Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Keluaran 39 >> 

Gawe sandhangan imam

1Bakal wungu tuwa, bakal wungu nom lan bakal jingga iku dianggo gawe sandhangan dhines, kang kanggone samangsa nindakake pangibadah ana ing pasucen; uga gawe sandhangan suci kagem Rama Harun, kaya kang didhawuhake dening Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa.

2Kotange efod kang digawe mas, bakal wungu tuwa, bakal wungu nom, bakal jingga lan lena alus kang benange kaantih.

3Mase mau digembleng nganti dadi blebekan tipis, banjur dirajang-rajang dadi benang mas, kanggo nyampuri lawe kang wungu tuwa, lan wungu nom sarta lawe jingga disulamake ing lena alus, gaweaning ahli.

4Kotang efod iku dietrapi tutup-pundhak, kang digandhengake karo efod iku, ana ing pojoke loro-lorone.

5Sabuke kotang efod iku iras-irasan, panggawene padha karo kotang efod, yaiku: mas, lawe wungu tuwa, lawe wungu nom, lawe jingga lan lena alus kang benange kaantih, kaya kang kadhawuhake dening Sang Yehuwah marang Nabi Musa.

6Wong-wong mau banjur padha nggarap sesotya krisopras, kang kaembanan mas, kaukir namane para putrane Rama Israel, patrape kaya ngukir cap.

7Banjur padha dipasang ana ing tutup pundhake kotang efod minangka sesotya pangeling-eling kanggo wong Israel, kaya kang wus kadhawuhake dening Sang Yehuwah marang Nabi Musa.

8Sarta iya padha gawe tutup dhadha, gaweaning ahli, patrape kaya gawe kotang efod, kang digawe mas, lawe wungu tuwa, lawe wungu nom, lawe jingga lan lena alus kang benange kaantih.

9Tutup dhadha mau pesagi, sarta anggone gawe dirangkep loro, dawane sakilan lan ambane iya sakilan.

10Tumuli dietrapi sesotya patang larik, larikan sapisan: sesotya yaspis abang, krisolit lan malakit;

11larikan kapindho: sesotya mirah, lazurit lan yaspis ijo;

12larikan katelu: sesotya ambar, akik lan kecubung;

13larikan kaping pat: sesotya pirus, krisopras lan nefrit, kabeh padha kawengku ing mas, dadi sesotya-sesotya iku padha didokoki embanan.

14Sesotya iku cocog karo namane para putrane Rama Israel, cacahe rolas lan saben sesotya diukiri salah sijine jenenge suku saka suku rolas iku, patrape kaya ngukir cap.

15Karodene tutup dhadha iku iya dietrapi rante mas murni adhapur klabangan.

16Lan padha gawe embanan mas loro lan gelangan mas loro, gelangan mas rong iji mau padha kapasang ing pojoke tutup dhadha.

17Rante mas untiran loro mau banjur padha diolehake ing gelangan loro kang ana ing pojoke tutup dhadha.

18Pucuke rante untiran loro iku padha diolehake ing embanan loro kang kasebut mau, dietrapake ing tutupe pundhak kotang efod ing sisih ngarep.

19Sarta padha gawe gelangan mas loro maneh padha dietrapake ing pojoke loro tutup dhadha, kaprenah ana ing pinggir jero, kang tumumpang ing kotang efod.

20Karodene iya padha gawe gelangan mas loro dietrapake ing tutup pundhake kotang efod loro-lorone, ana ing ngisor sisih ngarep, mepet sambungane ing sadhuwure sabuk kotang efod.

21Tutup dhadha mau gelangane nuli padha ditaleni oleh gelangane kotang efod sarana tali wungu tuwa, dadi tetep ana ing sadhuwuring sabuke kotang efod, lan tutup dhadha iku ora bisa pisah karo kotange efod, kaya kang wus didhawuhake dening Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa.

22Jubahe efod iku yasane tukang tenun, kang kagawe bakal wungu tuwa kabeh.

23Gulone jubah iku ing tengahe memper gulon klambi wesi, gulon iku kaplipit mubeng, supaya aja nganti suwek.

24Jubah mau pinggire ngisor dipasangi rerekan delima kang kagawe bakal wungu tuwa, bakal wungu nom lan bakal jingga kang benange kaantih.

25Sarta maneh padha gawe klinthingan mas murni; klinthingan mau dipasang selang-seling karo delimane ana ing pinggire jubah kang ngisor mubeng,

26dadi saben klinthingan siji, delimane siji selang-seling ing pinggire jubah mubeng, kanggone samangsa nindakake pangibadah, kaya kang wus kadhawuhake dening Sang Yehuwah marang Nabi Musa.

27Rama Harun lan para putrane iya digawekake kemejan lena alus gaweane tukang tenun,

28serbane lena alus, iket kang endah iya lena alus, lancingan lena alus kang benange kaantih,

29sarta paningsete lena alus kang benange kaantih, bakal wungu tuwa, bakal wungu nom lan bakal jingga, tenunane manca-warna, kaya kang wus kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa.

30Lan uga padha gawe blebekan, kanggo jamang suci mas murni lan ing jamang mau ana tulisane kang kaukir kaya gawe cap, unine: Suci kagem Sang YEHUWAH.

31Blebekan mau kawenehan tali wungu kanggo nalekake blebekan iku ing serban ana ing sisih dhuwur, kaya kang wus kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa.

Pagawean katampi dening Nabi Musa lan kagalih wus becik

32Kaya mangkono anggone ngrampungake sakehe pagawean kang lumadi marang Tarub Suci, yaiku Tarub Pasewakan. Wong Israel anggone padha nggarap iku ngetrepi kang kadhawuhake Sang Yehuwah marang Nabi Musa, kaya mangkono anggone nggarap sakabehe.

33Tarub Suci mau banjur diaturake marang ing ngarsane Nabi Musa, iya tarub dalah saprabote kabeh; canthelane, blabage, kendhite, cagake lan ompake,

34payone lulang wedhus gembel lanang kang dipulas abang, payon lulang dhuyung, tendha tutup,

35pethi angger-anggere Gusti Allah dalah pikulane lan tutup pangruwatan,

36meja sapirantine kabeh dalah rotine sesaosan,

37padamaran mas murni, damar-damare, damar kang kudu dipasang ing ndhuwure lan sapirantine kabeh, lenga kang kagawe madhangi,

38misbyah mas, lenga jebad, dupa wangi, tuwin wrana lawanging tarub,

39misbyah kurban obaran tembaga dalah krawangane tembaga, pikulane lan sapirantine kabeh, wadhah banyu satadhahane,

40klambu plataran, cagak saompake, geber kanggo gapuraning plataran, tali dalah pathoke, sakehe piranti kang kanggo ngadegake Tarub Suci, yaiku Tarub Pasewakan,

41sandhangan dhines kang dianggo samangsa nindakake pangibadah ana ing pasucen; sandhangan suci pangagemane Imam Harun, lan sandhangane para putrane kanggo ngimami.

42Wong Israel anggone padha nggarap iku mau kabeh ngetrepi kang kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa.

43Nabi Musa tumuli mriksani sakehe gegawean iku, pranyata anggone padha nggarap iku cocog karo kang kadhawuhake dening Sang Yehuwah, kaya mangkono anggone padha tumindak ing gawe. Wong-wong mau tumuli padha diberkahi dening Nabi Musa.



 <<  Keluaran 39 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel