Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Bilangan 15 >> 

Bab kurban genenan

1Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa mangkene:

2“Sira kandhaa marang wong Israel mangkene: Besuk samangsa sira wus padha lumebu ing tanah kang bakal Sunparingake marang sira dadi papan padununganira,

3sarta sira padha arep nyaosake kurban genenan marang Sang Yehuwah, kurban obaran utawa kurban sembelehan, kanggo ngluwari punagi, utawa kanggo pisungsung manasuka, apadene ing dina riyayanira, minangka ganda arum konjuk marang Pangeran Yehuwah kang arupa sapi utawa wedhus,

4wong kang nyaosake kurbane marang Pangeran Yehuwah mau nganggoa dikantheni kurban dhaharan arupa glepung pilihan saprasepuluh efa, kaolah nganggo lenga saprasepuluh hin,

5lan kanggo kurbane obaran utawa kurbane sembelehan iku saben wedhus siji sira kanthenana anggur saprapat hin kanggo kurban unjukan.

6Nanging manawa kurbane iku awujud wedhus gibas lanang, saben wedhus sira kanthenana kurban dhaharan arupa glepung pilihan rong prasepuluh efa, kaolah nganggo lenga sapratelon hin,

7lan anggur sapratelon hin kanggo kurban unjukan, iku mau padha sira saosna minangka ganda arum konjuk marang Sang Yehuwah.

8Manawa sapi kang sira saosake dadi kurban obaran utawa kurban sembelehan, kanggo ngluwari punagi, utawa kanggo kurban slametan konjuk marang Pangeran Yehuwah,

9sapi siji dikanthenana kurban dhaharan arupa glepung gandum pilihan telung prasepuluh efa diolah nganggo lenga satengah hin,

10lan sira nyaosna anggur satengah hin kanggo kurban unjukan. Iku kurban genenan, kang gandane njalari renaning panggalihe Pangeran Yehuwah.

11Siji-sijine sapi utawa wedhus gibas lanang sarta wedhus gibas utawa wedhus jawa, iku digawea kaya mangkono mau.

12Sapira cacahe kewan kang sira olah, siji-sijine digawea kaya mangkono uga.

13Saben wong Israel asli manawa nyaosake kurban genenan, kang gandane njalari renaning panggalihe Pangeran Yehuwah, iku nindakna kaya mangkono mau.

14Dene manawa ana wong bangsa liya kang neneka utawa wong liyane kang manggon ana ing tengahira utawa ing satengahe turunira besuk, mangka iku arep nyaosake kurban genenan, kang gandane gawe renaning panggalihe Sang Yehuwah, iku patrape iya padha karo kang sira tindakake.

15Kanggo wong sapasamuwan ngamungna ana pranatan siji kanggo sira lan kanggo wong bangsa liya kang neneka, dadia pranatan langgeng kanggo sira kabeh nganti saturun-turunira.

16Tunggal angger-angger lan tunggal pathokan kang kanggo marang sira kabeh lan wong bangsa liya kang neneka ana ing tengahira.”

17Pangeran Yehuwah ngandika maneh marang Nabi Musa:

18“Sira kandhaa marang wong Israel mangkene: Besuk samangsa sira wus padha lumebu ing tanah kang dadi tujuane anggoningSun ngirid,

19manawa sira padha mangan roti pametune nagara iku, nuli sira padha ngladekna pisungsung mligi konjuk marang Pangeran Yehuwah.

20Sira padha ngladekna saka glepungira kang kawitan arupa roti bunder siji, minangka pisungsung mligi kang saka ing papan panutonira.

21Glepungira kang wiwitan iku sira olaha kanggo pisungsung-mligi konjuk marang Pangeran Yehuwah, turun-tumurun.”

Bab dosa kang ora kajarag

22“Anadene manawa sira tanpa kajarag nganti nglirwakake salah sijine pepakon kang wus kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah marang Musa,

23yaiku samubarang kang wus kadhawuhake dening Yehuwah marang sira lumantar Musa, wiwit dinane anggone Sang Yehuwah ndhawuhake lan sabanjure turun-tumurun,

24saupama bab iku dilakoni tanpa kajarag lan ora nganti kaweruhan ing pasamuwan, nuli wong saumat kabeh olaha sapi lanang nom siji kanggo kurban obaran, kang gandane gawe renaning panggalihe Pangeran Yehuwah, kanthi kurban dhaharan lan kurban unjukan, miturut tatanan; uga wedhus berok siji kanggo kurban pangruwating dosa.

25Dene imam banjur nganakna pirukun kanggo wong Israel saumat kabeh, temah bakal padha kaparingan pangapura, marga prakara iku kelakone tanpa kajarag lan wus padha nyaosake pisungsung-pisungsunge minangka kurban genenan konjuk marang Sang Yehuwah, lan uga kurban pangruwating dosane ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, marga saka bab kang ora kajarag mau.

26Wong Israel saumat kabeh bakal padha oleh pangapura, dalah bangsa liya kang neneka ana ing tengahira, awitdene kang kaluputan tanpa kajarag iku mau wong sabangsa kabeh.

27Mangkono maneh manawa mung wong siji kang gawe dosa tanpa kajarag, iku nyaosna wedhus wadon kang umur setaun minangka kurban pangruwating dosa,

28dene imam tumuli nganakna pirukun ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah kanggo wong kang kaluputan gawe dosa tanpa kajarag mau, supaya oleha pangapura, awit wus dianakake pirukun.

29Dadia kanggo wong Israel asli utawa kanggo bangsa liya kang neneka ana ing tengahira, mung ana angger-angger siji kang kanggo wong-wong mau, tumrap anane wong kang nglakoni kaluputan tanpa kajarag.

30Balik mungguh wong kang nindakake apa-apa kanthi kajarag, dadia wong Israel asli utawa bangsa liya, iku dadine nyenyamah marang Sang Yehuwah, wong iku katumpesa saka ing satengahe bangsane,

31marga wus ngremehake marang pangandikaning Yehuwah sarta mbubrah pranatane; wong iku poma katumpesa, katempuhna nyangga durakane.”

Bab wong kang nerak pranatan Sabat

32Nalika wong Israel padha ana ing pasamunan, ana kang meruhi sawijining wong ripik-ripik kayu obong pinuju ing dina Sabat,

33wong-wong kang ngonangi banjur nggawa wong mau marang ing ngarsane Nabi Musa lan Imam Harun, sarta wong saumat kabeh.

34Wonge tumuli dilebokake ing tahanan, marga durung ana katemtuan bab putusane.

35Pangeran Yehuwah banjur ngandika marang Nabi Musa: “Wong iku poma kaukuma pati; dibenturana watu dening wong Israel saumat kabeh ana ing sajabane palereban.”

36Wonge tumuli diirid dening wong saumat kabeh menyang ing sajabane palereban, sarta dibenturi watu nganti mati, kaya kang dadi dhawuhe Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa.

Bab gombyok pepenget

37Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa, mangkene:

38“Sira kandhaa marang wong Israel, padha sira tuturana supaya padha gawe gombyok ana ing pojoking jubahe tekan saturun-turune, gombyok mau padha kaetrapana tampar wungu semu biru.

39Tampar mau dadia pepeling marang sira, supaya samangsa sira padha ndeleng iku, sira padha elinga marang sakehe pepakene Sang Yehuwah, sarta padha sira estokna, aja nganti nuruti atinira lan pamawasing mripatira maneh, kaya kang wus kerep sira tindakake, yaiku anggonira ora setya marang Pangeran Yehuwah.

40Iya supaya sira tansah padha eling lan ngestokake sakehe pepakeningSun, lan padha dadia suci kagem Allahira.

41Ingsun iki Yehuwah, Allahira, kang wus ngentasake sira saka ing tanah Mesir, supaya Ingsun dadia Allahira; Ingsun iki Yehuwah, Allahira.”



 <<  Bilangan 15 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel