Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Imamat 4 >> 

Bab kurban pangruwating dosa

1Pangeran Yehuwah ngandika maneh marang Nabi Musa mangkene:

2“Sira ndhawuhana marang wong Israel: Manawa ana wong kang nerak wewalere Pangeran Yehuwah ora klawan dijarag, dadi pancen nglakoni salah sawijining larangan mau,

3lan saupama kang gawe dosa mau imam kang kajebadan, temah bangsane katut kaluputan, iku nyaosna sapi lanang nom siji kang tanpa cacad, minangka kurban pangruwating dosa konjuk marang Pangeran Yehuwah.

4Sapi mau diladekna marang ing ngarsane Pangeran Yehuwah ana ing ngareping lawange Tarub Pasewakan, tangane katumpangna ing endhase sapi, lan sapine banjur kasembeleha ana ing ngarsane Sang Yehuwah,

5imam kang jinebadan iku nuli njupuka getihe sapi mau sawetara digawa mlebu menyang ing Tarub Pasewakan,

6sarta imam mau banjur nyelupna drijine ing getih iku, sarta diepyurna rambah ping pitu ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah ing sangarepe geber pasucen.

7Sawuse mangkono getih mau salong dileletna ing sungune misbyah padupan racikan bumbu-bumbu, kang ana ing ngarsane Sang Yehuwah ing jero Tarub Pasewakan.

8Dene sakehe gajihe sapi lanang kurban pangruwating dosa iku dijupuka gajihe kang nasabi jeroan lan sakehe gajih kang tumempel ing jeroan,

9sarta ginjele loro pisan sagajihe kang kraket ing kono, yaiku kang ana ing lempeng, apadene gembelaning atine, dijupuka bareng karo ginjele mau,

10padha kaya anggone njupuk saka sapi kurban slametan, banjur diobonga dening imam ana ing misbyah kurban obaran.

11Anadene lulange lan sakehe daginge sapi lanang mau, endhase lan pupune, jeroane lan tlethonge,

12dadi sapi lanang mau kabeh digawaa metu menyang sajabane palereban, ing panggonan kang ora ana najise, iya ing papan pambuwangan awu, banjur diobonga nganti entek ana ing geni kayu ing papan pambuwangan awu.

13Manawa kang gawe dosa ora kanthi kajarag iku sagolongane umat Israel kabeh, mangka pasamuwan ora rumangsa padha nglakoni salah sawijining bab kang dadi wewalere Pangeran Yehuwah, satemah padha dadi kaluputan,

14samangsa dosa kang dilakoni iku kaweruhan, nuli pasamuwan nyaosna sapi lanang nom siji minangka kurban pangruwating dosa. Sapi mau diladekna menyang ing ngarepe Tarub Pasewakan.

15Para pinituwane pasamuwan nuli padha numpangna tangane ana ing endhase sapi mau ana ngarsane Sang Yehuwah, sarta sapine disembeleha ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah.

16Imam kang kajebadan tumuli nggawaa getihe sapi mau sawatara menyang ing Tarub Pasewakan,

17sarta nyelubna drijine ing getih iku lan dipyurna rambah ping pitu ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, ing sangarepe geber.

18Karodene getih mau salong dileletna ing sunguning misbyah kang ana ing ngarsane Sang Yehuwah ing jero Tarub Pasewakan, lan getih kekarene kasuntaka kabeh ing perangane ngisor misbyah kurban obaran, kang ana ing sangarepe lawang Tarub Pasewakan.

19Dene gajihe sapi iku kabeh dijupuka lan diobonga ana ing misbyah.

20Sapine lanang mau digawea padha karo sapi lanang kang kanggo kurban pangruwating dosa, kaya mangkono panggarape sapi mau. Kanthi patrap mangkono imam anggone nganakake pirukun kanggo wong akeh mau, temah bakal padha kaparingan pangapura.

21Anadene sapi lanang iku digawaa menyang ing sajabane palereban lan diobonga nganti entek padha kaya anggone ngobong sapi lanang kang dhisik. Iku kurban pangruwating dosa kanggo pasamuwan.

22Manawa kang gawe dosa iku sawijining panggedhe kang kalawan ora kajarag nerak salah sawijining wewalering Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe, temah dadi kaluputan,

23manawa dosa kang dilakoni iku disumurupake marang wong mau, dheweke tumuli nggawaa wedhus berok siji lanang kang tanpa cacad kanggo kurbane.

24Tangane nuli ditumpangna ing endhase wedhus iku, wedhuse nuli kasembeleha ana ing papan kang lumrahe kanggo nyembeleh kurban obaran ana ing ngarsaning Sang Yehuwah, iku dadi kurban pangruwating dosa.

25Imam banjur njupuka getihe kurban pangruwating dosa iku sathithik nganggo driji, kaleletna ing sungu-sungune misbyah kurban obaran.

26Nanging gajihe kabeh kudu diobong ana ing misbyah, padha kaya gajihe kurban slametan. Mangkono imam anggone nganakake pirukun, temah wong mau banjur kaparingan pangapura.

27Manawa kang gawe dosa kang ora kajarag mau wong saka rakyat lumrah, nerak salah sawijining wewalere Pangeran Yehuwah, temah iku nandhang kaluputan,

28manawa dosa kang dilakoni mau wus disumurupake, banjur nggawaa wedhus wadon kang tanpa cacad kanggo kurbane, marga saka dosa kang wus ditindakake mau,

29tangane banjur katumpangna ing endhase kurban pangruwating dosa mau, nuli wedhuse disembeleha ana ing papan kurban obaran.

30Imam tumuli ndulita getihe sathithik dileletna ing sungu-sungune misbyah kurban obaran, getih turahane banjur diesokna kabeh ana ing sikile misbyah kurban obaran.

31Nanging gajihe kabeh dijupuka padha kaya njupuk gajihe kurban slametan, nuli diobonga dening imam ana ing misbyah, minangka ganda kang damel renaning Pangeran Yehuwah. Kaya mangkono imam anggone nganakake pirukun kanggo wong mau, temah banjur kaparingan pangapura.

32Nanging saupama kang digawa minangka sesaosan kanggo kurban pangruwating dosa iku wedhus gembel, iku kudu wadon lan tanpa cacad,

33tangane ditumpangna ana ing endhasing kurban pangruwating dosa iku, wedhuse banjur disembeleha dadi kurban pangruwating dosa ana ing panggonan kang kanggo nyembeleh kurban obaran.

34Imam nuli ndulita getihe kurban pangruwating dosa mau sathithik, kaleletna ing sungu-sungune misbyah kurban obaran, lan getih turahane kaesokna ana ing sikile misbyah.

35Nanging gajihe kabeh didhewekna, padha kaya gajihe wedhus gembel kurban slametan, nuli diobanga dening imam ana ing misbyah patrap kaya kurban sesaosan kang digeneni kagungane Sang Yehuwah. Mangkono imam anggone nganakake pirukun kanggo wong mau tumrap dosa kang wus dilakoni; temah bakal kaparingan pangapura.



 <<  Imamat 4 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel