Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Imamat 26 >> 

Berkah lan ipat-ipat

1“Sira aja gawe sesembahan brahala, lan reca tatahan utawa tugu brahala aja sira degake kanggo sira, uga watu ukir-ukiran aja sira dekek ana ing tanahira kanggo pasujudan, awitdene Ingsun iki Yehuwah, Allahira.

2Sira padha netepana dina-dina SabatingSun lan ngajenana pasuceningSun, Ingsun iki Yehuwah.

3Manawa lakunira padha miturut ing pranataningSun sarta tansah padha gondhelan marang prentahingSun, lan nindakake iku,

4mesthi sira bakal Sunparingi udan ing kalamangsane, satemah palemahanira bakal aweh pametu lan wit-witan ing pakebonanira bakal metu wohe.

5Mangsane angonira padha nutu bakal nganti nyandhak mangsane ngundhuh anggur lan olehe ngundhuh anggur bakal nganti tumeka mangsane nyebar. Anggonira padha mangan bakal nganti wareg, lan pamanggonira ana ing tanahira bakal kanthi ayem lan tentrem.

6Karodene Ingsun bakal paring tentrem tata raharja ana ing tanahira, temah sira bakal padha turu kalawan ora ana kang gawe kagetira. Ingsun bakal nyirnakake sarupane kewan galak saka ing nagara kono, apadene nagaranira bakal ora kambah ing pedhang.

7Mungsuhira bakal sira oyak-oyak, lan bakal padha tiwas ana ing ngarepira dening pedhang.

8Wong lima panunggalanira bakal padha mburu wong satus lan wong satus panunggalanira bakal padha mburu wong sepuluh ewu, sarta mungsuhira bakal padha tiwas kabeh dening pedhang ana ing ngarepira.

9Anadene Ingsun bakal enget marang sira lan ndadekake sira bebranahan sarta tangkar-tumangkar, tuwin Ingsun bakal netepake prasetyaningSun klawan sira.

10Sira bakal isih padha mangan tandhon pangan saka panen kang dhisik, lan kang dhisik iku lagi sira wetokake, manawa kang anyar wus sira simpen.

11Apamaneh Ingsun bakal mrenahake Tarub SuciningSun ana ing tengahira, lan panggalihingSun ora bakal kemba mirsani sira.

12Nanging Ingsun bakal ana ing tengahira lan bakal dadi Allahira lan sira padha dadi umatingSun.

13Ingsun iki Yehuwah, Allahira, kang wus ngentasake sira saka ing tanah Mesir, supaya sira aja dadi bature tukon maneh. Ingsun wus mutungake pasangan kang ana ing pundhakira lan lakunira Sunjejegake.

14Nanging manawa sira padha ora ngrungokake marang Ingsun, lan ora ngestokake sakehe pepakoningSun,

15manawa sira padha nampik marang katetepaningSun lan atinira padha jeleh ngrungokake pranataningSun, nganti sira padha ora ngestokake pepakoningSun, sarta padha mbubrah prasetyaningSun,

16Ingsun iya bakal nandukake iki marang sira, yaiku Ingsun bakal nekakake pagiris marang sira, watuk sarta panastis, kang nganti ngrusak mripat, lan nyawanira nglambrang; tanpa guna anggonira padha nyebar wijinira, marga pametune bakal dipangan dening mungsuhira nganti entek.

17Ingsun piyambak bakal nglawan marang sira, nganti sira bakal padha kasoran ana ing ngarepe mungsuhira; para kang nyengiti sira iku kang bakal nguwasani sira, sira bakal padha keplayu, sanajan ora ana kang mburu marang sira.

18Anadene manawa ana ing kaanan kang kaya mangkono iku, sira meksa isih padha ora ngrungokake dhawuhingSun, Ingsun bakal maringi pamerdi marang sira luwih dening abot, nganti tikel pitu, marga saka dosanira,

19sarta Ingsun bakal mutung pangwasanira kang gumunggung, lan langitira bakal Sundadekake kaya wesi, lan buminira kaya tembaga,

20temahan rekasanira bakal tanpa tuwas babar pisan; buminira bakal ora metokake asil, lan wit-witan ing tanahira ora bakal awoh.

21Manawa uripira isih tetep nyulayani marang karsaningSun lan ora gelem ngrungokake dhawuhingSun, bakal saya akeh tambahing paukumaningSun marang sira nganti tikel pitu, laras kalawan dosanira.

22Ingsun bakal nguculake buron alas ana ing tengahira, kang bakal mangsa anakira lan numpes raja-kayanira, ndadekake cacahira mung kari sathithik, temah dalanira dadi sepi mamring.

23Manawa ing sajroning kaanan kang kaya mangkono iku, sira meksa durung kapok marang pamerdiningSun, lan lakunira isih terus nyulayani karsaningSun,

24Ingsun iya bakal tumandang nglawan marang sira tuwin Ingsun piyambak bakal ngukum marang sira nganti tikel pitu marga saka dosanira.

25Ingsun bakal nekakake pedhang marang sira, kang bakal nibakake piwales marga saka prasetyan iku; dene samangsa sira ing tembe padha klumpukan ana ing kutha-kuthanira, Ingsun bakal nekakake pageblug ana ing tengahira, lan sira bakal Sunulungake marang tangane mungsuhira.

26Samangsa Ingsun nyirnakake tandhoning panganira, nuli wong wadon sepuluh bakal padha mbakar roti ana ing paroten siji. Banjur mbalekake rotine marang sira miturut bobote, temah anggonira padha mangan bakal ora nganti wareg.

27Manawa ing sajrone kaanan kang kaya mangkono iku sira isih meksa padha ora ngrungokake dhawuhingSun, lan lakunira isih tetep nyulayani karsaningSun,

28Ingsun iya bakal tumindak nglawan marang sira kalawan keras lan Ingsun piyambak bakal ngajar marang sira nganti tikel pitu, marga saka dosanira.

29Sira bakal padha mangan daginge anak-anakira lanang lan anak-anakira wadon.

30Punthuk-punthuk pepundhenira bakal Sungempuri, lan sakehe padupanira bakal padha Sunbubrah. Sarta jisimira bakal Sununcalake tumumpang ing bathanging brahalanira, sarta panggalihingSun bakal bosen mirsani sira.

31Kutha-kuthanira bakal Sundadekake jugrugan, lan pepundhenira padha Sungempuri, lan pisungsungira kang gawe rena bakal ora Sunambet.

32Ingsun piyambak kang bakal ngrusak nagara iku, nganti mungsuhira kang ngenggoni padha kaeraman.

33Nanging sira bakal Sunsebar ing antarane para bangsa lan Ingsun bakal ngunus pedhang ana ing burinira; dene tanahira bakal dadi cengkar, lan kutha-kuthanira padha dadi jugrugan.

34Ing kono tanah bakal pulih saka wahanane taun-taun sabate kang wus dilirwakake salawase cengkar, lan salawase sira padha manggon ana ing nagarane para mungsuhira; nuli tanahe bakal ngrasakake sabate sarta taun-taun sabat kang durung tinemu bakal dipulihake.

35Salawase tanah dadi gempuran tanah iku bakal ngrasakake sabat kang durung dilakoni ing taun-taun sabatira, nalika sira isih padha manggon ing kono.

36Dene wong panunggalanira kang isih urip iku atine bakal Sundadekake miris ana ing nagara-nagarane mungsuhe, nganti kumrasaking kleyang kang kabur ing angin, ndadekake padha keplayu kaya playune wong kang nyingkiri pedhang, sarta bakal padha ambruk sanadyan ora ana kang mburu,

37bakal padha kesandhung ing kancane lan ambruk kayadene nyingkiri pedhang, sanadyan ora ana kang mburu; sarta sira bakal padha ora bisa ngglawat ana ing ngarepe mungsuhira.

38Malah sira bakal padha sirna ana ing antarane bangsa liya, lan bakal padha katumpes dening nagarane mungsuhira.

39Sapira panunggalanira kang isih urip, bakal padha tumpes ana ing tanahe mungsuhira, marga saka salahe dhewe, lan iya awit saka lupute para leluhure, mulane iya bakal padha tumpes kaya leluhure.

40Nanging samangsa padha ngakoni kaluputane lan kasalahane para leluhure, kang marga saka cidrane marang Ingsun, karodene ngakoni anggone padha nyulayani karsaningSun,

41Ingsun uga tumandang nglawan wong-wong iku kang banjur Sunbekta menyang ing nagarane mungsuhe -- utawa manawa atine kang ora katetakan iku wus nungkul apadene wong-wong mau wus padha nebus kaluputane,

42nuli Ingsun bakal ngengeti prasetyaningSun marang Yakub, lan iya ngengeti prasetyaningSun marang Iskak lan prasetyaningSun marang Abraham, sarta Ingsun ngengeti marang nagarane.

43Dadi tanah iku bakal ditinggal lan bakal pulih saka wahanane taun-taun sabat-sabate kang dilirwakake salawase cengkar, marga ditinggal ing wong-wong mau, lan wong-wong iku bakal padha nebus kaluputane; mulane mangkono awit wus padha nampik marang pranataningSun, lan atine bosen ngrungokake katetepaningSun.

44Sanadyana mangkono, samangsa padha ana ing nagarane mungsuhe, iya bakal padha ora Suntampik lan ora Sunemohi, Ingsun ora bakal ndadekake tumpese lan ora bakal mbubrah prasetyaningSun karo wong-wong iku, awit dene Ingsun iki Yehuwah Allahe.

45Murih kaslametane wong iku Ingsun bakal ngengeti prasetyaningSun marang para leluhure kang wus Sunentasake saka ing tanah Mesir ana ing ngarepe para bangsa, supaya Ingsun dadi Allahe; Ingsun iki Yehuwah.”

46Kaya mangkono iku katetepan lan pranatan sarta angger-angger kang padha kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah, kang tumindak ana ing antarane Panjenengane lan wong Israel ana ing gunung Sinai lumantar Nabi Musa.



 <<  Imamat 26 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel