Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Tawarikh 16 >> 

Prajanjiane Sang Prabu Asa karo Aram

1Ing taun kang kaping telung puluh eneme paprentahane Sang Prabu Asa, Sang Prabu Baesa, ratu ing Israel nglurug perang nglawan Yehuda. Kutha Rama disantosani kanggo nyegah mlebu metune wong marang ing wewengkone Sang Prabu Asa, ratu ing Yehuda.

2Sang Prabu Asa banjur ngedalake emas lan selaka saka ing pasimpenaning padalemane Pangeran Yehuwah lan saka ing pasimpenaning kedhaton, dikintunake marang Sang Prabu Benhadad, ratu ing Aram, kang ngedhaton ana ing Damsyik kalawan pangandikane:

3“Kula kaliyan panjenengan rak ngawontenaken prajanjian, makaten ugi rama kula kaliyan ingkang rama. Punika kula ngintunaken jene kaliyan selaka dhumateng panjenengan. Sumangga, kula aturi mbatalaken prajanjian panjenengan kaliyan Baesa, ratu ing Israel, supados mundur saking wewengkon kula.”

4Sang Prabu Benhadad karsa minangkani pamundhute Sang Prabu Asa banjur dhawuh marang para tetindhihing wadya-bala supaya padha nempuh kutha-kutha Israel. Iku nuli padha ngalahake Iyon, Dhan, Abel-Maim lan sakehe papan pasimpenan ing kutha-kutha ing Naftali.

5Bareng Sang Prabu Baesa midhanget bab iku, banjur kendel anggone nyantosani kutha Rama, medhot padamelane.

6Sang Prabu Asa nuli ngerigake wong Yehuda kabeh kadhawuhan ngangkati watu lan kayu kang diagem Sang Prabu Baesa kanggo nyantosani kutha Rama. Iku padha diagem Sang Prabu Asa kanggo nyantosani Geba lan Mizpa.

7Ing nalika iku Hanani, wong sidik, sowan marang ing ngarsane Sang Prabu Asa, ratu ing Yehuda, lan munjuk: “Ing sarehne panjenengan dalem sumendhe dhateng ratu ing Aram, boten dhateng Pangeran Yehuwah, Gusti Allah dalem, milanipun wadya-bala ing Aram oncat saking asta dalem.

8Balanipun tiyang Etiopia saha Libia rak kathah, karetanipun saha balanipun kapalan rak kathah sanget? Ewasamanten sami kaulungaken dening Pangeran Yehuwah dhateng ing asta dalem, amargi panjenengan dalem sumendhe dhateng Panjenengipun.

9Awit paningaling Yehuwah punika ndlajahi ing salumahing bumi prelu badhe ngluberaken pangwaosipun dhateng para tiyang ingkang kaliyan terusing manah madhep dhateng ing Panjenenganipun. Gegayutan kaliyan bab punika panjenengan dalem sampun tumindak tanpa budi, milanipun wiwit ing sapunika panjenengan dalem badhe tansah ngalami peperangan.”

10Sang Prabu Asa banjur gerah ing panggalih, marga saka ature wong sidik mau, wong iku nuli dilebokake ing pakunjaran, awit Sang Nata banget dukane marang wong mau jalaran saka anggone munjuk mangkono mau. Ing nalika samana Sang Prabu Asa uga nganiaya wong sawetara panunggalane rakyat.

11Anadene riwayate Sang Prabu Asa wiwit wiwitan nganti tekan wekasan iku rak katulisan ana ing buku bab para ratu ing Yehuda lan ing Israel.

12Ing taun kang kaping telung puluh sangane paprentahane, Sang Prabu Asa nandhang gerah sampeyan kang banjur saya banget. Nanging sajroning gerah iku ora ngupaya pitulunganing Yehuwah, nanging pitulungane para dhukun.

13Sang Prabu Asa nuli kepareng ngaso nunggil karo para leluhure. Sedane ing taun kang kaping patang puluh sijine paprentahane,

14sarta banjur kasarekake ing astana kang wus kayasa kagem panjenengane ana ing kuthane Sang Prabu Dawud. Wong-wong anggone padha nyarekake ana ing pasarean kang dikebaki anggi-anggi lan sawernane adon-adon kang dicampur miturut carane nyampur adon-adon, tumuli ngurubake geni kang gedhe banget minangka pakurmatan.



 <<  2 Tawarikh 16 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel