangkene, sijine ganjarane mangkono.

8Dene wong kang ora sesomahan lan para randha, dakprayogakake, supaya padha tetepa kaya aku iki.

9Nanging manawa ora kuwat nyegah, kareben padha omah-omah. Awit luwih becik bebojoan tinimbang ngangah-angah marga dening hawa-nepsu.

10Mungguh para wong kang padha sesomahan -- dudu aku, nanging Gusti kang ndhawuhi, -- supaya wong wadon aja nganti megat bojone.

11Lan yen pegatan, tetepa anggone ora jejodhoan utawa rukuna maneh karo kang lanang. Lan wong lanang ora kena megat somahe.

12Nanging marang wong liyan aku, dudu Gusti, mituturi mangkene: Yen ana sadulur duwe somah kang ora pracaya, mangka wong wadon iku gelem manggon tetunggalan, sadulur mau aja nganti megat kang wadon iku.

13Lan wong wadon manawa duwe bojo kang ora pracaya, mangka wong lanang iku gelem manggon tetunggalan, wong wadon mau aja nganti megat kang lanang iku.

14Amarga wong lanang kang ora pracaya iku, wus kasucekake marga saka kang wadon, lan wong wadon kang ora pracaya mau wus kasucekake marga saka kang lanang. Saupama ora mangkono, anak-anakmu iku rak banjur dadi anak-anak kang najis, mangka saiki padha suci.

15Nanging manawa kang ora pracaya iku kepengin pegatan, iya kareben megat; manawa mangkono iku sadulur lanang utawa wadon mau padha ora kacencang ing wajib. Nanging anggone Gusti Allah nimbali kowe iku, supaya kowe padha olaha atut-rukun.

16Sabab kapriye anggonmu bisa sumurup, heh wong wadon, manawa kowe bakal nylametake bojomu? Utawa kapriye anggonmu sumurup, heh wong lanang, manawa kowe bakal nylametake somahmu?

Bab tumindak kaya ing nalikane katimbalan dening Gusti Allah

17Sateruse, saben wong iku lestari tumindaka kaya kang wus katetepake dening Gusti, lan ing sajroning kaanan kaya ing nalikane katimbalan dening Gusti Allah. Iya iki pranatan kang dakwenehake marang sakehe pasamuwan.

18Manawa ana wong kang katimbalan wus tetakan, aja mbudidaya ngilangi labeting tetak iku. Lan manawa ana wong kang katimbalan ora tetakan, aja banjur nglakoni tetak.

19Sabab tetak utawa ora tetak iku dudu apa-apa. Kang prelu netepi angger-anggere Gusti Allah.

20Saben wong iku tetepa kaya ing nalikane katimbalan dening Gusti Allah.

21Manawa nalikane kowe katimbalan dadi batur tukon, iku aja kokgrantesake! Nanging manawa kowe bisa dimerdikakake iya gelema.

22Sabab batur tukon kang katimbalan ing Gusti iku dadi wong merdika, kagungane Gusti. Mangkono uga wong merdika, kang katimbalan dening Sang Kristus, iku dadi abdine Sang Kristus.

23Kowe wus padha tinuku lan wus kabayar lunas. Mulane kowe aja padha dadi batur-tukoning manungsa.

24Para sadulur, saben wong iku ana ing ngarsane Gusti Allah, lestaria kaya ing nalikane katimbalan.

25Saiki bab para prawan. Aku ora oleh dhawuh saka Gusti tumrap iki. Nanging aku nglairake panemuku kayadene wong kang kena dipracaya, awit saka palimirmane Gusti Allah kang daktampa.

26Kang iku panimbangku, ngelingi kaanan ing wektu saiki, becik manawa wong iku kaanane ora owah.

27Manawa kowe wus katalenan ing wong wadon, aja ngarah pegate! Manawa kowe ora katalenan ing wong wadon, aja rabi!

28Ewadene manawa kowe oma-omah, iku kowe ora dosa. Lan yen ana prawan omah-omah, iku iya ora dosa. Nanging wong kang mangkono iku bakal nandhang kasusahan mungguh ing daging, mangka karepku kowe aja nganti ketaman ing kasusahan iku.

29Para sadulur, kang dakkarepake mangkene: Wektune wus kari sathithik! Mulane ing wektu kang mung kari sathithik iki, wong lanang kang padha sesomahan tumindaka kaya-kaya ora sesomahan;

30lan wong kang padha nangis, dikaya ora nangis; lan kang bungah dikaya ora bungah; sarta para wong kang tetuku, dikaya ora nduweni kang dituku;

31ringkese, wong kang padha nganggo barang-barang kadonyan iki, dikaya ora nganggo. Sabab donya kang kita sumurupi saiki iki, bakal sirna.

32Kang dakkarepake, supaya kowe padha urip tanpa was-sumelang. Wong lanang kang ora sesomahan, ngelengake kang mungguh ing Gusti, kapriye murih dadi keparenge Gusti.

33Dene wong lanang kang sesomahan, ngelengake kang mungguh ing kadonyan, kapriye bisane gawe senenge kang wadon,

34lan marga saka mangkono pikirane banjur kabage-bage. Wong wadon kang ora bebojoan, sarta para prawan, padha ngelengake kang mungguh ing Gusti, supaya jiwa-ragane dadi suci. Nanging wong wadon kang bebojoan ngelengake prakara kadonyan, kapriye bisane gawe senenge kang lanang.

35Kabeh iki mau daktuturake kanggo kabutuhanmu dhewe, ora nedya ngalang-alangi kekarepanmu, nanging malah supaya kowe padha nglakonana samubarang kang bener lan becik sarta supaya anggonmu leladi marang Gusti tanpa alangan.

36Dene manawa ana wong duwe pangira, yen anggone ngrengkuh marang prawane kurang samesthine, manawa prawan mau sangsaya tuwa, mangka duwe rasa adreng kudu neningkahan, manawa pancen karepe mangkono, kareben neningkahan. Iku ora dosa.

37Dene manawa ana wong kang atine yakin, ora kapeksa lan bisa ngereh kekarepane, sarta wus kenceng sedyane ora arep omah-omah karo prawane, iku tumindak becik.

38Dadi wong kang omah-omah karo prawane, iku tumindak becik, dene kang ora omah-omah karo prawane, iku tumindak luwih becik.

39Wong wadon somahan iku kecencang salawase bojone isih urip. Nanging yen bojone wus tinggal-donya, wong wadon mau wenang neningkahan maneh karo sapa bae kang dikarepake, anggere wong kang pracaya.

40Nanging mungguhing panemuku, luwih begja, manawa wong mau tetap kaya mangkono. Lan pangrasaku, aku iya kadunungan Rohe Gusti Allah.



Download Audio MP3 (1 Korintus 7):
Mobile (Low Quality) - CD (High Quality)

 <<  1 Korintus 7 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
© 2010-2019
Alkitab.SABDA.org

Android.SABDA.org
SABDA.mobi
Bantuan
Single Panel

Laporan Masalah/Saran