Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Raja-raja 9 >> 

Sang Yehu jumeneng ratu ing Israel

1Kacarita Nabi Elisa nimbali salah sawijining nabi sarta dipangandikani: “Kowe sabukana, nggawaa guci isi lenga iki lan lungaa menyang ing Ramot-Gilead.

2Yen wus tekan ing kana, nggolekana Sang Yehu bin Yosafat bin Nimsi, nuli lumebua, wong iku konen ngadeg, ninggal kanca-kancane, banjur jaken mlebu ing kamar ing jero.

3Guci isi lenga iki tumuli, sokna ing mustakane lan matura: Makaten pangandikaning Pangeran Yehuwah: Sira wus Sunjebadi dadi ratu ing Israel! Sawuse mangkono ngengakna lawang, banjur lumayua aja ndadak mangu-mangu.”

4Nabi enom iku nuli mangkat menyang ing Ramot-Gilead.

5Satekane ing kana para panggedhening prajurit lagi padha nglumpuk. Wong mau tumuli matur: “Dhuh Bendara Senapati, punika wonten piweling kagem panjenengan!” Paring wangsulane Sang Yehu: “Kanggo sapa ing antarane iki?” Wangsulane: “Kagem panjenengan, dhuh Sang Senapati.”

6Sang Yehu banjur jumeneng lan lumebet ing dalem. Nabi enom mau nuli ngesok lenga ing mustakane Sang Yehu kalawan matur: “Makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah, Gusti Allahipun Israel: Sira wus Sunjebadi dadi ratuning umate Pangeran Yehuwah, yaiku bangsa Israel.

7Sira bakal mateni brayate gustinira Akhab lan kanthi patrap mangkono Ingsun malesake marang Izebel getihe para abdiningSun, para nabi iku, malah getihe sakehe abdining Sang Yehuwah.

8Brayate Akhab kabeh bakal sirna; lan Ingsun bakal numpes kulawargane Akhab kang lanang, kang pangkate dhuwur lan kang asor ana ing Israel.

9Sarta brayate Akhab bakal Sundadekake padha kaya brayate Yerobeam bin Nebat lan kaya brayate Baesa bin Ahia.

10Izebel bakal kapangan ing asu ana ing pakebonan ing sajabaning Yizreel lan ora ana wong kang ngubur.” Sawuse mangkono nabi mau banjur ngengakake lawang lan lumayu.

11Bareng Sang Yehu medal manggihi para abdining gustine, ana kang matur takon: “Kados pundi kabaripun? Punapa sababipun dene tiyang edan punika ndhatengi panjenengan?” Paring wangsulane: “Panjenengan sadaya sampun sami mirsa tiyangipun lan wicantenipun!”

12Nanging kabeh nuli matur: “Ah, ngapusi. Bok kula sami dipun ngandikani!” Sang Yehu banjur ngandika: “Wicantenipun dhateng kula mekaten: Sira wus Sunjebadi dadi ratu ing Israel.”

13Wong akeh mau tumuli padha njupuk sandhangane, dijereng mangkono bae ana ing undhak-undhakan, ing ngarsaning sampeyane Sang Yehu, sarta banjur padha ngunekake kalasangka lan alok-alok: “Sang Yehu jumeneng ratu!”

14Kaya mangkono anggone Sang Yehu bin Yosafat bin Nimsi sekuthon nglawan Sang Prabu Yoram. -- Anadene Sang Prabu Yoram dalasan wong Israel kabeh lagi padha jaga-jaga ana ing Ramot-Gilead, nglawan Sang Prabu Hazael, ratu ing nagara Aram.

15Nanging Sang Prabu Yoram piyambak wus kondur menyang ing Yizreel, supaya dijampenana anggone nandhang tatu awit saka panempuhe wong Aram sajrone perang karo Sang Prabu Hazael, ratu ing Aram. -- Sang Yehu ngandika: “Manawi panjenengan sampun sami sarujuk, sampun ngantos wonten tiyang ingkang oncat saking kitha lajeng suka sumerep bab punika dhateng Yizreel.”

Sang Prabu Yoram saha Sang Prabu Ahazia kasedanan

16Sawuse mangkono Sang Prabu Yehu nuli nitih kreta tindak menyang ing Yizreel, sabab Sang Prabu Yoram gerah ana ing kono. Uga Sang Prabu Ahazia, ratu ing Yehuda rawuh martuwi marang Sang Prabu Yoram.

17Nalika prajurit kang jaga ana ing panggung ing Yizreel sumurup wadya-balane Sang Prabu Yehu teka, nuli matur: “Kawula sumerep wadya-bala sabregada.” Sang Prabu Yoram banjur dhawuh: “Ngundanga prajurit jaranan siji, konen methukake lan takon: Punapa wilujeng?”

18Prajurit jaranan mau nuli mangkat methukake sarta takon: “Makaten pandangunipun Sang Prabu: Punapa wilujeng?” Paring wangsulane Sang Prabu Yehu: “Slamet? Iku dudu urusanmu! Mbalika bae, melua aku!” Prajurit kang jaga mau nuli ngaturi uninga: “Utusan sampun dumugi ing ngrika, nanging boten wangsul.”

19Sang Prabu tumuli utusan prajurit jaranan maneh. Bareng wis tekan banjur matur: “Makaten pandangunipun Sang Prabu: Wilujeng?” Sang Prabu Yehu mangsuli, pangandikane: “Slamet? Iku dudu urusanmu! Mbalika bae, melua aku!”

20Wong kang jaga mau banjur ngunjuki uninga: “Tiyangipun sampun dumugi ing ngrika, nanging boten wangsul! Wondene patraping anggenipun nggelak ing lampah kadosdene patrapipun Sang Yehu, wayahipun Sang Nimsi, amargi panggelakipun kados tiyang ewah.”

21Bareng mangkono Sang Prabu Yoram dhawuh: “Ngrakitana kreta!” Kretane nuli dirakiti. Sang Prabu Yoram ratu ing Israel banjur miyos lan Sang Prabu Ahazia, padha nitih kreta. Karone padha manggihi Sang Yehu, nuli kepanggih ana ing pakebonane Nabot, wong Yizreel.

22Nalika Sang Prabu Yoram mirsa Sang Yehu, tumuli ndangu: “Apa slamet, heh Yehu?” Wangsulane: “Kapriye bisane slamet, salawase ibumu Izebel isih ngingu sundel lan juru sikir kang kehe samono iku!”

23Sang Prabu Yoram tumuli enggal-enggal ngingerake kretane sumedya lumajeng kalawan ngandika marang Sang Prabu Ahazia: “Yehu cidra, Nakmas Ahazia!”

24Nanging Sang Yehu tumuli menthang gendhewane sarosane, Sang Prabu Yoram dilepasi panah, tumama ing antarane walikate lan tumembus ing jantunge, satemah banjur ambruk ana ing kretane.

25Sang Yehu nuli dhawuh marang Bidkar, panggedhening wadya-balane: “Angkaten jisime, buwangen ing kebone Nabot, wong Yizreel iku, amarga sumurupa, nalika aku lan kowe bebarengan nunggang jaran ndherekake Sang Prabu Akhab, ramane, Pangeran Yehuwah wus ndhawuhake bab paukuman iki marang panjenengane, pangandikane:

26Lah Ingsun mau bengi wus nguningani getihe Nabot lan getihe anak-anake, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah -- mulane Ingsun bakal mundhut pulihe marang sira ana ing pakebonan kene. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah. Mulane jisime angkaten lan buwangen ing pakebonan kene, nocogi pangandikane Pangeran Yehuwah.”

27Bareng Sang Prabu Ahazia, ratu ing Yehuda, mirsa kang mangkono iku, iya banjur lumajeng miyos ing dalan kang anjog ing Bet-Hagan, nanging banjur dibujeng dening Sang Prabu Yehu kalawan dhawuh: “Iku iya panahen!” Para prajurite nuli padha nglepasake panahe marang panjenengane ana ing kreta titihane, pinuju ana ing unggah-unggahan ing Gur ing sacedhake Yibleam. Sang Prabu Ahazia tumuli lumajeng ngungsi menyang ing Megido lan seda ana ing kono.

28Layone banjur kausung dening para abdine menyang Yerusalem, nuli disarekake ing pasareane piyambak, ing sandhinge para leluhure ana ing kuthane Sang Prabu Dawud.

29Anadene Sang Prabu Ahazia iku anggone jumeneng ratu ing Yehuda ing taun kang kaping sawelase jamane Sang Prabu Yoram, putrane Sang Prabu Akhab.

Sang Prameswari Izebel kasedanan

30Kacarita tindake Sang Prabu Yehu wus rawuh ing Yizreel. Bareng Sang Putri Izebel mireng bab iku, nuli celakan, mustakane direngga-rengga, banjur ngungak ing cendhela.

31Nalika iku Sang Prabu Yehu pinuju lumebet ing gapura. Sang Putri Izebel tumuli nguwuh: “Apa slamet, he Zimri, kang nyedani gustine iku?”

32Sang Prabu Yehu nuli tumenga marang ing cendhela mau sarta ngandika: “Sapa kang ngguyubi aku? Sapa?” Bareng ana punggawa kraton loro telu kang padha mandeng marang panjenengane, Sang Prabu Yehu tumuli dhawuh:

33“Jorogna mangisor!” Sang Putri banjur dijorogake mangisor, rahe nganti nyiprati tembok lan jaran, jisime nuli kaidak-idak.

34Sang Prabu Yehu tumuli lumebet sarta banjur dhahar lan ngunjuk. Sawuse mangkono panjenengane ngandika: “Wong kang kena ing laknat iku jisime urusen, tumuli kuburen, amarga iku putraning ratu!”

35Wong-wong banjur padha arep nyarekake layone, nanging jebul wus ora ana, mung kari mustaka, sampeyan lan epek-epeke astane loro-lorone.

36Banjur padha bali ngunjuki uninga bab iku marang Sang Prabu Yehu. Sang Prabu ngandika: “Pancen iya mangkono iku pangandikane Pangeran Yehuwah kang kawiyosake lumantar Nabi Elia, abdine, kang saka ing Tisbe iku: Daginge Izebel bakal dipangan asu ana ing pakebonan ing sajabane Yizreel;

37anadene jisime Izebel iku bakal dumunung ana ing pakebonan ing sajabane Yizreel kaya dene rabuk ing pategalan, satemah ora ana wong kang bisa ngarani: Iki Sang Putri Izebel.”



 <<  2 Raja-raja 9 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel