Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Ayub 27 >> 

Wong duraka iku tanpa pangarep-arep

1Ayub mbacutake andharane, tembunge:

2“Demi Allah kang ora paring kaadilan marang aku lan demi Kang Mahakuwasa kang nandukake pait-getir marang nyawaku,

3salawase ambekanku durung suda, sarta napas kang saka ing Gusti Allah isih ana ing irungku,

4lambeku sanyata ora bakal ngucapake kang dora lan ilatku ora bakal nglairake kaculikan.

5Aku babar pisan ora mbenerake kowe! Nganti aku mati aku tetep ngukuhi, yen aku ora luput.

6Kabeneranku dakgondheli kenceng, lan ora bakal dakeculake; atiku ora bisa nacad dinane uripku siji-sijia.

7Mungsuhku cikben ngrasakake kaya wong duraka, lan wong kang nglawan marang aku kaya wong culika.

8Awit apa ta pangarep-arepe wong duraka, manawa Gusti Allah munggel lan mundhut uripe?

9Apa Gusti Allah bakal midhangetake panjerite, manawa ketaman ing karupekan?

10Apa bisa seneng-seneng marga saka Kang Mahakuwasa sarta tansah nyebut marang Gusti Allah?

11Aku arep nyumurupake marang kowe bab astaning Allah, apa kang dikarsakake dening Kang Mahakuwasa ora bakal daksidhem.

12Sabenere kowe kabeh wus padha nyumurupi dhewe; yagene kowe padha mikir kang ora-ora?

13Yaiki pandumane wong duraka kang katemtokake dening Gusti Allah, lan ganjarane wong ambek-siya peparinge Kang Mahakuwasa:

14manawa anake dadi akeh padha dadi pakaning pedhang sarta anak-putune bakal kekurangan pangan.

15Dene kang isih urip bakal mudhun marang kluwat marga saka pageblug, ora kalawan ditangisi dening randhane.

16Manawa numpuk bandha kehe nganti kaya lebu, lan numpuk sandhangan nganti kaya lempung,

17sanadyan dheweke kang numpuk, nanging kang nganggo wong kang bener, sarta wong kang ora salah kang bakal ngedum-edum dhuwite iku.

18Anggone ngedegake omah kaya jaringing kemangga, kaya gubug gaweane tukang jaga.

19Anggone nggleyeh kaya wong sugih, nanging iku ora bakal kelakon maneh, bareng ngelekake mripate, samubarang kabeh wus ora ana.

20Wong mau tinempuh ing pagiris kayadene panempuhing banjir, ing wayah bengi kagawa kabur ing prahara,

21kabandhang dening angin wetan nganti sirna, kabuncang saka ing panggonane.

22Binenturan dening Allah tanpa welas, kalawan gugup anggone ngoncati astane.

23Dikeploki ing wong akeh sarta disingsoti saka ing papan panggonane.”



 <<  Ayub 27 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel