Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Ayub 24 >> 

Gusti Allah iku kaya-kaya ora mreduli marang piala

1“Yagene wektune pangadilan ora kapesthekake dening Kang Mahakuwasa? Yagene wong kang ngabekti ora sumurup ing dinane pangadilan?

2Ana wong kang padha ngowahi watesing palemahan, kang ngrampas pepanthan kewan banjur diengon dhewe.

3Kuldine bocah lola diinggatake lan sapine wadon randha digadhe.

4Wong miskin padha disingkang-singkang, wong kesrakat ing sajroning nagara kepeksa padha ndhelik kabeh.

5Lah kaya kuldi alas ing ara-ara samun anggone padha metu arep nyambut gawe golek pangan ing tanah bera kanggo anak-anake.

6Ana ing pategalan padha njupuki panganing kewan, lan ana ing kebone anggur wong duraka padha methiki woh kekarene.

7Padha nginep kalawan wuda, amarga ora duwe sandhangan, sarta ora duwe kemul ing wektu adhem;

8padha klebus marga saka deresing udan ing pagunungan, lan sarehne ora ana papan kanggo ngeyub, banjur kepeksa ndhepipis ing parang.

9Ana kang ngrebut bocah yatim saka ing susune biyunge, sarta nggadhe bayine wong miskin.

10Padha klambrangan kalawan wuda, tanpa sandhangan, lan padha mikul gedheng-gedhengan gandum kalawan keluwen.

11Padha mipit lenga ana ing antarane kebon rong guthek padha ngiles-iles pamipitan anggur kalawan kasatan.

12Padha krungu panggluruhe wong-wong kang wis meh mati saka ing kutha, lan panjeriting wong-wong kang nandhang tatu, nanging Gusti Allah ora miyarsakake pandongane.

13Ana maneh golongan kang nyatru marang pepadhang kang ora sumurup marang margining Allah lan ora tetep ngambah ing lelurung pitedahe.

14Sadurunge wayah bangun esuk durjana tumandang mateni wong kesrakat lan wong miskin, dene yen bengi tumindake kaya maling.

15Wong kang laku jina ngenteni wayah repet-repet, awit pamikire: Aku aja nganti kaweruhan ing wong; banjur raine dikudhungi.

16Samangsa peteng padha mbabah omah, yen awan padha ndhelik, ora gelem ndeleng pepadhang,

17awit tumraping wong-wong iku peteng iku esuk, lan wus padha kulina marang peteng ndhedhet kang nggegirisi.

18Padha keli ana ing lumahing banyu, bageane kang ana ing bumi kena ing ipat-ipat; padha ora menyang ing pakebonane anggur maneh.

19Banyuning salju kasirnakake dening ketiga ngerak lan panasing srengenge, kaya mangkono uga tumindaking jagading wong mati marang wong kang nglakoni dosa,

20wus ora dielingi dening guwa-garbaning biyung, dikrikiti ing eset ora ana kang ngelingi, dadine duraka iku tinugel kaya wit-witan.

21Wong kang ngrayah darbeke wong gabug kang ora duwe anak, lan ora gawe becik marang randha,

22malah wong-wong prakosa padha disered kalawan kakuwatane; iku tangi maneh, mangka uripe ora ana kang dijagakake.

23Gusti Allah maringi katentreman kang dadi gondhelane, lan mirsani salakune.

24Mung sadhela anggone padha sumengka nganti dhuwur nanging banjur wus ora ana. Padha diesorake nuli dadi alum kaya samubarang kabeh, tumuli pinunggel kaya pucuking dami.

25Manawa ora mangkono anane, sapa kang wani madoni aku lan ngapesake tembungku?”



 <<  Ayub 24 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel