Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Ayub 22 >> 

Elifas mrayogakake Ayub supaya mratobat

1Elifas, wong Teman banjur mangsuli, pangucape:

2“Manungsa iku apa maedahi tumrap Gusti Allah? Ora, wong kang nduweni akal-budi iku mung migunani tumrap awake dhewe.

3Manawa kowe bener apa ana paedahe tumrap Kang Mahakuwasa, utawa manawa uripmu iku utama, apa Panjenengane angsal kauntungan?

4Apa marga saka pangabektimu anggonmu kasiksa lan kaparakake marang ing pangadilan dening Panjenengane?

5Rak marga saka gedhening pialamu lan tanpa wilangan kaluputanmu?

6Awit kalawan sawenang-wenang anggonmu nampani gadhen saka sadulur-sadulurmu, lan ngrampas sandhangane para wong miskin.

7Wong kang ngelak ora kokwenehi ngombe, wong kang keluwen ora kokwenehi mangan,

8nanging wong kang santosa iku kang nduweni bumi, lan wong kang luhur-luhur iku kang ngenggoni.

9Randha-randha padha koktundhung nglenthung lan baune bocah-bocah lola padha kokremuk.

10Mulane kowe kinalang-kalang ing kala, tuwin dadakan tinempuh ing pagiris.

11Padhangmu dadi peteng satemah kowe ora bisa ndeleng, lan banjur kleleb ing banjir.

12Gusti Allah rak lenggah ing langit kang dhuwur? Delengen ta lintang-lintang kang dhuwur dhewe, iba-iba dhuwure!

13Nanging ujarmu: Gusti Allah mirsa apa? Apa Panjenengane saged ngadili saka ing sadhuwure mega-mega kang peteng?

14Panjenengane kalimputan ing mega satemah ora bisa mirsani; Panjenengane ameng-ameng ing cakrawala.

15Apa kowe arep tetep lumaku ing dalan kang lawas, kang diambah dening para wong ala,

16kang wus padha sinendhal sadurunge mangsa, kang bumine larud kebanjiran,

17kang padha duwe ujar marang Gusti Allah: Sumingkira saka ing aku, Kang Mahakuwasa bisa ngapakake aku?

18Ewasamono iya Panjenengane iku kang ngebaki omahe kalawan samubarang kang becik -- nanging rancangane wong duraka iku adoh saka ing aku.

19Para wong mursid padha ndeleng lan padha bungah; sarta wong kang tanpa kaluputan padha moyoki, calathune:

20Sanyata, satruku wus tumpes, lan apa kang katinggal wus entek kamangsa ing geni.

21Dirukun kalawan Gusti Allah supaya kowe tentrem; sarana mangkono kowe bakal oleh kabegjan.

22Tampanana piwulanging lesane, tuwin pangandikane simpenen ing sajroning atimu.

23Manawa kowe mratobat marang Kang Mahakuwasa lan ngesorake dhiri; manawa kowe ngedohake piala saka ing tarubmu,

24mbuwang wiji emas ing lebu emas Ofir ing satengahing watu-watu ing kali,

25tuwin manawa Kang Mahakuwasa iku dadi tumpukanmu emas lan salakamu kang endah,

26ing kono kowe mesthi ngrasakake kasenengan marga Kang Mahakuwasa tuwin bakal tumenga marang Gusti Allah.

27Manawa kowe ndedonga marang Panjenengane, mesthi disembadani, sarta kowe bakal ngluwari ujarmu.

28Manawa kowe mutus arep nindakake sawijining bab, mesthi bakal kelakon kekarepanmu lan dalan-dalanmu bakal kasunaran ing cahyaning pepadhang.

29Amarga Gusti Allah iku ngesorake wong kang angkuh nanging ngganjar karahayon marang wong kang tumungkul.

30Wong kang ora kaluputan bakal dipitulungi, mangkono uga anggonmu kapitulungan iku marga saka resiking tanganmu.”



 <<  Ayub 22 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel