Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Ayub 14 >> 

Yen wus mati, wus ora ana pangarep-arep maneh

1“Manungsa ingkang lair saking tiyang estri, celak umuripun, tuwuk ing kasisahan,

2mekar kadosdene sekar lajeng alum, icalipun kados wewayangan, boten saged lestantun.

3Punapa inggih Paduka badhe karsa mirsani tiyang ingkang kados makaten punika saha badhe Paduka tarik dhateng ing pangadilan Paduka?

4Punapa nate wonten tiyang resik katuwuhaken dening tiyang jember? Satunggal kemawon temtu boten wonten!

5Ingkang punika sarehning umuripun manungsa sampun kapesthekaken watesipun, tuwin cacahing wulanipun sampun Paduka temtokaken, punapa dene wates-watesipun sampun Paduka tetepaken, satemah boten saged kalangkahan,

6mila Paduka mugi karsa nilar mengo, supados piyambakipun saged aso, satemah saged ngraosaken nikmating dintenipun kados tiyang berah.

7Amargi tumraping wit-witan taksih wonten pangajeng-ajengipun; manawi kategor, medal trubusipun malih, ingkang nunten gesang ing salajengipun.

8Sanadyan oyodipun dados sepuh wonten ing salebeting siti, sarta tunggakipun ngantos pejah dumunung ing lebu,

9ewasemanten angger mambet toya, mesthi semi sarta medal pangipun ingkang dados taneman enggal.

10Nanging manawi tiyang nemahi pejah sampun boten gadhah daya kakiyatan malih; manungsa manawi sampun pejah, tiyang wau lajeng wonten ing pundi?

11Kadosdene toyanipun tlaga ingkang nguwab tuwin lepen ingkang asat saha pejah,

12makaten ugi manungsa inggih ambruk, saha boten tangi malih, ngantos dumugi sirnanipun langit sami boten tangi utawi ginugah anggenipun tilem.

13Iba begja kawula saupami Paduka karsa ngumpetaken kawula wonten ing teleng palimengan; manawi Paduka karsa ngaling-alingi kawula ngantos sasirepipun bebendu Paduka sarta saupami Paduka karsa paring wangenan lajeng Paduka enget dhumateng kawula!

14Manungsa manawi sampun pejah, punapa saged gesang malih? Manawi makaten kawula gadhah pangajeng-ajeng salaminipun kawula nglampahi kangelan, ngantos dumugi ing giliran kawula.

15Paduka lajeng badhe nimbali kawula, saha kawula badhe ngunjuki wangsulan; Paduka badhe kangen dhateng pakaryaning asta Paduka.

16Paduka lajeng boten badhe nggatosaken dosa kawula, sanadyan Paduka mical jangkah kawula,

17panerak kawula lajeng sami kalebetaken ing kanthong ingkang kasegel, sarta Paduka badhe nutupi rapet kalepatan kawula.

18Nanging kadosdene redi ingkang jugrug lajeng ajur, saha parang ingkang pindhah panggenan,

19tuwin kadosdene toya ingkang nggripisaken sela, sarta santering ilinipun ngentiraken lebuning siti, inggih kados makaten anggen Paduka nglebur pangajeng-ajenging manungsa.

20Manungsa Paduka wisesa salaminipun lajeng kesah, Paduka ewahi rainipun lajeng Paduka tundhung;

21boten nyumerepi anggening anakipun sami angsal kadrajatan, utawi sami dhawah ing kanisthan inggih boten dipun mangretosi.

22Namung badanipun ingkang njalari piyambakipun nandhang perih, saha margi saking piyambakipun piyambak, nyawanipun nandhang sedhih.”



 <<  Ayub 14 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel