Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Tawarikh 8 >> 

Sakehe pambudidayane Sang Prabu Suleman

1Bareng wis rong puluh taun, sarampunge anggone yasa Padalemaning Yehuwah lan kratone piyambak,

2Sang Prabu Suleman banjur nyantosani kutha-kutha kang dipasrahake dening Sang Prabu Huram marang panjenengane, sarta dhawuh marang wong Israel supaya padha manggon ing kono.

3Sang Prabu Suleman nuli nglurug menyang ing Hamat-Zoba, kang banjur ditelukake.

4Sawuse mangkono Sang Nata nyantosani Tadmor kang ana ing pasamunan lan sakehe kutha pasimpenan, kang kaedegake ana ing Hamat.

5Uga Bet-Horon Tengger lan Bet-Horon Lebak disantosani kadadekake kutha beteng kang kinubengan ing tembok, mawa gapura lan slarak,

6lan uga Baalat sarta sakehe kutha pasimpenan kagungane Sang Prabu Suleman, sakehe kutha panggonane wadya-bala kretan tuwin kutha-kutha panggonane wadya-bala jaranan lan apa bae kang dikarsakake dening Sang Prabu Suleman supaya didegake ana ing Yerusalem, ing gunung Libanon, utawa ing sakehe nagara kang dikwaosi.

7Sakehe kekarene panunggalane wong Het, wong Amori, wong Peris, wong Hewi lan wong Yebus, kang ora kagolong Israel,

8yaiku turune para bangsa kang isih padha manggon ana ing nagara kono, kang ora kasirnakake dening wong Israel iku padha diklempakake dening Sang Prabu Suleman, kadadekake wong nyangga karya; kaya mangkono iku nganti saprene.

9Nanging wong Israel ora ana kang diparingi pagaweaning budhak, iku padha dadi prajurit, dadi panggedhening wadya-bala jaranan lan dadi senapatining wadya-bala kretan sarta wadya-bala jaranan.

10Iki para punggawa kang dhuwur dhewe, abdine Sang Prabu Suleman: rong atus seket cacahe kang padha mbawahake rakyat.

11Sang Prabu Suleman banjur mindhah putri, putrane Sang Prabu Pringon, saka ing kuthane Sang Prabu Dawud menyang ing daleme anggone ngyasakake, awit pangandikane: “Garwaningsun aja nganti ana kang manggon ing kratone Rama Dawud, ratu ing Israel, amarga panggonan-panggonan kang wus dileboni ing pethine Pangeran Yehuwah iku suci.”

12Sang Prabu Suleman nuli ngunjukake kurban-kurban obaran marang Pangeran Yehuwah ana ing misbyahing Yehuwah kang wus kaadegake ana ing sangarepe srambining Padaleman Suci,

13cundhuk karo apa kang manut dhawuhe Nabi Musa katetepake dadi kurban dinan, kurban ing dina Sabat, ing sasi anyar, lan setaun kaping telu ing dina riyaya, yaiku: ing dina riyaya Roti Tanpa Ragi, ing dina riyaya Pungkasaning Pitung Minggu lan ing dina riyaya Tancebing Tarub,

14lan manut tatanane Sang Prabu Dawud, kang rama, golongan-golonganing para imam padha kaparingan kawajibane dhewe-dhewe, dene para wong Lewi padha pinaringan kawajiban ngidungake pepujian lan ngladeni marang para imam, iku saben dina manut kang ketetepake ing dina iku, sarta uga para jaga gapura tumrap golongan-golongane kanggo saben gapura. Amarga mangkono dhawuhe Sang Prabu Dawud, abdining Allah.

15Wong-wong padha ora nyimpang saka ing dhawuhe Sang Prabu ing bab para imam lan para wong Lewi sarta ing bab apa bae, uga ing bab barang-barang.

16Ing kono pakaryane Sang Prabu Suleman wus rampung, wiwit dina pamasanging dhasare padalemane Pangeran Yehuwah nganti ing dina rampunging padaleman iku. Kaya mangkono banjur wus rampung padalemaning Yehuwah.

17Sang Prabu Suleman tumuli tedhak menyang ing Ezion-Geber lan menyang ing Elot, kang ana ing pinggir sagara, ing tanah Edom.

18Sang Prabu Huram utusan para abdine ngintuni prau-prau kapal marang panjenengane lan abdi-abdi kang mangreti bab sagara. Iku padha bebarengan karo para abdine Sang Prabu Suleman menyang ing tanah Ofir; ana ing kono padha njupuk emas patang atus seket talenta, kang banjur kacaosake marang Sang Prabu Suleman.



 <<  2 Tawarikh 8 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel