Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Imamat 9 >> 

Para imam padha nampani kalenggahane

1Kacarita bareng dina kaping wolune Nabi Musa banjur nimbali Rama Harun lan para putrane apadene para tuwa-tuwane Israel,

2sarta ngandika marang Rama Harun: “Kowe dhewe njupuka pedhet, kanggo kurban pangruwating dosa lan wedhus gibas lanang kanggo kurban obaran, karo-karone kang tanpa cacad, nuli saosna marang ing ngarsane Pangeran Yehuwah.

3Lan wong Israel dhawuhana mangkene: Padha njupuka wedhus berok lanang siji kanggo kurban pangruwating dosa, lan pedhet sarta cempe kang padha umur sataun kang tanpa cacad, kanggo kurban obaran.

4Apadene sapi lanang siji lan wedhus gibas lanang siji kanggo kurban slametan, supaya padha kasaosna ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, karomaneh kurban dhaharan kang diolah nganggo lenga, awitdene ing dina iki Pangeran Yehuwah bakal ngatingal marang kowe kabeh.”

5Tumuli padha nggawa apa kang kaprentahake dening Nabi Musa menyang ing ngarepe Tarub Pasewakan, lan wong sapasamuwan kabeh padha maju lan ngadeg ana ing ngarsane Sang Yehuwah.

6Pangandikane Nabi Musa: “Iki pangandika kang kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah, padha lakonana, supaya kamulyane Pangeran Yehuwah ngatingal marang kowe.”

7Pangandikane Nabi Musa marang Imam Harun: “Nyedhaka ing misbyah, kurban pangruwating dosa lan kurban obaranmu olahen, sarta nganakna pirukun kanggo awakmu dhewe lan kanggo bangsa iku; sawuse mangkono kurbane wong akeh mau banjur olahen, sarta nganakna pirukun kanggo wong akeh iku, kaya kang wus kadhawuhake dening Sang Yehuwah.”

8Imam Harun tumuli majeng nyelaki misbyah, lan banjur mragat pedhet kurban pangruwating dosa kang kagem sarirane piyambak.

9Para putrane Rama Harun banjur ngladekake getihe marang panjenengane, sarta Rama Harun nyelupake drijine ing getih iku tumuli dileletake ing sungune misbyah. Saturahe diesokake ana ing sikile misbyah. Saturake diesokake ana ing sikile misbyah.

10Gajih, ginjel lan gembelaning atine kurban pangruwating dosa iku diobong ana ing misbyah, kaya kang wus kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa.

11Nanging daging lan lulange diobong ana ing sajabane palereban nganti entek.

12Sawuse mangkono banjur mragat kurbane obaran, para putrane Rama Harun banjur ngladekake getihe marang panjenengane, Rama Harun tumuli ngesokake getih iku ana ing misbyah mubeng.

13Banjur iya padha ngladekake kurbane obaran manut perangan-perangane kang wus katemtokake dalah endhase pisan; tumuli diobong ana ing misbyah.

14Jeroan lan pupune padha dikumbah lan diobong karo kurbane obaran ana ing misbyah.

15Sawuse iku kurbane wong akeh nuli diajokake menyang ing misbyah: wedhus berok kurban pangruwating dosa kang kanggo wong akeh banjur disembeleh kanggo kurban pangruwating dosa kaya kang dhisik.

16Kurbane obaran banjur dikon ngajokake menyang ing misbyah, lan kaolah miturut pranatan.

17Sawuse iku nuli kurbane dhaharan diajokake, dipundhut sagegem lan diobong ana ing misbyah, ing sandhinge kurban obaran esuk.

18Banjur uga mragat sapi lan wedhus gibas lanang sedhiyan kurban slametan kanggo wong akeh, para putrane Rama Harun nuli padha ngladekake getihe marang panjenengane, Rama Harun nuli ngesokake iku ing sakubenge misbyah,

19nanging sakehe gajihe sapi lan wedhus mau, yaiku buntut sagajihe, gajih kang nasabi jeroan, ginjel apadene gembelaning ati,

20iku padha ditumpangake ing andhemane kurban sakarone; kabeh banjur diobong dening Rama Harun ana ing misbyah.

21Andheman lan sampile kang tengen iku disaosake dening Rama Harun dadi pisungsung goyangan ana ing ngarsane Sang Yehuwah; kaya kang wus diprentahake Nabi Musa.

22Sawuse mangkono Rama Harun banjur ngayatake astane kaungkulake marang wong akeh lan mberkahi wong-wong iku. Sawuse nyaosake kurban pangruwating dosa, kurban obaran lan kurban slametan banjur tumedhak.

23Nabi Musa lan Imam Harun tumuli lumebet ing Tarub Pasewakan. Bareng miyos banjur padha mberkahi marang wong akeh, sarta kamulyane Pangeran Yehuwah nuli ngatingal marang wong sabangsa kabeh,

24lan ana geni metu saka ing ngarsane Sang Yehuwah kang mangsa kurban obaran lan sawernaning gajih kang ana ing misbyah. Bareng wong sabangsa ndeleng kaanan mangkono iku, tumuli padha surak-surak lan sumungkem sujud.



 <<  Imamat 9 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel