Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Ayub 8 >> 

Bildad mbelani adile paukumaning Allah

1Tumuli Bildad wong Suah mangsuli, calathune:

2“Nganti pira lawase anggonmu duwe ujar mangkono iku, sarta tembunging tutukmu kaya angin gedhe iku?

3Apa iya Gusti Allah kok mbengkokake kaadilan? Apa iya Kang Mahakuwasa kok mbengkokake kabeneran?

4Manawa anak-anakmu padha gawe dosa marang Panjenengane, mesthi wus dipasrahake marang pangwasane panerake dhewe.

5Nanging manawa anggonmu ngupaya Gusti Allah, sarta nyuwun sih-piwales marang Kang Mahakuwasa,

6anggere kowe resik lan temen, Panjenengane mesthi banjur wungu lan mitulungi kowe, tuwin ndandani omah kang dadi wewenangmu.

7Satemah kaananmu kang wiwitan bakal katon asor, dene kaananmu kang wekasan bakal dadi mulya banget.

8Takona ta bab wong-wong jaman biyen, lan gatekna apa kang wus katitipriksa dening para leluhur.

9Amarga kita iki padha bocah dhek wingi sore, padha ora sumurup apa-apa, awit umur kita ana ing donya iki kayadene wewayangan.

10Para leluhur mau rak sing kudu mulang lan pratela marang kowe, tuwin nglairake tetembungan kang metu saka ing atine.

11Bangsane glonggong apa bisa thukul gedhe, manawa ora ana ing rawa, utawa glagah apa bisa thukul subur manawa tanpa banyu?

12Sanadyan lagi nedheng-nedhenge thukul, sadurunge mangsane dipecok, rak mesthi banjur alum, gelis iku katimbang karo bangsa suket liyane.

13Ora beda karo lelakone sakehe wong kang ora eling marang Gusti Allah; iku sirna pangarep-arepe;

14pangarep-arepe kaya jaring kemlandhingan, lan pangandele kaya jaring kemangga,

15omahe dianggo sesendhen, nanging ora bisa terus ngadeg, digondheli, nanging ora kuwat.

16Dheweke kaya tetuwuhan kang isih seger ana ing padhange srengenge, elunge mratani ing patamanane.

17Oyod-oyode nggubet-nggubet ing tumpukan watu, lan nlesep-nlesep ing sela-selaning watu-watu iku.

18Manawa dibedhol saka ing panggonane, banjur diselaki dening panggonan mau, pangucape: Aku durung tau weruh kowe.

19Iya mangkono iku kabungahaning uripe, sarta nuli ana thethukulan liyane kang tuwuh saka ing lemah.

20Sumurupa, Gusti Allah ora bakal nampik wong kang temen, lan ora ngasta tangane wong kang gawe duraka.

21Panjenengane isih damel tutukmu gumuyu, sarta damel lambemu asurak-surak.

22Satrumu bakal sinandhangan wirang, tuwin tarube wong duraka bakal sirna.”



 <<  Ayub 8 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel