Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Ayub 35 >> 

Gusti Allah nggatosake kasangsaraning manungsa

1Elihu banjur mbacutake calathune:

2“Apa iki kang kokanggep adil lan anggonmu calathu: kabeneranku ana ing ngarsane Gusti Allah,

3karodene pitakonmu kang mangkene: Iku maedahi apa marang aku? Apa kaluwihanku yen katimbang karo anggonku nglakoni dosa?

4Aku kang bakal mangsuli kowe lan para mitramu pisan:

5Mara tumengaa marang ing langit, delengen mega-mega kang ngungkuli kowe iku!

6Manawa kowe kang nglakoni dosa iku kowe arep tumindak apa ana ing ngarsane? Manawa panerakmu akeh, iku kowe nglakoni apa ana ing ngarsane?

7Manawa kowe tumindak bener, iku kowe ngolehake Panjenengane apa, utawa Panjenengane tampi apa saka kowe?

8Mung wong kang kaya kowe iku kang kapitunan marga saka durakamu lan mung anake manungsa kang oleh kauntungan marga saka kabeneranmu.

9Wong ngadhuh-adhuh iku marga saka kaebyukan ing panganiaya, sambat-sambat marga saka panindhese para wong kang kwasa;

10nanging wong ora takon: Ana ing ngendi Gusti Allah kang nitahake aku, lan kang paring kidung pamuji ing wayah bengi;

11kang maringi kita akal-budi ngungkuli kewan ing bumi, lan kawicaksanan ngungkuli manuk ing awang-awang?

12Ing kono wong padha sesambat, nanging Panjenengane ora paring wangsulan, marga saka gumunggunge para wong ala.

13Sanyata pasambat kang tanpa isi iku ora dipiyarsakake dening Gusti Allah lan ora dipreduli dening Kang Mahakwasa.

14Saya maneh yen kowe calathu, manawa kowe ora ndeleng Panjenengane, manawa prakaramu wus katur ing ngarsane,

15lan kowe kudu ngenteni karampungane! Nanging saiki: marga dukane ora ndhawahake paukuman lan Panjenengane ora pati mreduli marang panerak,

16Ayub banjur muni-muni kang tanpa guna, sarta crewet, kang tanpa teges.”



 <<  Ayub 35 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel