Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Galatia 6 >> 

Padha tulung-tinulungana

1Para sadulur, yen ana wong kang tinemu nglakoni panerak, kowe kang kasukman, kudu nuntun wong iku marang dalan kang bener kalawan budi kang sareh, karo njaga awakmu dhewe, supaya kowe uga aja kena ing pacoban.

2Padha tuung-tinulungana ing bot-repot! Iya kaya mangkono iku anggonmu netepi ing angger-anggering Sang Kristus.

3Sabab yen ana sawenehing wong kang rumangsa, manawa awake aji, mangka babar pisan ora aji, iku ngapusi awake dhewe.

4Becike saben wong ndadara pagaweane dhewe; lagi kena gumunggung ndeleng kaanane dhewe lan ora ndeleng kaanane wong liya.

5Sabab saben wong bakal mikul tetanggungane dhewe.

6Lan wong kang nampani piwulanging pangandika iku mandumana samubarang kang kadarbe marang wong kang aweh piwulang iku.

7Aja padha kesasar! Gusti Allah ora kena digawe geguyon. Awit apa kang disebar ing wong, iya iku kang bakal dieneni.

8Sabab sing sapa nyebar ing daginge, dheweke bakal ngeneni karusakan saka daginge -- nanging sapa kang nyebar ing Roh, iya bakal ngeneni urip langgeng saka ing Roh iku.

9Aja nganti kita kemba anggon kita gawe kabecikan, awit manawa wus tekan ing kalamangsane, kita bakal ngeneni, anggere kita ora nganti kendho.

10Awit saka iku mumpung kita kober, ayo padha gawe becik marang wong kabeh, luwih-luwih marang sadulur-sadulur kita kang tunggal pracaya.

Piweling wekasan lan salam

11Padha delengen, sapira gedhene aksara-aksara kang dakanggo nulis marang kowe kalawan tanganku dhewe.

12Wong-wong kang cara lair seneng nonjolake awake dhewe, iya wong-wong iku kang padha mbudidaya bisaa meksa kowe supaya tetak, karepe mung supaya padha ora dikuya-kuya marga saka salibe Sang Kristus.

13Sabab wong-wong kang padha tetak iku iya padha ora netepi angger-anggering Toret. Nanging karepe supaya kowe padha tetak amrih wong mau bisa gumunggung ing bab kaananmu lair.

14Dene aku ora pisan-pisan gelem gumunggung, kajaba ing bab salibe Gusti kita Yesus Kristus, sabab marga saka Panjenengane jagad wus disalib kanggo aku lan aku kanggo jagad.

15Sabab tetak utawa ora tetak ora ana paedahe, nanging dadi titah kang anyar iku kang ana paedahe.

16Lan kabeh wong kang lakune katuntun dening wewaton iki, tentrem-rahayu lan rahmat muga tumurun marang wong-wong iku lan marang Israel kagungane Gusti Allah.

17Sabanjure aja ana kang gawe ribedku, marga ing awakku ana tandha-tandha kagungane Gusti Yesus.

18Sih-rahmate Gusti kita Yesus Kristus nunggala ing sukmamu, sadulur-sadulur! Amin.



Download Audio MP3 (Galatia 6):
Mobile (Low Quality) - CD (High Quality)

 <<  Galatia 6 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel