Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Ayub 15 >> 

Elifas nerangake yen wong duraka bakal nemu karusakan

1Elifas wong Teman banjur mangsuli, celathune:

2“Wong kang wicaksana apa mangsuli kalawan kawruh kang tanpa isi, sarta ngiseni pikirane kalawan angin?

3Apa iya anggone srengen iku kalawan tetembungan kang tanpa guna, lan kalawan ujar kang ora maedahi?

4Karodene kowe ngorakake pangabekti marang Gusti Allah, sarta ngurangi wedi-asihmu marang Gusti Allah.

5Kaluputanmu kang mulang tutukmu tuwin basane wong culika kang kokpilih,

6tutukmu dhewe kang ngluputake kowe, dudu aku; lambemu dhewe kang melehake kowe.

7Apa lairmu dadi manungsa kawitan? Anggonmu katitahake apa sadurunge ana gunung?

8Apa kowe krungu pepesthening Allah, lan apa kowe ngrayud kawicaksanan kanggo awakmu dhewe?

9Kowe sumurup apa, kang ora daksumurupi, kowe mangreti apa, kang ora cetha tumraping aku?

10Panunggalanmu ana kang wus uwanen, sarta kang wus tuwa banget, ngungkuli bapakmu.

11Apa panglipuring Allah iku sepele tumraping kowe, tuwin pitutur kang alus kang tumanduk marang kowe iku apa karemehen?

12Yagene kowe kok kablingerake dening rasane atimu, sarta mripatmu kok mancereng,

13satemah atimu banjur dadi nglawan marang Gusti Allah. tuwin tutukmu ngwetokake tetembungan kang kaya mangkono?

14Manungsa iku mangsa yen suci, lan mangsa yen asipat bener kang lair saka wong wadon iku!

15Lah para abdine kang suci padha ora dipracaya, sarta langit dipirsani ora mulus resike,

16mendahane maneh wong kang jember tuwin awatek dursila kang nyruput duraka kaya banyu.

17Kowe dakkandhani, rungokna! Apa kang wus dakdeleng bakal dakcritakake,

18yaiku kang dipratelakake dening para wicaksana kang anggone sumurup saka para leluhure ora nganggo digawe wadi,

19nalika nagara mung kaparingake marang wong-wong mau, lan ora ana wong manca kang lumebu ing kono.

20Wong duraka nandhang giris sajege urip, wong kang ambek siya iya mangkono uga ing sajroning taun-taun kang cinadhangake.

21Swara-swara kang nggegirisi tumama ing kupinge, ing mangsa tentrem dheweke ketekan juru pangrusak.

22Wus ora duwe pangarep-arep yen bisa metu saka ing pepeteng, wus pinesthi dadi pakaning pedhang;

23nglembara golek pangan, embuh menyang ngendi. Dheweke sumurup, manawa bakal ngalami dina pepeteng.

24Atine kagawe giris dening kasangsaran lan karupekan, kang ngebyuki kayadene raja kang wus samekta ing perang,

25awit ngathungake tangane sumedya nglawan marang Gusti Allah, tuwin mbalela marang Kang Mahakuwasa,

26kalawan ndegeg anggone enggal-enggal mapagake Panjenenge, kambi nggawa tameng-tamenge kang kalapis-lapis kandel.

27Raine wus kablonyo ing gajih, lan bangkekane dietrapi ing sabuk gajih lelapisan;

28banjur ngenggoni kutha-kutha kang wus gempur, lan omah-omah kang ora kena dienggoni ing wong, kang cinadhangake dadi jugrugan.

29Dheweke ora bakal dadi sugih sarta raja-darbeke ora tulus, tuwin barang-barange ora wuwuh ana ing bumi,

30bakal ora bisa oncat saka ing pepeteng, trubus-trubusane bakal garing kena panasing geni, tuwin dheweke bakal kasirnakake dening napasing tutuke.

31Wong mau aja ngandel marang bab-bab kang tanpa isi, amarga bakal kapusan, awit oleh-olehane iya tanpa paedah.

32Sadurunge titi-mangsane banjur wus mati, sarta pang-pange ora bakal bisa seger.

33Kayadene wit anggur kang gogrog wohe, lan kaya wit jaitun kang gogrog kembange.

34Awitdene golonganing wong duraka ora bakal ngetokake woh, sarta tarub-tarube wong kang nampani besel bakal kamangsa ing geni.

35Iku padha meteng kasusahan lan nglairake piala, sarta atine ngandhut goroh.”



 <<  Ayub 15 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel