Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Imamat 14 >> 

1Pangeran Yehuwah banjur ngandika maneh marang Nabi Musa:

2“Iki kang kudu dadi angger-angger tumrap wong kang nandhang memala saraat samangsa kabirat najise, wonge kudu kagawa marang ing ngareping imam,

3lan imam iku kudu metu menyang ing sajabane palereban. Manawa miturut papriksane imam, wong kang nandhang lara saraat mau wus waras,

4imam nuli mrentahna marang wong kang arep dibirat najise iku supaya ngladekna manuk kang isih urip lan kalal loro, karo kayu eres, kain jingga lan isop.

5Imam mrentahna nyembeleh manuk kang siji kaungkulna ing wadhah grabah kang ana banyune mili.

6Nanging manuk kang isih urip iku kajupuka bareng karo kayu eres, kain jingga lan isop iku mau, nuli kabeh iku dalah manuk mau dicelupna ing getihe manuk kang wus kasembeleh nganggo diungkulake ing banyu mili mau.

7Sawuse mangkono imam banjur ngepyurna getih mau rambah kaping pitu marang awake wong kang arep dibirat najise mau, temah ditetepna resik; nuli manuk kang isih urip iku diuculna ana ing ara-ara.

8Anadene wong kang bakal kabirat najise iku banjur ngumbaha sandhangane, kacukura rambute kabeh sarta adusa, temah birat najise. Sawuse mangkono kena lumebu ing palereban, nanging lereba ana ing sajabane tarube lawase pitung dina.

9Ing pitung dinane kacukura maneh rambute nganti resik kabeh, rambut sirah, jenggot, alis, malah dalah wuluning badan kabeh kacukura, sandhangane kakumbaha, awake kaedusana, temah birat najise.

10Ing wolung dinane wong mau njupuka wedhus gembel lanang loro kang tanpa cacad, lan wedhus gembel wadon siji kang umur sataun iya kang tanpa cacad, glepung kang becik dhewe telung prasepuluh efa diwori lenga kanggo kurban dhaharan, karomaneh lenga sa-log.

11Anadene imam kang nindakake pambirating najis iku banjur mrenahna wong kang bakal kabirat najise iku dalah sakabehing pisungsung ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah ing ngarepe lawangane Tarub Pasewakan.

12Imam tumuli njupuka wedhus gembel lanang kang siji, sarta kasaosna minangka kurban dhendha karo lengane sa-log mau, nganggoa padha digoyang dadi pisungsung goyangan ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah.

13Sawuse mangkono wedhus gembel lanang mau disembeleha ana ing panggonan nyembeleh kurban pangruwating dosa lan kurban obaran, ana ing papan kang suci, awit kurban dhendha mangkono uga kurban pangruwating dosa, iku dadi pandumane imam; iku panduman kang suci pinunjul.

14Imam banjur njupuka getihe kurban dhendha mau sathithik dileletna marang wong kang bakal kabirat najise mau ing godhohing kupinge kang tengen ing jempolaning tangan tengen lan ing jempolaning sikil tengen.

15Sarta maneh lenga sa-log mau kajupuka sathithik, kaesokna ana ing epek-epeke tangane dhewe kang kiwa;

16imam banjur nyelupna drijine kang tengen ing lenga kang ana ing epek-epeke kiwa iku sarta ngepyurna lengane klawan drijine rambah kaping pitu ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah.

17Kekarene lenga kang ana ing tangane iku salong kaleletna dening imam marang godhohing kupinge tengen wong iku, ing jempolane tangan tengen lan ing jempolane sikile kang tengen, tumumpang ing getihe kurban dhendha mau.

18Turahane lenga kang ana ing epek-epeke imam mau diusapna ing sirahe wong kang bakal kabirat najise. Mangkono anggone imam nganakake pirukun tumrap wong mau ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah.

19Karomaneh imam iya nyaosna kurban pangruwating dosa lan kalawan mangkono nganakake pirukun tumrap wong kang bakal kabirat najise lan sawuse iku nyembeleha kurban obaran.

20Wasana imam nyaosna kurban obaran lan kurban dhaharan ana ing misbyah. Mangkono imam anggone nganakake pirukun tumrap wong iku, temah birat najise.

21Nanging manawa wonge iku miskin ora bisa nganakake iku kabeh, iku mung njupuka wedhus gembel lanang siji bae minangka kurban dhendha kang kanggo pisungsung goyangan kagawe nganakake karukunan tumrap wong mau, karomaneh glepung pilihan saprasepuluh efa kaolah dicampuri lenga kanggo kurban dhaharan kanthi lenga sa-log.

22Apamaneh manuk deruk loro utawa manuk dara loro, endi kang dibisani, siji kanggo kurban pangruwating dosa lan sijine kanggo kurban obaran.

23Ing dina kaping wolune wong mau ngladekna barang-barang mau kabeh marang imam ana ing lawangane Tarub Pasewakan ing ngarsane Pangeran Yehuwah, minangka pambirating najise.

24Imam sawuse nampani wedhus kurban dhendha lan lenga sa-log mau, banjur nyaosake iku kabeh minangka pisungsung goyangan ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah.

25Sawuse iku tumuli wedhuse kurban dhendha kasembeleha, sarta imam njupuka getihe sathithik kaleletna ing godhohing kupinge kang tengen wong iku lan ing jempolane tangane tengen apadene ing jempolane sikile kang tengen.

26Sarta maneh lenga mau kaesokna sathithik dening imam ing epek-epeke tangane dhewe kang kiwa,

27banjur lenga kang ana ing tangane kiwa mau kakepyurna klawan drijine tangan tengen, nganti rambah kaping pitu ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah.

28Karodene lenga kang ana ing epek-epek mau salong kaleletna ing godhohing kupinge tengen wong kang kabirat najise, uga ing jempolane tangan tengen, sata jempolane sikil tengen, ing panggonan kang wus ana getihe kurban dhendha mau.

29Turahane lenga kang ana ing epek-epeke imam mau kausapna ing sirahe wong kang bakal kabirat najise, kagawe nganakake pirukun tumrap wong mau ana ing ngarsane Sang Yehuwah.

30Banjur deruke utawa piyike dara, endi kang disaosake dening wong mau manut kakuwatane,

31kang siji kanggo kurban pangruwating dosa lan sijine kanggo kurban obaran kanthi kurban dhaharan. Mangkono imam anggone nganakake pirukun ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah tumrap wong kang bakal kabirat najise.

32Iku mau angger-angger bab pambirate najise wong kang nandhang memala saraat kang sekeng.”

33Pangeran Yehuwah ngandika maneh marang Nabi Musa lan Imam Harun:

34“Samangsa sira wus padha lumebu ing tanah Kanaan kang bakal Sunparingake dadi ebekira, mangka ana ing tanah bakal ebekira iku ana omah kang Sunganjar memala saraat,

35wong kang duwe omah iku kudu nemoni lan matur marang imam: Sajakipun ing griya kula kados wonten memalanipun saraat.

36Imam banjur prentaha nyuwungake omah mau sadurunge mriksa tandha-tandha saraat iku, supaya aja nganti ndadekake najise samubarang kang ana ing jero omah kono. Sawuse mangkono imam tumuli tekaa mriksa omahe.

37Manawa miturut papriksane imam, ing temboke omah iku, ana legok-legokan kang warnane semu ijo utawa semu abang, sawangane luwih jero tinimbang raening tembok liyane,

38imam banjur metua saka ing omah iku menyanga ing ngarep lawang, sarta akona ngunci omah mau lawase pitung dina.

39Ing pitung dinane imam balia maneh, manawa miturut papriksane tandha-tandha saraat iku mremen ing tembok sandhinge,

40imam banjur mrentahna njugili temboke kang kadunungan cacad iku, padha kabuwanga menyang ing sajabane nagara ing panggonan kang najis.

41Apamaneh omahe dikerukana ing sisih jero mubeng, dene kerukane iku kabuwanga menyang ing sajabane nagara ing panggonan kang najis.

42Sawuse mangkono wong-wong banjur padha njupuka watu liyane kaetrapna ing tilas panggonan watu lawas, lan njupuka labur kagawe nglepa omahe.

43Nanging manawa tandha-tandha mau thukul maneh ana ing omah iku sawuse batane dijugili lan omahe wus dikeruki tuwin malah wus dilepa maneh,

44imam tumuli balia mrono lan manawa miturut papriksane tandha-tandha saraat iku mremen ana ing omahe, omah iku kena ing memala saraat kang ganas, omahe iku dadine najis.

45Omah kaya mangkono iku kudu dibubrah, batane, kayune dalah labure omah kabeh, iku padha kagawaa metu menyang ing sajabane nagara ing panggonan kang najis.

46Lan sing sapa lumebu ing omah iku sasuwene dikunci, iku dadi najis nganti tumeka suruping srengenge.

47Sarta wong kang turu ana ing omah kono, ngumbaha sandhangane, mangkono uga wong kang manggon ana ing omah kono, iya ngumbaha sandhangane.

48Nanging manawa imam mrono, mangka miturut papriksane tandha-tandha mau ora mremen sawuse dilepa maneh, imam banjur netepna omah iku ora najis, marga memalane wus ilang.

49Sawuse mangkono kanggo mbirat najise omah iku, njupuka manuk loro, kayu eres, kain jingga lan isop.

50Manuke kang siji disembeleha nganggo diungkulake ing banyu mili kang ana ing wadhah grabah.

51Kayu eres lan lawe jingga sarta isop dalah manuke kang isih urip iku banjur padha dicelupna ing getihe manuk kang wus kasembeleh lan ing banyu mili mau, sarta omahe dikepyurana rambah kaping pitu.

52Mangkono anggone imam mbirat najise omah iku srana getihe manuk, banyu kang mili, sarta manuk kang isih urip apadene klawan kayu eres, isop lan kain jingga mau.

53Dene manuke kang isih urip iku diuculna ana ing ara-ara ing sajabane kutha. Mangkono anggone imam nganakake pirukun tumrap omah iku, temah dadi resik.

54Iku mau angger-angger kang tumrap ing sadhengah memala saraat, memala borok,

55tumrap memala saraat ing sandhangan lan ing omah,

56bab plenthung, merkutuk lan belang,

57minangka pituduh bab najis lan bab ora najis. Iku angger-angger bab memala saraat.”



 <<  Imamat 14 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel