Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Korintus 9 >> 

Wewenang lan kawajibane rasul

1Apa aku iki dudu rasul? Aku rak wong merdika, ta? Apa aku ora wus ndeleng Gusti Yesus, Gusti kita? Kowe iku apa ora dadi garapanku ana ing Gusti?

2Sanadyan kanggone wong liya aku iki dudu rasul, nanging tumraping kowe aku iki rasul. Amarga uripmu ana ing Gusti iku minangka tandha cap tumraping karasulanku.

3Iki panjawabku marang wong kang padha ngritik aku.

4Apa aku ora duwe wewenang mangan lan ngombe?

5Apa aku ora duwe wewenang ngajak wong wadon Kristen minangka somah ing sajroning lakuku, padha kaya para rasul liyane lan para sadhereke Gusti apadene Kefas?

6Utawa apa mung aku lan Barnabas bae kang ora duwe wewenang kabebasake saka ing pagawean kasar?

7Sapa ta kang wus tau melu maju perang kanthi wragad dhewe? Sapa ta kang nanduri kebon anggur lan ora mangan wohe? Utawa sapa ta kang angon pepanthan wedhus lan ora ngombe puhane?

8Tuturku kang mangkono iku apa mung gagasaning manungsa bae? Angger-anggering Toret rak iya mratelakake mangkono ta?

9Sabab ing angger-anggere Nabi Musa ana tulisan mangkene: “Sira aja mbrongsong cangkeming sapi kang lagi kanggo nggiling.” Apa Gusti Allah iku nggumatosi sapi?

10Apa kita kang kinarsakake? Iya, bab iki katulis kanggo kita, yaiku: kang mluku iya kudu mluku kanthi pangarep-arep, lan kang nggiling iya kudu nggiling kanthi pangarep-arep olehe pandumane.

11Kang iku manawa aku kang wis padha nyebar wiji kasukman kanggo kowe kabeh, apa ora kena aku padha ngeneni pametumu kadagingan?

12Manawa wong liya padha wenang ngarep-arep panduman saka kowe, apa wewenangku ora luwih gedhe? Nanging aku padha ora migunakake wewenang mau. Balik aku malah padha mbetahake samubarang, supaya aja nganti ngalang-alangi pakabaraning Injile Sang Kristus.

13Apa kowe padha ora sumurup, yen wong kang padha leladi ing padaleman suci iku pangane iya saka ing padaleman suci, lan wong kang padha leladi ing misbyah, iku iya padha oleh panduman saka ing misbyah kono?

14Mangkono uga Gusti iya wus mranata, para kang ngabarake injil, iku uripe iya saka anggone ngundhangake Injil iku.

15Nanging aku, ora tau migunakake wewenang iku mau siji-sijia. Anggonku nulis kabeh iki, ora supaya aku ditanggapana mangkono uga. Sabab aku milaur mati katimbang karo ......! Temenan, gumunggungku iki ora bisa dibatalake dening sapa bae!

16Sabab yen aku ngabarake Injil, iku ora duwe dhasar kanggo ngegungake dhiri. Marga iku rak kawajibanku. Malah bilai aku manawa ora ngabarake Injil.

17Saupama anggonku nindakake iku mung manut karepku dhewe, pancen aku duwe hak oleh pituwas. Nanging anggonku nindakake mau ora saka karepku dhewe, awit pakabaran iku ayahan kang kabubuhake marang aku.

18Yen mangkono banjur apa pituwasku? Pituwasku yaiku: aku diparengake ngabarake Injil tanpa pituwas, lan aku ora migunakake wewenangku anggonku dadi juru ngundhangake Injil.

19Sanadyan aku iki merdika tumraping wong kabeh, ewadene aku ngawulakake awakku marang wong kabeh, supaya aku keparenga nggendeng wong kang akeh banget.

20Tumrape wong Yahudi aku dadi kaya wong Yahudi, supaya aku bisaa nggendeng wong Yahudi. Tumrap para wong kang kawengku ing angger-anggering Toret aku dadi kaya wong kang kawengku ing angger-anggering Toret, -- sanadyan aku dhewe ora kawengku ing angger-anggering Toret -- supaya aku bisaa nggendeng para wong kang kawengku ing angger-anggering Toret.

21Tumrape wong kang padha ora kawengku ing angger-anggering Toret, aku dadi kaya wong kang ora kawengku ing angger-anggering Toret -- sanadyan uripku iku ora tanpa angger-anggering Allah, sabab aku kawengku ing angger-anggere Sang Kristus -- supaya aku bisaa nggendeng para wong kang ora kawengku ing angger-anggering Toret.

22Tumrape wong kang padha ringkih, aku dadi kaya wong ringkih, supaya aku bisaa nggendeng marang wong kang padha ringkih. Tumrap sarupaning wong aku wus dadi pepadhane, supaya sabisa-bisa aku nggendenga wong sawatara saka ing antarane.

23Samubarang kabeh iku mau daktindakake marga saka Injil, supaya aku melua oleh pandumane.

24Apa kowe padha ora sumurup, yen wong kang melu ana ing pambalapan iku kabeh padha lumayu, nanging mung siji kang tampa ganjaran? Mulane padha lumayua amrih kowe bisaa tampa ganjaran.

25Saben wong kang melu balapan, iku njaga dhirine ing samubarang prakara. Wong mau padha tumindak mangkono supaya oleha makutha kang kena ing rusak; balik kita padha ngarah bisaa oleh makutha kang langgeng.

26Mulane anggonku lumayu iku ora tanpa tujuan, lan aku dudu jago jotos kang mung waton njotos bae.

27Nanging aku nglatih badanku sarta dakreh ing sakabehe, supaya sawise ngabarake Injil marang wong liya, aja ngantia aku dhewe ditampik.



Download Audio MP3 (1 Korintus 9):
Mobile (Low Quality) - CD (High Quality)

 <<  1 Korintus 9 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel