Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Daniel 7 >> 

Sato kewan papat lan Putraning Manungsa

1Ing taun kang kapisane paprentahane Sang Prabu Belsyazar, ratu ing Babil, Sang Dhaniel ing sajroning supena tampa wahyu ana ing pasareane. Supena iku banjur kaseratan, anadene wosing supenane iku mangkene:

2Pangandikane Sang Dhaniel mangkene: “Ing nalika bengi aku tampa wahyu, angin papat ing langit katon ngocakake sagara gedhe,

3nuli ana kewan gedhe papat muncul jumedhul saka ing sajroning sagara, kang siji beda karo sijine.

4Kang kapisan rupane kaya singa, lan nganggo swiwining manuk garudha. Iku terus bae daksawang nganti swiwine dijabut; kewan mau nuli kajunjung saka ing lemah lan kaadegake kaya manungsa sarta banjur kaanjingan ing atining manungsa.

5Tumuli katon ana kewan liyane, kang kapindho rupane kaya bruwang; iku njejegake awake sasisih, cangkeme lagi nyokot balung iga telu; kewan iku kacelathonan mangkene: Ayo mangana daging kang akeh!

6Sawuse mangkono aku sumurup kewan liyane, rupane kaya macan tutul; gegere ana swiwine manuk papat sarta maneh kewan iku endhase papat, sarta kaparingan pangwasa.

7Sawuse iku ing sajroning wahyu ing bengi iku aku tumon kewan kang kapat, kang medeni lan nggegirisi sarta rosa banget. Untune wesi gedhe-gedhe; kewan iku memangsa lan ngreremuk, sisane kaidak-idak kalawan sikile; kewan iku beda karo kewan-kewan kang dhisik mau, apadene kadunungan sungu sapuluh.

8Sajrone aku migatekake sungu-sungune iku, ing tengahe ana sungu cilik kang thukul, njalari sungu kang dhisik mau copot telu; sungu cilik iku katon ana matane kaya mataning manungsa lan ana cangkeme kang ngucap gumunggung.

9Aku terus bae anggonku ndeleng nganti ana dhampar-dhampar kang katata, banjur ana kang lenggah Kang Sepuh ing Yuswa; pangagemane putih kaya salju lan remane resik kaya wulu wedhus; kang minangka dhampare urubing geni, mawa rodha geni kang makantar-kantar;

10ana kali geni kang metu lan mili saka ing ngarsane; Panjenengane kaladosan ing ewoning ewon lan puluhan ewon ping puluhan ewon. Pradata Pangadilan banjur marepat lan kitab-kitab padha kabukakan.

11Aku terus bae anggonku maspadakake, marang saka tembung-tembung kang gumunggung kang diucapake dening sungu mau. Aku terus bae anggonku maspadakake nganti kewan iku dipateni, awake kalebur lan kaulungake marang geni kang ngengobong.

12Pangwasane kewan-kewan liyane iya kacabut lan suwening uripe katemtokake nganti tekan mangsa lan wayahe.

13Ing sajroning wahyu ing bengi iku aku terus bae anggonku ndeleng; banjur ana kang rawuh nitih mega saka ing langit, kaya Putraning Manungsa, kang nuli sowan marang ing ngarsane Kang sepuh ing Yuswa mau lan iya banjur kairid sowan ing Panjenengane,

14tumuli kaparingan pangwaos lan kaluhuran sarta pangwaosing karajan; wong-wong saka sakehing bangsa, suku bangsa lan basa banjur padha ngabdi marang Panjenengane. Pangwaose iku pangwaos kang langgeng, kang ora bakal sirna, sarta karajane iku karajan kang ora bakal rusak.

15Aku, Dhaniel, trenyuh, lan wahyu-wahyu kang dakdeleng, iku ngagetake aku.

16Aku banjur nyedhaki salah sawijining wong, panunggalane kang padha ngadeg ing kana lan aku nyuwun katrangan bab iku mau kabeh. Aku nuli dipangandikani lan diparingi sumurup bab tegese.

17Kewan gedhe papat iku karajan papat kang bakal muncul ana ing bumi.

18Sawuse iku para wong suci kagungane Kang Mahaluhur bakal padha nampani paprentahan, lan bakal nyekel paprentahan iku ing salawas-lawase, malah langgeng ing salawase.

19Aku banjur kepengin oleh katrangan bab kewan kang papat, kang beda karo kewan liyane kabeh, kang medeni banget, kang untune wesi lan kukune tembaga, kang memangsa lan ngereremuk sarta kang ngidak-idak sisane kalawan sikile;

20sarta bab sungu sapuluh kang ana ing endhase tuwin sungu liyane, yaiku sungu kang ana matane lan kang ana cangkeme kang ngucap gumunggung, kang nuli thukul njalari pothole sungu telu, apadene kang wujude luwih gedhe katimbang sungu-sungu liyane.

21Aku nuli ndeleng sungu mau perang karo para wong suci, kang padha dikalahake,

22nganti Kang Sepuh Yuswane mau rawuh lan maringake kaadilan marang para wong suci kagungane Kang Mahaluhur lan wus tumeka ing wancine para wong suci mau padha nyekel paprentahan.

23Mangkene pangandikane: “Kewan kang kapat iku karajan kang kapat kang bakal ana ing bumi, kang bakale beda karo sakehing karajan lan bakal nguntal salumahing bumi kabeh, kang nuli kaidak-idak lan karemuk.

24Sungu sapuluh iku raja sapuluh kang muncul saka ing karajan iku. Sawuse iku banjur bakal ana ratu kang muncul, kang beda karo para ratu kang dhisik sarta kang bakal ngesorake ratu telu.

25Iku bakal ngucapake tetembungan kang nglawan marang Kang Mahaluhur, lan bakal nganiaya para wong suci kagungane Kang Mahaluhur, sarta mbudi-daya ngowahi wektu lan angger-angger, tuwin sakehe wong mau bakal kapasrahake ing astane ratu mau lawase samangsa lan rong mangsa sarta satengah mangsa.

26Pradata Pangadilan banjur bakal marepat, ratu mau pangwasane bakal kacabut lan tumuli kalebur nganti sirna.

27Sawuse mangkono paprentahan, pangwasa lan kamulyaning karajan-karajan ing sangisore saindenging langit bakal kaparingake marang para wong suci, umat kagungane Kang Mahaluhur; paprentahane iki paprentahan kang langgeng sarta sakehing pangwasa bakal ngabdi lan mbangun miturut marang para suci mau.

28Tekan samene pawartane iku. Dene aku, Dhaniel, kaget banget dening gagasan-gagasanku, nganti aku dadi pucet sarta bab iku daksimpen ing sajroning atiku.”



 <<  Daniel 7 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel