Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Raja-raja 4 >> 

Para panggedhe abdine Sang Prabu Suleman lan para kepala-dhaerahe

1Sang Prabu Suleman iku ngratoni sawewengkone Israel kabeh.

2Iki para panggedhene: Azarya bin Zadhok dadi imam;

3Elihoref lan Ahia, anak-anake Sisa dadi sekretaris nagara; Yosafat bin Ahilud dadi juru gedhong;

4Benaya bin Yoyadha dadi senapati; Zadhok lan Abyatar dadi imam.

5Azarya bin Natan dadi panggedhening para kepala-dhaerah. Zabud bin Natan iku imam kang dadi mitrane Sang Prabu.

6Ahisar dadi panggedhening kraton. Adoniram bin Abda dadi panggedhening pakaryan nagara.

7Sang Prabu Suleman kagungan kepala-dhaerah rolas ana ing wewengkon Israel kabeh, kang kawajiban ngrupakake dhahare Sang Prabu dalah saisining kratone: saben kepala-dhaerah kawajiban ngladekake dhahar kanggo sesasi ing dalem setaune.

8Iki asma-asmane: Ben-Hur ing pagunungan Efraim,

9Ben-Deker ing Makas, ing Saalbim, ing Bet-Semes lan ing Elon-Bet-Hanan;

10Ben-Hesed ing Arubot; wilayahe yaiku Sokho lan satanah Hefer kabeh;

11Ben-Abinadab ngwasani tanah pagunungan Dor kabeh, garwane asma Tafat, putrane putri Sang Prabu Suleman.

12Baana bin Ahilud ngwasani Taanakh, Megido lan sawewengkone Bet-Sean kabeh, kang dumunung ing sacedhake Sartan sangisore Yizreel, wiwit ing Bet-Sean nganti tekan ing Abel-Mehola tumeka ing sisih kanane Yokmeam.

13Sabanjure Ben-Geber ing Ramot-Gilead, wilayahe yaiku Hawot-Yair kang ana ing Gilead; Yair iku anake Manasye. Wilayah Argob kang ana ing Basan uga klebu wewengkone, kuthane gedhe sawidak mawa balowarti lan slarak tembaga;

14Ahinadab bin Idho manggedheni Mahanaim.

15Sabanjure Ahimaas ing Naftali; iku uga krama karo putri putrane Sang Prabu Suleman, kang asma Basmat.

16Sateruse Baana bin Husai ing Asyer lan ing Alot.

17Nuli Yosafat bin Paruah ing Isakhar

18lan Simei bin Ela ing Benyamin.

19Geber bin Uri ing tanah Gilead ngwasani tanahe Sang Prabu Sihon, ratune wong Amori, lan tanahe Sang Prabu Og, ratu ing Basan; mung siji iku kang dadi kepala-dhaerah kang ana ing tanah kono.

20Wong Yehuda lan wong Israel iku kehe kaya wedhi ing pinggire sagara. Kabeh padha mangan lan ngombe sarta padha suka-suka pari suka.

Kaluhurane Sang Prabu Suleman

21Sang Prabu Suleman ngwaosi sakehing karajan wiwit saka bengawan Efrat nganti tekan ing nagarane wong Filisti lan nganti tekan ing tapel-watese tanah Mesir. Iku padha ngaturake bulu-bekti lan tetep teluk marang Sang Prabu Suleman ing sajege sugenge.

22Anadene cecawisan dhahar kang kagem Sang Prabu Suleman iku sadinane glepung kang becik dhewe telung puluh kor lan glepung lumrah sawidak kor,

23sapi lemon sapuluh lan sapi ngon-ngonan rong puluh tuwin wedhus satus, iku durung ketung menjangan, kidang, menjangan tutul lan banyak ingon,

24amarga panjenengane ngwaosi saindenging tanah ing sisih kenene bengawan Efrat, wiwit saka Tifsakh nganti tekan Gaza, apadene ngereh sakehing ratu ing sisih kenene bengawan Efrat, sarta kaparingan tentrem ana ing saindenging nagarane,

25satemah wong Yehuda lan wong Israel anggone padha manggon kalayan tentrem, siji-sijine manggon ana ing sangisore wit anggur lan wit anjir, wiwit ing Dhan nganti tekan ing Bersyeba ing sasugenge Sang Prabu Suleman.

26Kajaba saka iku Sang Prabu Suleman kagungan jaran patang ewu gedhogan kanggo kareta-karetane lan rolas ewu prajurit jaranan.

27Para kepala-dhaerah iku padha rumeksa marang dhahare Sang Prabu Suleman dalah sakabehe wong kang ndherek dhahar ing mejane Sang Prabu Suleman. Anggone ngunjukake ing saben sasi gilirane lan ora ana kang dikurangi.

28Sair lan dami kanggo jaran-jaran lumrah lan jaran-jaran teji iku padha digawa menyang ing panggonan kang wus katemtokake, manut tanggungane dhewe-dhewe.

29Sabanjure Gusti Allah paring kawicaksanan lan kalimpadan kang linuwih marang Sang Prabu Suleman, sarta akal budi kang jembare kaya pasisir wedhi ing pinggire sagara,

30nganti kawicaksanane Sang Prabu Suleman iku ngungkuli kawicaksanane sakehe wong wetanan lan ngluwihi sakehe kawicaksanane wong Mesir.

31Kawicaksanane ngungkuli wong kabeh, ngungkuli Etan, wong ing Ezrahi, ngungkuli Heman, Kalkol lan Darda, anak-anake Mahol, mulane asmane kondhang ana ing antarane sakehing bangsa ing sakubenge.

32Panjenengane nganggit bebasan telung ewu, lan kidungan sewu lima.

33Panjenengane nggubah kekidungan bab wit-witan, wiwit wit eres ing pagunungan Libanon nganti wit Hisop kang thukul ing tembok. Panjenengane uga ngandika bab kewan-kewan lan manuk-manuk tuwin bab kewan kang rumangkang sarta bab iwak-iwak.

34Wong-wong saka sakehing bangsa padha sowan ngrungokake bab kawicaksanane Sang Prabu Suleman, apamaneh Sang Prabu kacaosan bulubekti dening para raja ing bumi, kang wus padha mireng bab kawicaksanane iku.



 <<  1 Raja-raja 4 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel