Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Ayub 39 >> 

1(39-4) Sira apa sumurup wancine wedhus gunung duwe anak, utawa apa namatake menjangan anggone nglarani?

2(39-5) Apa sira bisa ngetung pirang sasi anggone meteng sarta apa bisa nyumurupi ing eleke?

3(39-6) Anggone nglairake anake, kalawan njengking lan banjur ngetokake isining guwa-garbane.

4(39-7) Anake padha dadi rosa lan gedhe ana ing ara-ara, padha lunga lan ora bali marang embokne.

5(39-8) Sapa kang ngumbar kuldi alasan, utawa sapa kang nguculi dhadhunge kuldi ing ara-ara?

6(39-9) Ara-ara kang Sunparingake dadi papan padunungane lan tanah asin dadi pasabane.

7(39-10) Ramening kutha dipoyoki, ora krungu swarane kang nggiring;

8(39-11) banjur golek pangonan ing gunung-gunung, lan ngluru samubarang kang ijo.

9(39-12) Apa bantheng gelem teluk marang sira utawa gelem turu ing sacedhaking ambenira manawa bengi?

10(39-13) Apa sira bisa meksa bantheng ngenut kalenaning wluku kalawan keluhan, utawa nggaru bumi ing lebak ngetutake lakunira?

11(39-14) Apa sira pracaya, marga gedhe karosane? Utawa banjur sira pasrahi pagaweanira kang abot?

12(39-15) Apa sira nemtokake, yen bakal ngulihake pametuning buminira, lan nglumpukake ing papan panutonira?

13(39-16) Manuk unta kekablak kalawan bungah nanging apa elar lan wulu iku mratelakake katresnan?

14(39-17) Awit endhoge ditinggal ing lemah, lan dietogake sarta diangremake ana ing pawedhen,

15(39-18) nanging lali, manawa endhog mau bisa kapidak ing sikil, lan kailes-iles ing kewan alasan.

16(39-19) Pangrengkuhe marang anak-anake keras kaya-kaya dudu anake dhewe; sanajan rekasane tanpa guna, ora dipreduli,

17(39-20) amarga ora kaparingan kawicaksanan dening Gusti Allah lan ora dipandumi pangreten.

18(39-21) Manawa kekablak kalawan gumunggung. banjur nggeguyu jaran lan kang nunggangi.

19(39-22) Apa sira kang aweh karosan marang jaran? Apa sira kang nyandhangi suri ing githoke?

20(39-23) Apa sira kang mbisakake mlumpat kaya walang? Panggabere kang nggegirisi medeni.

21(39-24) Anggone thakur-thakur ing lemah kalawan gambira, anggone maju methukake gegaman kalawan kakuwatan.

22(39-25) Sabarang kang nggegirisi digeguyu, sarta ora tau wedi apadene ora gelem mundur manawa arep-arepan karo pedhang.

23(39-26) Endhong panah kamrincing ing sadhuwure, tumbak lan towok pating cleret.

24(39-27) Kalawan ringas lan galak lemah dikemah-kemah, sarta banget notole manawa krungu unining kalasangka;

25(39-28) ngerik-ngerik manawa kalasangka kaunekake; lan saka ing kadohan wus bisa ngambus anane perang, bantering abane para panggedhe tuwin suraking wadya-bala.

26(39-29) Apa kapinteranira kang mulang mabur manuk wulung kalawan ngegarake swiwine ngener mangidul?

27(39-30) Apa marga saka prentahira manuk beri iku anggone banjur mumbul lan nusuh ing panggonan kang dhuwur?

28(39-31) Anggone manggon lan nusuh ana ing gunung parang, ing pucaking gunung parang lan ing gunung kang angel ingunggahan.

29(39-32) Ana ing kono anggone ingak-inguk madik-madik memangsane, matane ngingat-ngingatake saka ing kadohan;

30(39-33) anake padha ngokop getih lan ing ngendi ana bathang, manuk beri mesthi ana ing kono.”



 <<  Ayub 39 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel