Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Timotius 5 >> 

Bab sadulur-sadulur kang tunggal pracaya

1Aja tumindak keras marang wong kang wis tuwa, nangin elingna kayadene marang bapa; wong nomnoman padha elingna kayadene sadulurmu,

2para wong wadon kang wis tuwa kayadene ibu, para wong wadon kang isih enom kayadene adhimu, kalawan ati kang resik.

Tumrap para randha

3Para randha kang pancen randha temenan iku padha ajenana.

4Nanging randha kang duwe anak utawa putu, anak utawa putune iku kudu sinau ngatonake bektine dhisik marang kulawangsane dhewe lan males kabecikane wong tuwane tuwin embahne, amarga iku kang ndadekake keparenging Allah.

5Dene randha kang pancen randha temenan, kang ketrini, iku duwe pangarep-arep marang Gusti Allah lan tansah nenuwun lan ndedonga rina wengi.

6Nanging randha kang uripe ngedab-edabi lan ngleluwihi, iku wus mati sajrone isih urip.

7Para randha iya padha elingna marang bab-bab iki, supaya uripe tanpa cacad.

8Dene manawa ana wong kang ora mikir marang kulawangsane, apamaneh brayate, iku wis nyingkur pracayane lan luwih ala katimbang karo wong kang ora pracaya.

9Randha kang dicatheti iku kang umure ora kurang saka sawidak taun, kang mung omah-omah sapisan

10lan kang wus kaseksenan panggawene becik, kayata: ngulawenthah anak, dhemen aweh pamondhokan, ngwisuhi sikile para sadulur kang tunggal pracaya, nulungi wong kang uripe kesrakat, cekake kang mrelokake sadhengah panggawe becik.

11Nanging para randha kang luwih enom iku aja kokcatheti. Awit manawa kapanduk ing asmara kang misahake saka Sang Kristus, banjur padha kapengin omah-omah,

12satemah nekakake paukuman tumrap awake dhewe, marga padha nyingkur marang kasetyane sakawit marang Panjenengane.

13Sarta maneh padha kulina mlebu metu ing omahing wong kalawan nganggur, lan malah ora mung nganggur bae, nanging iya karo ngoceh lan nyampuri prakarane wong liya sarta ngandhak-ngandhakake bab-bab kang ora pantes.

14Awit saka iku karepku randha-randha kang isih enom iku padha omah-omaha maneh, padha anak-anaka, nuntun brayate sarta aja padha aweh dhadhakaning pangala-ala marang satru, kang katujokake marang kita.

15Marga wis ana randha sawatara kang kesasar nuruti Iblis.

16Manawa ana wong lanang utawa wadon kang pracaya, kang brayate ana randhane, iku dibiyantonana, supaya ora dadi rereksaning pasamuwan, satemah pasamuwan bisa rumeksa marang para randha kang pancen kapiran.

Pituduh lan pitutur maneh sawatara

17Para pinituwa kang becik pangrehe iku pantes diajeni tikel kaping pindho, luwih maneh kang kabubuhan kotbah lan memulang.

18Rak ana pangandika ing Kitab Suci kang wiraose mangkene: “Sapi kang lagi dianggo nutu iku aja sira brongsong cangkeme,” lan: “Wong kang nyambut-gawe iku patut oleh pituwase.”

19Aja nampani pandakwa marang pinituwa, kajaba yen ana seksine loro utawa telu.

20Kang padha nglakoni dosa iku welehna ana in ngarepe wong kabeh, supaya wong-wong liyane uga padha wedi.

21Piwelingku marang kowe kalawan temen-temen ana ing ngarsane Gusti Allah lan Gusti Kristus Yesus sarta para malaekat pepilihane: pituduh iki wigatekna tanpa kasujanan lan tumindakmu tumrap ing samubarang kabeh ditanpa pilih kasih.

22Aja kesusu numpangi tangan marang wong lan aja nganti katut-katut ing dosane wong liya. Awakmu dhewe jaganen dhisik.

23Aja mung ngombe banyu thok bae maneh, nanging dokokana anggur sathithik, marga wetengmu rewel lan awakmu kerep lara.

24Dosane wong sawatara iku cetha banget, nganti kaya-kaya ndhisiki wong-wong mau menyang ing pangadilan, nanging dosane wong sawatara maneh lagi kacetha besuk.

25Samono uga panggawe becik iku enggal kacetha, lan yen ora mangkono, iku iya ora bisa terus-terusan kaaling-alingan.



Download Audio MP3 (1 Timotius 5):
Mobile (Low Quality) - CD (High Quality)

 <<  1 Timotius 5 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel