Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Timotius 3 >> 

Kaananing manungsa ing wekasaning jaman

1Sumurupa, yen ing dina-dina wekasan bakal ana mangsa kang rekasa.

2Wong akal padha mung mikir marang awake dhewe lan karem bandha. Bakal padha gumunggung, lan mamerake dhiri pribadi, bakal dadi tukang mitenah, bakal wani karo wong tuwa sarta ora duwe panarima, ora mreduli marang agama,

3ora bisa atindak tresna, ora gelem rukun, seneng ngala-ala wong, ora bisa ngendhaleni dhiri, ambek siya, ora dhemen marang kang becik,

4seneng cidra, ora mulur budine, kumenthus, milaur nuruti pakareman katimbang karo manut marang Gusti Allah.

5Anggone padha nindakake pangibadah mung laire bae, nanging lugune padha ora nganggep marang sawabe. Dohana wong-wong kang kaya mangkono iku!

6Sabab ing antarane wong-wong iku ana kang padha nylinthut lumebu ing omahe wong liya lan mbebujuk wong-wong wadon kang ringkih kang kabotan dosa sarta kang kawengku ing pepenginan marupa-rupa,

7kang ora tau sumurup maran kayekten sanadyan tansah kapengin kawulang.

8Padha kaya Yanes lan Yambres anggone nglawan marang Nabi Musa, mangkono uga wong-wong mau padha nglawan marang kayekten. Pikirane bobrok, lan pracayane ora tahan suwe.

9Nanging wis mesthi yen wong-wong mau ora bakal padha bisa tulus, amarga kayadene Yanes lan Yambres, samono uga kabodhoane wong-wong mau bakal luwih dening cetha tumrap wong kabeh.

Thukuling pracaya sajroning panganiaya lan marga saka maca Kitab Suci

10Nanging kowe wis ngandhemi piwulangku, caraku urip, panemu-panemuku, pracayaku, kasabaranku, katresnanku lan tumemenku.

11Kowe wis melu nandhang panganiaya lan sangsara kaya kang wis dakrasakake ana ing kutha Antiokhia, ing Ikonium lan ing Listra. Sakehing panganiaya iku daklakoni lan Gusti wis ngluwari saka iku kabeh.

12Pancen saben wong kang nedya urip kalawan nindakake pangibadah ing sajroning Sang Kristus Yesus, iku bakal nandhang panganiaya.

13Dene wong ala lan culika iku bakal saya wuwuh alane, padha disasarake lan nasarake.

14Nanging kowe tetepa nggondheli ing kayekten kang wus koktampani lan kokyakini, kalawan tansah elinga marang wong kang wus mulangake bab iku marang kowe.

15Elinga uga, yen wiwit cilik kowe wus wanuh karo Kitab Suci, kang bisa ngolehake kawicaksanan marang kowe lan nuntun kowe marang karahayon marga saka pracaya marang Gusti Kristus Yesus.

16Sakehing tulisan kang diwangsitake dening Gusti Allah iku pancen migunani kanggo memulang, kanggo melehake, kanggo mbangun wewatekan tuwin kanggo nggulawenthah ing sajroning kayekten.

17Marga saka mangkono saben wong kagungane Gusti Allah iku disamektani kanggo nindakake samubarang kang becik.



Download Audio MP3 (2 Timotius 3):
Mobile (Low Quality) - CD (High Quality)

 <<  2 Timotius 3 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel