Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Keluaran 15 >> 

Kidung pamujine Israel

1Ing kono Nabi Musa lan wong Israel padha ngrepekake kidung konjuk marang Pangeran Yehuwah, mangkene: “Dakngidung konjuk ing Pangeran Yehuwah, awit linuwih kaluhurane jaran lan kang nunggangi padha kacemplungake ing sagara.

2Pangeran Yehuwah iku kakuwatanku lan masmurku, kang dadi kaslametanku. Panjenengane iku Gusti Allahku kang dakalembana, Panjenengane iku Gusti Allahe bapakku kang dakluhurake.

3Pangeran Yehuwah iku prawira ing perang; Yehuwah, yaiku asmane.

4Kretane Sang Prabu Pringon lan balane dicemplungake ing sagara, para prawirane kang pilihan padha diklelebake ana ing sagara Teberau.

5Padha katutupan ing samodra gedhe, kelem prasasat watu ana ing banyu kang jero.

6Dhuh Yehuwah, asta Paduka tengen punika mulya margi saking pangwaos Paduka dhuh Yehuwah, asta Paduka tengen punika ngremuk mengsah.

7Margi saking kaluhuran Paduka ingkang agung, Paduka ngrebahaken ingkang sami nglawan Paduka; Paduka nglepasaken latuning bebendu Paduka ingkang mangsa tiyang-tiyang wau kados bonggol gandum.

8Sarana pangempusing grana Paduka, toya ngantos sami tumpuk-undhung sadaya ilen-ilen sami ngadeg jejeg kados bendungan. Samodra-agung sami njendhel wonten ing tengahipun samodra.

9Ujaripun mengsah: Dakburune, dakandum rayahan; hawanepsuku daksokne marang wong-wong iku, pedhangku dakunuse; bakal padha katumpes dening tanganku.

10Paduka lajeng ndhatengaken prahara, temah sami katutupan ing saganten; sami kelem kados timah wonten ing toya ingkang ngedab-edabi.

11Dhuh Yehuwah, panunggilanipun para allah sinten ingkang nyameni Paduka; sinten ingkang kados Paduka, mulya margi saking kasucen Paduka, ngajrih-ajrihi awit saking pakaryan Paduka ingkang misuwur? Paduka nindakaken kaelokan.

12Paduka ngegaraken asta Paduka tengen; temah lajeng sami inguntal dening bumi.

13Kalayan sihsusetya Paduka, anggen Paduka ngirid umat tetebusan Paduka; saha Paduka tuntun lampahipun sarana kasekten Paduka dhateng ing padaleman Paduka ingkang suci.

14Para bangsa sami mireng temah inggih sami gumeter; makaten ugi ingkang sami manggen ing tanah Filisti sami kraos giris.

15Ing wekdal punika para pangageng ing Edom sami geger, para pangwaos ing Moab sami kataman ing giris; tiyang isinipun tanah Kanaan sami gumeter.

16Sami kataman miris lan ajrih, ngantos kaken kados sela amargi saking agungipun asta Paduka, dhuh Yehuwah, inggih ngantos dumugi ing samentasipun umat Paduka, ngantos samentasipun umat ingkang Paduka dadosaken kagungan Paduka punika.

17Punika Paduka asta saha Paduka tanem wonten ing redi kagungan Paduka piyambak, ing panggenan ingkang Paduka agem dados padaleman Paduka, dhuh Yehuwah; ing pasucen yasaning asta Paduka, dhuh Pangeran.

18Pangeran Yehuwah ingkang ngereh langgeng ing salami-laminipun.”

19Nalika jarane Sang Prabu Pringon lan kretane dalah balane jaranan padha mlebu ing sagara, nuli Pangeran Yehuwah nangkebake banyune sagara maneh, temah padha kleleb, balik wong Israel padha ngambah gasikan ana ing tengahe sagara.

20Ing kono Ibu Miryam, nabi putri, sadhereke Rama Harun, banjur ngasta terbang, kadherekake sakehe wong wadon karo ngunekake terbang padha jejogedan.

21Ibu Miryam tumuli ngidung mimpin para wong wadon mau, wiraose: “Padha ngidungna kagem Pangeran Yehuwah, awit linuwih kaluhurane, jaran lan kang nunggangi padha dicegurake ing sagara.”

Ana ing Mara lan ing Elim

22Sawuse mangkono Nabi Musa tumuli ngangkatake wong Israel saka ing sagara Teberau menyang ing pasamunan Syur; anggone lumaku ana ing pasamunan nganti telung dina ora oleh banyu.

23Banjur padha tekan ing Mara, nanging banyu ing Mara kono ora kena diombe, marga pait, mulane panggonan kono iku katelah aran Mara.

24Wong akeh tumuli padha ngedumeli marang Nabi Musa, pangucape: “Ingkang sami kula ombe punapa?”

25Nabi Musa banjur sesambat marang Pangeran Yehuwah, Pangeran Yehuwah tumuli nedahi sawijining kayu, iku banjur dicemplungake ing banyu mau, sanalika banyune dadi tawa. Ana ing kono banjur padha diparingi katetepan lan pranatan sarta padha dicoba dening Pangeran Yehuwah,

26pangandikane: “Manawa sira padha ngrungokake marang dhawuhing Pangeran Yehuwah Gusti Allahira kanthi temen-temen, lan nglakoni apa kang bener ana ing paningale, sarta nilingake kupingira marang dhawuhe, apadene tansah nindakake sakehe katetepane, mesthi sira ora bakal Sunganjar sadhengah lelara kang wus Suntandukake marang wong Mesir, awitdene Ingsun iki Yehuwah kang nyarasake sira.”

27Sawuse mangkono banjur padha tekan ing Elim, ing kono ana sendhange rolas lan wit kurma pitung puluh, banjur padha leren ing sandhinge sendhang-sendhang mau.



 <<  Keluaran 15 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel