Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Efesus 6 >> 

Mbangun-turut lan katresnan

1He bocah-bocah, manut-mituruta marang wong tuwamu ana ing patunggilane Gusti, mangkono iku kang bener.

2Sira ngajenana bapa-biyungira -- iki pepakon kang wigati, kaya kang kacetha ana ing prasetya iki --

3supaya sira slamet lan dawa umurira ana in donya.

4Lan kowe para bapa, aja padha gawe seriking atine anak-anakmu, nanging gulawenthahen ing bab piwulang lan pepeling kang saka ing Gusti.

5He para abdi, manut-mituruta marang bendaramu kang ana ing donya kanthi wedi lan geter sarta kalawan tulusing ati, padha kaya anggonmu manut-miturut marang Sang Kristus,

6aja mung manawa ana ing ngarepe bae kanggo nyenengake atining wong, nanging dikaya abdine Sang Kristus kang kalawan gumolonging ati nindakake karsane Gusti Allah,

7lan kang kanthi lila legawa anggone leladi kaya marang Gusti lan ora marang manungsa.

8Kowe padha sumurup, manawa saben wong, apa batur tukon, apa wong mardika, yen wis nindakake kabecikan, bakal tampa piwales saka Gusti.

9Lan kowe para bendara, dikaya mangkono uga pangrengkuhmu marang para baturmu lan aja nganggo ancaman. Elinga, manawa Gutine lan Gustimu ana ing swarga, lan Panjenengane iku ora pilih kasih.

Prabot kasukman

10Wasana, padha dadia santosa ana ing patunggilane Gusti, lan ing kasektening panguwasane.

11Padha sikepa praboting prange Gusti Allah, supaya kowe bisa ndhahi gelar kajuligane Iblis;

12awit kang kita tandhingi iku dudu daging lan getih, nanging para pamarentah, para panguwasa, para panggedhening jagad kang peteng iki, para rohing kadursilan kang ana ing langit.

13Mulane padha nyandhaka praboting prange Gusti Allah, supaya kowe bisa nyembadani samasa tekane dina kang ala iku lan tetep tangguh sawuse kowe ngrampungake sakabehe.

14Mulane padha dipanggah, lambungmu sabukana ing kayekten lan ngrasuka kaadilan minangka kere,

15sikilmu nganggoa trumpah cumadhangmu marang Injiling tentrem-rahayu;

16sajrone mangkono iku padha nganggoa tamening pracaya, margane kowe bakal bisa nyirep sakehing panah geni saka si pangawak dursila,

17karomaneh padha nampanana tetopong karahyon lan pedhang Roh, yaiku sabdaning Allah,

18ing sajroning pandonga lan panyuwunmu kabeh. Padha tansah ndedongaa ana ing patunggilaning Roh, sarta padha meleka lan ditegen anggonmu padha nyenyuwun kanggo para suci;

19uga kanggo aku, supaya manawa aku ngucap, diparingana tetembungan kang bener, lan supaya kanthi kendel anggonku nggiyarake kekeraning Injil,

20kang dakladeni minangka utusan kang dirante. Padha ndedongaa, supaya aku bisa nglairake bab iku kalawan kendel, awit pancen kudu mangkono.

Pawarta lan salam

21Supaya kowe uga padha sumurup marang kaanan lan lelakonku, mula Tikhikus, sadulur kita kang kekasih lan abdi kang tumemen ana ing Gusti, bakal aweh sumurup marang kowe bab iku kabeh.

22Iya iku karepku anggonku kongkonan Tikhikus nemoni kowe kabeh, supaya kowe padha ngreti mungguh kaananku supaya nglipur atimu.

23Tentrem-rahayu lan katresnan kang kanthi pracaya saka Gusti Allah Sang Rama lan saka Gusti kita Yesus Kristus anaa ing para sadulur kabeh.

24Sih-rahmat anaa ing wong kabeh, kang padha nresnani Gusti kita Yesus Kristus kanthi katresnan kang ora sirna ing salawas-lawase.



Download Audio MP3 (Efesus 6):
Mobile (Low Quality) - CD (High Quality)

 <<  Efesus 6 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel