Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Petrus 5 >> 

Engonen para wedhuse Gusti Allah

1Para pinituwa kang ana ing antaramu iku dakpituturi, -- amarga aku iki dadi kanca pinituwa sarta seksine sangsarane Sang Kristus, kang iya bakal oleh panduman kamulyan kang besuk bakal kawedharake --:

2Pepanthan mendane Gusti Allah kang ana ing kowe iku enggonen, aja marga kapeksa, nanging kalawan legawaning ati laras karo karsaning Allah, sarta aja marga saka kapengin oleh kauntungan, nanging kalawan rasa leladi.

3Kowe aja tumindak kaya-kaya nguwasani pasamuwan reksanmu, nanging dadia tuladha tumrap pepanthan iku.

4Besuk manawa Sang Pangon Agung rawuh, kowe bakal padha nampani makuthaning kamulyan kan ora bisa alum.

5Samono uga kowe, heh para wong anom, padha sumuyuda marang para wong tuwa, sarta siji lan sijine sing padha andhap-asor, amarga: “Gusti Allah nglawan marang wong kang kumalungkung, nanging paring sih-rahmat marang wong kang andhap-asor.”

6Kang iku padha mendhaka ing sangisore astane Gusti Allah kang kuwat, supaya kowe padha linuhurake ing mangsa kang wis katemtokake.

7Sakabehing sumelangmu pasrahna marang Panjenengane, sabab Panjenengane kang ngopeni kowe kabeh.

8Padha diwaras ing budi sarta diprayitna, jalaran mungsuhmu Iblis iku klinteran kaya singa nggero-nggero ngupaya manungsa kang kena dimangsa.

9Tanggulangana kalawan pracaya kang santosa, jalaran kowe padha sumurup yen kabeh sadulrmu kang ana ing saindenging jagad iya padha ketaman ing sangsara kaya mangkono.

10Dene Gusti Allah sumbering sakehe sih-rahmat, kang wis nimbali kowe kabeh ana in Sang Kristus marang kamulyane kang langgeng, bakal nyampurnakake, neguhake, nyantosakake sarta ngukuhake kowe, sawise kowe padha nandhang sangsara sawatara mangsa.

11Iya Panjenengane iku kang kagungan panguwaos langgeng salawas-lawase! Amin.

Salam

12Anggonku nulis cekak marang kowe iki lumantar Silwanus, kang dakanggep sadulur kang kena dipracaya, prelu ngelingake sarta nyethakake, manawa iki sih-rahmate Gusti Allah kang sanyata. Iku padha ugemana kang temenan!

13Sala marang kowe kabeh, saka sadulurmu ing Babilon kang pilihan lan Markus anakku.

14Padha sesalamana nganggo pangambunging katresnan. Tentrem-rahayu anaa ing kowe kabeh kang padha ana ing patunggilane Sang Kristus. Amin.



Download Audio MP3 (1 Petrus 5):
Mobile (Low Quality) - CD (High Quality)

 <<  1 Petrus 5 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel