Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Imamat 1 >> 

Pranatan bab kurban obaran

1Pangeran Yehuwah nimbali Nabi Musa sarta ngandika marang panjenengane saka ing Tarub Pasewakan, dhawuhe:

2“Sira ndhawuhana wong Israel lan sira tutura: manawa ana wong panunggalanmu kang arep nyaosake kurban marang Pangeran Yehuwah, kurbanira iku kudu raja-kaya, yaiku sapi utawa wedhus.

3Manawa sesaosane iku kurban obaran arupa sapi, kudu lanang kang tanpa cacad. Anggone nyaosake iku ana ing ngarep lawang Tarub Pasewakan, supaya ndadekna keparenging panggalihe Pangeran Yehuwah.

4Nuli tangane ditumpangna ana ing endhase kurban obaran mau, temah kurbane mau katrimah lan ngolehake pangruwating dosane.

5Sawuse mangkono banjur nyembeleha sapine ana ing ngarsaning Yehuwah; para anake Harun, imam-imam mau nyaosna getihe sapi mau lan disiramna ing sakubenge misbyah ana ing ngarepe lawangane Tarub Pasewakan.

6Nuli kurbane mau dikeleti lan ditengkel-tengkel miturut perangan-perangan kang wus katemtokake.

7Para anake Imam Harun banjur dadekna geni ana ing misbyah sarta nataa kayu tumumpang ing geni mau,

8sarta banjur nataa tengkel-tengkelane kurbane iku, endhase lan gajihe katumpangna ing kayu kang murub ana ing misbyah mau.

9Nanging jeroane lan pupune kudu dikumbah, banjur diobonga kabeh dening imam ana ing misbyah minangka kurban obaran, minangka kurban genenan kang gandane damel renane Pangeran Yehuwah.

10Manawa sesaosane kanggo kurban obaran mau arupa wedhus, wedhus gembel apa wedhus berok, kang disaosake iku kudu lanang kang tanpa cacad.

11Panyembelehe ana ing iringane misbyah sisih lor ana ing ngarsaning Sang Yehuwah, para imam anake Harun, banjur nyiramna getihe ana ing sakubenge misbyah.

12Sawuse mangkono banjur ditengkel-tengkela miturut perang-perangane kaya kang wus katemtokake, tengkel-tengkelane, endhase lan gajihe ditataa dening imam ana ing kayu kang murub ana ing misbyah mau.

13Jeroan lan pupune kudu dikumbah, banjur kabeh disaosna lan diobonga dening imam ana ing misbyah: iku kurban obaran, kurban genenan kang gandane damel renane panggalihe Sang Yehuwah.

14Manawa kurban kang disaosake marang Pangeran Yehuwah minangka kurban obaran iku arupa manuk, kurbane iku kudu manuk deruk utawa piyik dara.

15Manuke mau diajokna menyang misbyah dening imam, endhase manuk banjur dipuntir lan diobonga ana ing misbyah, dene getihe diepuha ana ing lambunge misbyah.

16Telihe sarta wulune kudu disisihake lan dibuwang sawetane misbyah, ing panggonan awu.

17Nuli manuke disuweka ing poking swiwine, nanging ora nganti pisah; banjur diobonga dening imam ana ing misbyah, ing kayu kang murub; iku dadi kurban obaran, iya kurban genenan, kang gandane damel renane Pangeran Yehuwah.”



 <<  Imamat 1 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel