Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Timotius 6 >> 

1Kabeh wong kang nyangga gawening batur-tukon, iku ngajenana marang lurahe kaanggepa yen wus samesthine kudu kinurmatan, supaya asmaning Allah lan piwulang kita aja nganti kaalakake.

2Manawa lurahe mau wong pracaya, aja nganti dikurangi anggone dieringi, aja dupeh sadulure ana ing Sang Kristus, nanging malah disaya becik anggone ngladeni, amarga lurah kang nampani berkahing leladine iku sadulur kang pracaya lan kang kinasih.

Bab pinter guneman kang kena diarani lelara sarta bab karem bandha

(6-2b) Kabeh iki wulangna lan pituturna.

3Manawa ana wong kang aweh piwulang kang ora cundhuk karo ujar kang bener -- yaiku pangandikane Gusti kita Yesus Kristus -- lan kang ora cocog karo piwulang kang laras kalawan pangibadah kita,

4iku wong kang kaya-kaya ngreti nanging lugune ora ngreti apa-apa, kepatuh dhemen golek-golek prakara lan bebantahan, kang njalari drengki, padu, pangala-ala, sujana,

5regejegan ing antarane wong-wong kang pikirane ora waras maneh lan kang wis kelangan kayekten, kang ngira yen pangibadah iku sumbering kauntungan.

6Pancen pangibadah iku manawa dikantheni pamarem, aweh kauntungan gedhe.

7Sabab kita ora nggawa apa-apa menyang ing donya lan uga ora bisa nggawa apa-apa lunga.

8Angger wis ana pangan lan sandhang, wis cukup.

9Anadene wong-wong kang padha kapengin sugih padha tumiba ing panggodha lan ing kala tuwin kadunungan pepenginan warna-warna kang tanpa guna lan gawe cilaka kang ngeremake manungsa marang bilai tuwin karusakan.

10Amarga kang dadi witing sakehing piala iku ambek karem bandha. Sabab marga saka anggone mburu dhuwit sawenehing wong padha nyimpang saka ing pracaya sarta nyiksa awake dhewe kalawan kasusahan warna-warna.

Piweling minangka panutup

11Nanging kowe, heh, manungsaning Allah, ngedohana iku kabeh, ngaraha marang kaadilan, kamursidan, kasetyan, katresnan, kasabaran lan budi sareh.

12Nglakonana tarunging pracaya kang utama, nggayuha urip langgeng, kang dadi underane anggonmu katimbalan sarta anggonmu nglairake sahadat kang bener ana ing ngarepe seksi akeh.

13Kowe dakprentah ana ing ngarsane Gusti Allah kang paring urip marang samubarang kabeh lan ana ing ngarsane Sang Kristus Yesus kang wus nglairake sahadat kang utama iku uga ana ing ngajengane Sang Pontius Pilatus:

14Pakon iki tetepana ditanpa cacad lan tanpa sisip, kongsi tumekaning titimangsane Gusti kita Yesus Kristus ngatingal

15yaiku ing titimangsa kang bakal katamtokake dening Sang Panguwaos kang ora ana tunggale lan kang kebak karahayon, Ratune para ratu sarta Gustine para gusti.

16Iya mung Panjenengane iku kang ora kena ing pati, kang akadhaton ana ing pepadhang, kang ora kena pinerakan, kang ora tau dineleng ing wong, jalaran pancen ora ana wong kang bisa ndeleng ing Panjenengane. Iya Panjenengane iku kang sayogya kagungan kaluhuran lan panguwaos kang langgeng! Amin.

17Para wong sugih ing donya iki padha elingna, supaya aja padha gumunggung lan aja padha kadunungan pangarep-arep marang samubarang kang ora tetep kaanane, kayata kasugihan, nanging marang Gusti Allah, kang marga saka sugihe, maringi marang kita samubarang kabeh, supaya kita rasakake nikmate.

18Padha elingna, supaya padha nglakoni panggawe becik, dadi sugih ing bab kabecikan, dhangan weweh lan memandumi

19temah padha nandho amal kang minangka pawitan kang prayoga kanggo ing tembe, supaya padha oleha urip kang sanyata.

20He, Timoteus, kang wus kapitayakake marang kowe iku reksanan. Paguneman kang tanpa isi lan kang ora suci sarta bebantahan-bebantahan kang asale saka kang diarani kawruh, iku singkirana.

21Amarga wis ana sawatara kang mulangake bab mau, satemah banjur padha nyimpang saka ing pracaya. Sih-rahmat nunggila ing kowe!



Download Audio MP3 (1 Timotius 6):
Mobile (Low Quality) - CD (High Quality)

 <<  1 Timotius 6 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel