Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Ibrani 5 >> 

1Awitdene saben imam agung, kang kapiji saka ing antarane manungsa, iku katetepake kanggo manungsa minangka pantaraning manungsa karo Gusti Allah, supaya nyaosake pisungsung sarta kurban tumrap dosa.

2Panjenengane kudu bisa melu ngraosake kaanane para wong bodho lan para wong kang kesasar, amarga panjenengane piyambak uga kebak ing kaapesan,

3kang ngudokake saos kurban tumrap dosa, ora mung kanggo para umat, nanging uga kagem panjenengane piyambak.

4Sarta ora ana wong kang ngalap drajat iku kanggo awake dhewe, nanging katimbalan dening Gusti Allah kaya kang wis kalakon tumrap Imam Agung Harun.

5Mangkono uga Sang Kristus ora mulyakake sarirane piyambak sarana jumeneng Imam Agung, nanging kamulyakake dening Panjenengane kang mangandikani: “Sira iku PutraningSun! Sira wus Sunputrakake ing dina iki,”

6iya kaya pangandikane ing ayat liyane maneh mangkene: “Sira iku dadi Imam salawas-lawase, manut tatane Melkisedhek.”

7Nalika sugenge ana ing daging, Panjenengane wus ngaturake pandonga sarta panyuwun kanthi muwun lan sesambat marang Panjenengane, kang kuwaos milujengake saka pati, sarta marga saka kamursidane Panjenengane wus dipidhangetake.

8Sarta sanadyan Panjenengane iku Sang Putra, ewasamono wus sinau mbangun-miturut saka anggone nandhang sangsara,

9lan sawise nggayuh kasampurnane, Panjenengane dadi jalarane karahayon kang langgeng tumrap sakehing wong kang mituhu marang Panjenengane,

10sarta Panjenengane katimbalan dadi Imam Agung dening Gusti Allah, manut tatane Sang Melkisedhek.

Pepeling supaya aja nganti murtad

11Mungguh prakara iku akeh sing kudu padha dakkandhakake, ananging angel diterangake, marga kowe wis padha dadi alot ing pangrungumu.

12Sabab sanadyana kowe sabenere wus padha dadi guru, yen kapirid saka ing wektu, ewadene kowe isih prelu diwulang maneh bab dhasar-dhasaring pangandikane Gusti Allah sarta kowe isih butuh banyu susu, dudu pangan kang akas.

13Amarga sing sapa isih butuh banyu susu, iku durung ngerti piwulang bab kabeneran, sabab isih dadi bayi suson.

14Nanging pangan kang akas iku kanggo para wong diwasa, kang duwe pancadriya kang wis digladhi mbedakake kang becik sarta kang ala.



Download Audio MP3 (Ibrani 5):
Mobile (Low Quality) - CD (High Quality)

 <<  Ibrani 5 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel