Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Ayub 36 >> 

Wong kaganjar kasangsaran iku supaya mratobat

1Elihu calathu maneh, tembunge:

2“Sing sabar sadhela engkas, kowe arep dakwulang, awit isih ana kang arep dakkandhakake atas asmane Gusti Allah.

3Aku arep ngetokake kawruhku kang muluk-muluk sarta mbenerake kang nitahake aku;

4awit sanyata ora goroh tembungku, kang arep-arepan karo kowe iki wong kang sampurna kawruhe.

5Sumurupa, Gusti Allah iku prakosa, nanging ora ana barang kang karemehake, prakosane iku ing bab kakuwataning akal-budi.

6Wong duraka ora padha dilestarekake urip, nanging wong kang sangsara padha kaparingan kaadilan.

7Panjenengane ora menga-mengo anggone mirsani marang wong bener, nanging iku salawas-lawase padha kaparingan papan sandhing para raja ana ing dhampar, satemah padha linuwih kaluhurane.

8Manawa padha kablenggu kalawan rante tinalen ing kasangsaran,

9Gusti Allah banjur ngengetake marang panggawene lan panerake, yaiku anggone gumunggung

10sarta nuli kupinge kawengakake supaya bisa nampani piwulang, tuwin dhawuh supaya padha ngungkurake piala.

11Manawa padha ngrungokake kalawan sumuyud, uripe bakal sinandhangan ing kabegjan ing salawase, sarta mukti nganti tekan ing wekasaning taune.

12Ewasamono manawa padha ora ngrungokake mesthi bakal padha mati kena ing tumbak sarta sirna ing sajroning kabodhoane.

13Para wong kang atine duraka iku padha nyimpen bebendu; lan ora gelem sesambat manawa kablenggu dening Panjenengane;

14nyawane sirna sajrone isih enom, uripe cuthel durung wancine.

15Wong sangsara diuwalake sarana sangsara, kupinge kawengakake sarana panindhes.

16Kowe uga karimuk bisane metu saka ing karupekan menyang ing papan kang omber kang sepi ing panindhes, marang meja kang swasanane tentrem lan kang kebak pangan kang nggajih.

17Nanging kowe wus samesthine tampa kabeh paukumane wong duraka, kowe kacengkerem dening paukuman lan kaadilan;

18panasing ati aja nganti mbujuk kowe supaya memada, lan gedhening panebus aja nganti nasarake kowe.

19Apa kasugihanmu bisa nguwalake kowe saka ing karupekan, utawa sakehing kakuwatan anggonmu rekasa?

20Aja cecengklungen marang bengi wancine para bangsa padha lunga saka ing papan padunungane.

21Kowe sing ngati-ati aja nganti madhep marang piala amarga iya iku kang njalari kowe kacoba dening sangsara.

22Sanyatane Gusti Allah iku luhur pangwasane, endi ana guru kang madhani Panjenengane?

23Sapa kang nemtokake margine, lan sapa kang wani munjuk: Paduka sampun tumindak boten adil?

24Elinga manawa kowe kudu ngluhurake pakaryane, kang tansah dikidungake dening manungsa.

25Kabeh wong padha ndeleng, anggone mandeng saka ing kadohan.

26Sanyata Gusti Allah iku agung, ora kena kagayuh kalawan kawruh kita, cacahing taune ora bisa kasumurupan.

27Tetes-tetesing banyu katarik munggah, lan mancur dadi udan awor pedhut,

28kaesokake dening mendhung ing awang-awang kasiramake marang wong akeh.

29Apa ana wong kang mangreti jumerenging mendhung lan swara gumuruh kang ana ing padalemane?

30Lah Panjenengane nggelar pepadhange ing sakubenge lan ngemuli dhasaring sagara.

31Awitdene iku margane anggone ngadili para bangsa lan anggone paring pangan nganti luber.

32Astane sakarone kasingeban ing kilat kang kadhawuhan nyamber kang kudu tinempuh.

33Suraking perang martakake rawuhe yaiku manawa banget-banget anggone merangi kadurakan kalawan bebendu.”



 <<  Ayub 36 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel