Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Tawarikh 3 >> 

Para tedhak-turune Sang Prabu Dawud

1Iki para putrane Sang Prabu Dawud kang miyos ana ing Hebron: kang pambajeng yaiku Pangeran Amnon, kang ibu asma Ahinoam, saka ing Yizreel; kang angka loro yaiku Pangeran Dhaniel, kang ibu asma Abigail, saka ing Karmel;

2putra kang angka telu Pangeran Absalom, kang ibu asma Maakha, putri putrane Sang Prabu Talmai, ratu ing Gesur; putra kang angka papat Pangeran Adhonia, kang ibu asma Hagit;

3putra angka lima Pangeran Sefaca, kang ibu asma Abital; putra kang angka nem Pangeran Yitream, patutan karo kang garwa, kang asma Egla.

4Putra enem iki miyose ana ing kutha Hebron, panggonan nalika panjenengane ngasta paprentahan lawase pitung taun nem sasi; dene anggone ngasta paprentahan ana ing Yerusalem lawase telung puluh telu taun.

5Iki para putrane kang miyos ana ing Yerusalem: Pangeran Simea, Pangeran Sobab, Pangeran Natan lan Pangeran Suleman, putra papat iku miyos saka Sang Putri Batsyua binti Amiel,

6nuli Pangeran Yibkhar, Pangeran Elisama, Pangeran Elifelet,

7Pangeran Nogah, Pangeran Nefeg, Pangeran Yafia,

8Pangeran Elisama, Pangeran Elyada lan Pangeran Elifelet, gunggunge sanga.

9Iku kabeh padha turune Sang Prabu Dawud, iku durung kapetung para putra kang saka garwa ampil. Sang putri Tamar iku sadhereke estri.

10Sang Prabu Suleman peputra Sang Prabu Rehabeam, iki peputra Sang Prabu Abia; iki peputra Sang Prabu Asa; iki peputra Sang Prabu Yosafat;

11iki peputra Sang Prabu Yoram; iki peputra Sang Prabu Ahazia; iki peputra Sang Prabu Yoas;

12iki peputra Sang Prabu Amasia; iki peputra Sang Prabu Azarya; iki peputra Sang Prabu Yotam;

13iki peputra Sang Prabu Akhas; iki peputra Sang Prabu Hizkia; iki peputra Sang Prabu Manasye;

14iki peputra Sang Prabu Amon; iki peputra Sang Prabu Yosia.

15Para putrane Sang Prabu Yosia iku kang pambajeng asma Sang Prabu Yohanan, putra kang angka loro yaiku Sang Prabu Yoyakim, putra kang angka telu Sang Prabu Zedhekia, lan putra kang angka papat Pangeran Salum.

16Putrane Sang Prabu Yoyakim yaiku Sang Prabu Yekhonya, lan iki peputra Pangeran Zedhekia.

17Para putrane Sang Prabu Yekhonya, kang kinunjara iku, yaiku Pangeran Sealtiel,

18banjur Pangeran Malkhiram, Pangeran Pedhaya, Pangeran Syenasar, Pangeran Yekamnya, Pangeran Hosama lan Pangeran Nedabya.

19Para putrane Pangeran Pedhaya asma Zerubabel tuwin Simei, lan putrane Sang Zerubabel yaiku Mesulam lan Hananya; dene Selomit iku sadhereke estri.

20Banjur Hasuba, Ohel, Berekhya, Hasaja lan Yusab-Hesed, gunggung lima.

21Para putrane Sang Hanaya yaiku Pelaca lan Yesaya; iki peputra Refaya; iki peputra Arnan; iki peputra Obaja; lan iki peputra Sekhanya.

22Para putrane Sang Sekhanya yaiku Semaya, lan para putrane Sang Semaya yaiku Hatus, Yigeal, Bariah, Nearya lan Safat, gunggung enem.

23Para putrane Sang Nearya yaiku Elyoenai, Hizkia lan Azrikam, gunggung telu.

24Para putrane Sang Elyoenai yaiku Hodawya, Elyasib, Pelaya, Akub, Yohanan, Delaya lan Anani, gunggung pitu.



 <<  1 Tawarikh 3 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel