Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Samuel 1 >> 

Miyose Nabi Samuel

1Ana sawijining wong ing Ramataim-Zofim, ing pagunungan Efraim, jenenge Elkana bin Yeroham bin Elihu bin Tokhu bin Zuf, wong Efraim.

2Elkana iku bojone loro: kang siji jenenge Hana, sijine Penina. Penina iku anak-anak, nanging Hana ora.

3Wong iku saben taun lelungan saka ing kuthane arep munggah manembah lan saos kurban marang Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi ing Silo. Kang dadi imaming Sang Yehuwah ana ing kono yaiku putrane Imam Eli, Hofni lan Pinehas.

4Nuju ing sawijining dina Elkana saos kurban, Penina bojone, anak-anake lanang-wadon padha diwenehi saduman.

5Sanadyan Hana dikasihi, uga mung oleh saduman, awit Sang Yehuwah ora maringi anak marang dheweke.

6Nanging marune tansah nglarakake atine kareben nepsu, amarga Sang Yehuwah nutup guwagarbane.

7Kaya mengkono kang kelakon saben taun, saben Hana munggah menyang ing padalemane Sang Yehuwah, Penina nglarakake atine, Hana temah nangis lan emoh mangan.

8Elkana, somahe nuli mituturi mangkene: “Hana, yagene kowe nangis lan apa sebabe kowe emoh mangan? Ajine awakku apa ora ngungkuli anak lanang sepuluh?”

9Nuju ing sawijining dina sabubare padha mangan lan ngombe ana ing Silo, Hana banjur ngadeg, nalika Imam Eli pinuju lenggah ana ing kursi sandhing pipining lawang ing padalemane suci Sang Yehuwah,

10lan kalawan ati kang sedhih Hana nyenyuwun marang Sang Yehuwah, kambi nangis senggrak-senggruk.

11Banjur nglairake ujar, unjuke: “Dhuh Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi, manawi Paduka nggalih dhateng karibedanipun abdi Paduka lan karsa ngengeti kawula saha boten kasupen dhateng abdi Paduka, nanging maringi anak jaler dhateng abdi Paduka punika, kawula badhe ngaturaken lare punika dhateng Sang Yehuwah sajeging gesangipun saha sirahipun boten badhe kagepok ing lading panyukuran.”

12Nalika wong wadon iku ngganter ndedonga ana ing ngarsane Sang Yehuwah, Imam Eli namatake cangkeme wong wadon iku,

13lan sarehne Hana anggone ngucap iku sajroning atine, tuwin mung lambene bae kang umak-umik lan ora keprungu suwarane, Imam Eli ngira manawa wong iku mendem.

14Imam Eli banjur ngandika: “Nganti sapira suwene anggonmu tumindak kaya wong mendem? Maria anggonmu mendem!”

15Nanging Hana mangsuli: “Boten dhuh Rama, kula satunggiling tiyang estri ingkang saweg nandhang sisah sanget; kula boten ngombe anggur utawi minuman ingkang mendemi, nanging ngesokaken isining manah kawula wonten ing ngarsanipun Sang Yehuwah.

16Sampun nganggep abdi panjenengan punika tiyang estri awon, margi saking sangeting bebeg saha sakiting manah kula ngantos wicanten dangu makaten.”

17Wangsulane Imam Eli: “Mundura kanthi tentrem rahayu, lan muga-muga Gusti Allahe Israel minangkani panyuwunmu.”

18Sawuse iku wong wadon mau matur: “Mugi abdi panjenengan angsala sih piwelas wonten ing ngarsa panjenengan.” Wong wadon mau tumuli metu, banjur gelem mangan lan ulate ora suntrut maneh.

19Esuke wayah umun-umun padha tangi nuli manembah ana ing ngarsane Sang Yehuwah, wasana banjur padha bali mulih menyang ing Rama. Nalika Elkana nunggal turu karo Hana, bojone, diengeti dening Sang Yehuwah.

20Sawuse setaun Hana ngandhut lan nglairake bayi lanang, kang dijenengake Samuel, amarga pangucape: “Iku olehku nyuwun marang Sang Yehuwah.”

21Elkana, kang lanang mau, nuli munggah dalah sakulawargane nyaosake kurban sembelehan taunan lan ngluwari nadare marang Sang Yehuwah.

22Nanging Hana ora melu, awit pangucape marang kang lanang: “Benjing manawi larenipun sampun kasapih, kula badhe ngeteraken piyambak, dene lare punika sageda ngadhep wonten ing ngarsanipun Sang Yehuwah lan tetepa wonten ing ngrika ing sajegipun gesang.”

23Wangsulane Elkana bojone, marang Hana: “Lakonana apa kang kokanggep becik, asoa ing omah bae nganti anakmu koksapih; Sang Yehuwah muga netepana ing prasetyane.” Dadine wong wadon iku kari ana ing omah lan nusoni anake, nganti tumeka wayahe disapih.

24Sawuse wong wadon iku nyapih anake, anake iku banjur diajak, kanthi nggawa sapi lanang kang umur telung taun, glepung saefa, lan anggur saimpes, iku banjur disaosake menyang ing padalemane Sang Yehuwah, ing Silo. Ing wektu semana bocahe isih cilik banget.

25Sapine banjur disembeleh lan bocahe nuli disaosake marang ing ngarsane Imam Eli.

26Ature Hana: “Kula nuwun Rama, kula keparenga matur, demi kasungengan panjenengan, kula punika tiyang estri ingkang kala rumiyin ngadhep wonten ing ngarsa panjenengan ngriki nyenyuwun dhumateng Sang Yehuwah.

27Ingkang kula suwun inggih lare punika, dene Sang Yehuwah sampun nyembadani panyuwun kula dhateng Panjenenganipun.

28Pramila lare punika kula saosaken dhateng Sang Yehuwah; sajegipun gesang mangsa boronga Sang Yehuwah.” Tumuli padha sujud manembah marang Sang Yehuwah ana ing kono.



 <<  1 Samuel 1 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel