Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Imamat 25 >> 

Bab Taun Sabat lan Taun Yobel

1Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa ana ing gunung Sinai:

2“Wong Israel padha sira kandhanana lan padha tuturana mangkene: Besuk samangsa sira wus padha lumebu ing nagara kang bakal Sunparingake marang sira, tanah iku kudu diasokake, minangka sabat sumaos marang Pangeran Yehuwah.

3Sajroning nem taun lawase sira nyebarana buminira, lan sajroning nem taun sira ngethokana pucuke tanduranira anggur, sarta ngundhuhana pametune tanah iku,

4nanging taune kang kapitu, iku sabat tumrap tanah iku, wayah ngaso babar pisan, iya sabat sumaos marang Pangeran Yehuwah; buminira aja sira sebari lan tanduranira anggur aja sira kethoki pucuke.

5Sarta apa bae kang thukul dhewe saka buminira iku, aja sira eneni lan wohe tanduranira wit anggur kang ora sira tutuhi iku, aja sira undhuhi. Taun iku dadia taun pangasoan babar pisan tumrap tanah iku.

6Pametune tanah sajrone sabat iku padha sira pangana, iya sira, iya baturira lanang lan wadon lan buruhira apadene wong liya bangsa kang padha manggon awor karo sira.

7Iya kanggo raja-kayanira lan sato-kewan alasan kang ana ing tanahira, sapametune kabeh iku dadia pakane.

8Sira banjur ngetunga pitung taun sabat, yaiku pitung taun ping pitu, dadi pitung pendhak taun sabat mau padha karo patang puluh sanga taun.

9Sawuse mangkono nuli ing sasi kapitu tanggal ping sapuluh, ing dina riyaya pirukun, sira ndlajahana ing satanahira kabeh karo ngunekna kalasangka.

10Taune kang kaping seket iku sira sucekna, lan ngundhangna kamardikan marang wong saisine nagara kabeh; taun iku padha kagawea Taun Yobel, saben wong panunggalanira padha balia menyang palemahane kang dadi darbeke lan kulawargane.

11Taun kang kaping seket iku padha sira dadekna Taun Yobel, sira aja padha nyebar wiji, lan apa kang bakal thukul dhewe, aja sira eneni, sarta aja padha ngundhuhi wohe wit anggur kang ora kokkethoki pucuke.

12Awitdene iku Taun Yobel iku suci tumrap sira; kang dadi panganira apa kang sira undhuh saka ing pategalanira.

13Ing Taun Yobel iku saben wong panunggalanira ngulihana kang dadi ebeke.

14Manawa sira ngedol sadhengah apa marang pepadhanira, utawa tuku apa bae saka pepadhanira, aja ana kang gawe kapitunan.

15Manawa tuku saka pepadhanira iku mituruta cacahing taun, sawuse Taun Yobel, lan pepadhanira anggone ngedol marang sira mituruta cacahing taun panen.

16Saya akeh cacahing taun, saya larang regane, saya sathithik taune, saya murah regane; awitdene kang diedol marang sira iku cacahing panen.

17Dadi aja ana kang gawe pitunane pepadhane, nanging sira wedia marang Allahira; awitdene Ingsun iki Yehuwah, Allahira.

18Kaya mangkono anggonira kudu nglakoni katetepaningSun lan tansah padha gondhelan marang pranataningSun, temah sira bakal padha manggon ing kana kanthi ayem lan tentrem.

19Tanah iku bakal metokake wohe, lan sira padha mangan nganti wareg, lan pamanggonira ana ing kono bakal kanthi ayem lan tentrem.

20Saupama sira padha takon: Apa kang bakal padha dakpangan ing taun kang kapitu iku? Aku rak padha ora kalilan nyebar lan ora kena nglumpukake pametuning tanah!

21Ing kono Ingsun bakal ndhawuhake berkahingSun marang sira ing taun kang kaping nem; temah bakal metokake kang nyukupi kanggo telung taun.

22Ing taun kang kaping wolu, sira bakal padha nyebar, nanging sira bakal padha mangan pametu kang dhisik nganti tumeka taun kang kaping sangane; nganti salebune pametune iku, sira isih bakal padha mangan kang dhisik.”

Bab nebus palemahan

23“Tanah aja diedol salawase, awitdene tanah iku kagunganingSun, lan sira iku padha dadi wong manca, kang neneka tumrap Ingsun.

24Mulane ana ing tanah darbekira kabeh, sira padha nglilanana manawa palemahan iku ditebus.

25Saupama ana sadulurira kang tumiba ing kamlaratan, nganti ngedol saperanganing palemahane, iku sanake kang duwe wewenang nebus, yaiku sanake kang cedhak dhewe, iku maraa nebus kang wus kaedol sadulure iku.

26Dene manawa ora duwe sanak kang wajib nebus, mangka sawuse mangkono bisa nebus dhewe marga wus nemu kang kagawe nebus darbeke,

27iku ngetunga anggone ngedol mau wus pirang taun, banjur saluwihing kekarane dibalekna marang kang nuku, kalawan mangkono wong mau banjur bisa ngulihi tanah ebeke.

28Nanging manawa ora duwe kang kagawe mbalekake, ing kono darbeke kang wus diedol tetep ana ing tangane kang tuku nganti tumeka ing Taun Yobel. Ing Taun Yobel palemahan iku bakal luwar, sarta wong mau bisa ngulihi tanah ebeke.”

Bab nebus omah

29“Saupama ana wong adol omah ana ing kutha kang pagere tembok, omah iku kenane ditebus mung tumeka taun pendhake, kaetung saka anggone ngedol; anggone wenang nebus mung sajrone setaun.

30Nanging manawa nganti sataun ora ditebus, omah mau tetep dadi duweke kang tuku nganti turun-tumurun, ing Taun Yobel ora bisa bali.

31Balik omah kang ana ing desa kang ora kinubengan ing pager tembok, iku kapadhakna karo palemahan ing nagara kono, padha kena ditebus lan ing Taun Yobel kudu bali.

32Tumrap omah-omah ing kutha-kuthane wong Lewi, wong Lewi iku salawase duwe wewenang nebus.

33Dene manawa ana wong Lewi kang ora nebus darbeke, nanging omah kang kaedol ana ing kuthane dhewe, iku iya kudu bali ing Taun Yobel, amarga omah kang ana ing kuthane wong Lewi iku padha dadi wewenange ana ing satengahe wong Israel.

34Nanging mungguh ara-ara kanggo angon kang ana ing sakubenge kuthane, iku aja kaedol, marga iku dadi darbeke ing salawas-lawase.”

Pangrengkuh tumrap wong miskin

35“Saupama sadulurira ana kang tumiba ing kamlaratan, nganti wus ora bisa ngglawat ana ngarepira, iku kabantua, dipadha kaya wong manca utawa wong neneka, supaya bisa lestari urip ana ing tengahira.

36Aja sira jaluki anakan utawa bebathen, nanging sira wedia marang Allahira, supaya sadulurira iku bisa urip ana ing tengahira.

37Anggonira motangake aja njaluk anakan, lan anggonira nulungi pangan aja klawan ngarah bathi.

38Ingsun iki Yehuwah, Allahira, kang wus ngentasake sira saka ing tanah Mesir, lan Sunparingi tanah Kanaan, supaya Ingsun dadi Allahira.

39Mangkono maneh manawa ana sadulurira kang tumiba ing kamlaratan ana ing tengahira, nganti pasrah bongkokan marang sira, iku aja sira dadekake kaya batur tukon.

40Dikaya buruh, utawa wong neneka ana ing omahira, anggone nyambut gawe ana ing panggonanira nganti tumeka Taun Yobel.

41Sawuse iku nuli lilanana metu saka ing omahira dalah anak-anake, mulih menyang panggonane kulawargane lan ebeke para leluhure.

42Awitdene wong iku padha abdiningSun kang wus Sunentasake saka ing tanah Mesir, ora kena diedol patrap kaya batur tukon.

43Aja sira tindhes, nanging sira wedia marang Allahira.

44Nanging baturira tukon lanang utawa wadon kang arep sira ingu, iku sakaa para bangsa kang ana ing saubengira; mung panunggalane iku kang kena sira tuku dadi baturira lanang utawa wadon.

45Sarta maneh kang kena sira tuku yaiku panunggalane anake para wong neneka kang manggon ana ing tengahira, kang lair ana ing nagaranira. Wong iku padha kena sira darbeni.

46Iku edum-edumna dadi warisan marang anak-anakira, supaya kadarbe minangka warisan, pangengere iki salawas-lawase. Dene mungguh wong Israel, siji-sijine wong panunggalanira aja ana kang ngereh marang sadulurira klawan daksiya.

47Manawa ana wong ngamanca utawa wong neneka kang ana ing tengahira, kang uripe wus kacukupan, mangka sadulurira kang melu wong iku tumiba ing kamlaratan, nganti ngedol awake marang wong ngamanca utawa wong neneka iku, utawa marang wong kang asale saka wong ngamanca iku,

48sawuse ngedol awake mau, kawenangna ditebus, yaiku salah sijine wong panunggalane sadulure kena nebus,

49sadulure bapakne utawa kulawargane kang cedhak, utawa manawa wus kuwat dhewe, iku wenang nebus awake dhewe.

50Wong iku nuli etung-etungana karo kang nuku, wiwit taun anggone ngedol awake dhewe nganti tekan Taun Yobel, sarta dhuwit pangedole banjur kaetunga miturut cacahing taun; anggone melu marang wong kang neneka iku kaanggepa kaya cacahing taune wong buruh.

51Manawa cacahing taun kang kari iku isih akeh, anggone mbalekake dhuwit panukune minangka panebuse awake iku manut cacahing taun mau.

52Manawa cacahe taun kang tumeka Taun Yobel iku mung kari sathithik, iya etung-etungana karo kang nuku, anggone mbalekake dhuwit tebusan kanggo awake dhewe; kaetunga miturut cacahe taun iku.

53Dadine anggone ngenger ing saben taun-taune marang lurahe iku dikaya buruh; ora kena disiya-siya ana ing ngarepira.

54Dene manawa ora katebus kanthi patrap mangkono, ing Taun Yobel kudu dililani metu dalah anak-anake.

55Awitdene wong Israel iku padha ngabdi marang Ingsun, lan padha dadi abdiningSun kang wus Sunentasake saka ing tanah Mesir; Ingsun iki Yehuwah, Allahira.”



 <<  Imamat 25 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel