Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Kisah Para Rasul 9 >> 

Saulus mratobat

1Anadene Saulus atine isih kebak pangancam-ancam sarta pangigit-igit arep mateni para siswane Gusti, banjur seba marang ngarsane Imam Agung,

2lan nyuwun layang kuwasa kang arep digawa menyang ing papan-papan pangibadah ing Damsyik, supaya samangsa mrangguli wong lanang utawa wong wadon kang padha nganut Margining Gusti, banjur bisa dicekel lan digawa menyang Yerusalem.

3Sajrone lumaku iku, bareng wis cedhak karo kutha Damsyik, dumadakan nuli ana cahya cumlorot saka ing langit kang nglimputi dheweke.

4Tumuli niba ing lemah sarta krungu swara kang mangandikani mangkene: “Saulus, Saulus, yagene sira nganiaya marang Ingsun?”

5Atur wangsulane Saulus: “Paduka punika sinten, Gusti?” Pangandikane Gusti: “Ingsun iki Yesus, kang sira kaniaya iku.

6Nanging ngadega, lumebua ing kutha, ana ing kono sira bakal didhawuhi apa kang kudu sira lakoni.”

7Anadene wong-wong kang dadi kanthining lakune, padha njenger, marga pancen padha krungu swara mau, nanging ora ndeleng wong siji-sijia.

8Saulus banjur ngadeg lan ngelekake mripate, nanging ora bisa ndeleng apa-apa. Tumuli dituntun lumebu menyang ing kutha Damsyik.

9Nganti telung dina lawase anggone ora bisa ndeleng sarta ora mangan lan ngombe.

Saulus kabaptis dening Ananiasa

10Ing Damsyik ana sawijining siswane Gusti jenenge Ananias, iku didhawuhi dening Gusti ing sajroning wahyu: “Ananias!”

11Unjuke: “Kawula, Gusti.” Dhawuhe Gusti: “Ngadega, menyanga ing lurung kang aran Lurung Kenceng, menyanga ing omahe Yudas, golekana wong kang saka ing kutha Tarsus kang jenenge Saulus, saiki lagi ndedonga,

12lan sajroning wahyu weruh wong aran Ananias kang lumebu sarta numpangi tangan, supaya bisa ndeleng maneh.”

13Ananias mangsuli, unjuke: “Gusti, kawula sampun mireng saking tiyang kathah bab tiyang punika, bilih kathah sanget piawon ingkang dipun tindakaken tumrap para suci kagungan Paduka ingkang wonten ing Yerusalem,

14saha anggenipun mriki punika kalayan mundhi panguwaos saking para pangajenging imam kangge nyepengi sadaya tiyang ingkang nyebut asma Paduka.”

15Ewadene Gusti ngandika: “Wis, sira mangkata, jalaran wong iki piranti pilihaningSun kanggo martakake asmaningSun marang bangsa-bangsa liya sarta para raja lan wong-wong Israel.

16Ingsun Piyambak bakal nuduhake marang dheweke, sapira kehing kasangsaran, kang bakal kasandhang awit saka asmaningSun.”

17Ananias tumuli mangkat mrono lan lumebu ing omah kono. Saulus banjur ditumpangi tangan sarta tembunge: “Saulus, sadulurku, Gusti Yesus, kang wus ngatingal marang kowe ana ing dalan kang kokliwati, iku ngutus aku marani kowe, supaya kowe bisa ndeleng maneh lan kapenuhan ing Roh Suci.”

18Padha sanalika kaya-kaya banjur ana kang rupane memper sisik padha runtuh saka ing mripate, satemah bisa ndeleng maneh, banjur ngadeg sarta kabaptis.

19Dene sawise mangan, kakuwatane nuli pulih.

Saulus ana ing satengahing para sadulur

(9-19b) Saulus ana ing satengahing para siswa ing Damsyik sawatara dina.

20Nalika iku dheweke iya martakake bab Gusti Yesus ana ing papan-papan pangibadah sarta pratela yen Gusti Yesus iku Putraning Allah.

21Kabeh wong kang ngrungokake padha eram lan ngucap: “Apa iku dudu sing ana ing Yerusalem arep numpes wong kang nyebut jenenge Yesus iku, sarta tekane ing kene iku apa ora sumedya nyekeli wong-wong mau banjur diladekake marang ing ngarsane para pangareping imam?”

22Nanging Saulus saya mundhak gedhe daya-prabawane lan gawe judheging wong-wong Yahudi kang manggon ing Damsyik, jalaran anggone aweh tandha-yekti, yen Gusti Yesus iku Sang Mesih.

23Bareng wis sawatara dina wong Yahudi padha ngrantam arep mateni Saulus.

24Nanging sedya kang ala iku kaweruhan dening Saulus. Rina wengi wong Yahudi padha jaga ing saketheng-sakethenging kutha, supaya bisa mateni Saulus.

25Nanging ing wayah bengi banjur disambut dening para siswane kaudhunake saka ing baluwartining kutha kawadhahan ing kranjang.

Saulus ana ing Yerusalem, let sawatara mangsa kaulihake menyang Tarsus

26Satekane ing Yerusalem Saulus banjur ngudi bisane nunggal karo para siswa, nanging kabeh padha wedi, awit padha ora ngandel, yen dheweke iku uga sawijining siswa.

27Mung bae banjur ditampani dening Barnabas lan dilantarake marang ing ngarsane para rasul sarta padha dicaritani, bab anggone Saulus ana ing dalan dikatingali dening Gusti tuwin anggone diparingi pangandika apadene anggone memulang kalawan asmane Gusti kanthi kendel ana ing Damsyik.

28Saulus lestari tetunggalan karo para rasul ana ing Yerusalem lan kanthi kendel memulang ing asmane Gusti,

29apadene uga wawan gunem lan bebantahan karo para wong Yahudi kang basane Yunani, nanging iku padha ngarah mateni.

30Mung bae, bareng bab iku kasumurupan dening para sadulur warganing pasamuwan, banjur padha ngaterake Saulus menyang Kaisarea lan saka ing kono mbiyantu anggone menyang ing Tarsus.

31Anadene ing sawatara wektu pasamuwan ing satanah Yudea, Galilea lan Samaria kabeh kaanane tentrem, padha kabangun sarta padha wedi-asih marang ing Pangeran. Cacahe saya wuwuh akeh marga saka anggone kapitulungan sarta kalipur dening Sang Roh Suci.

Rasul Petrus nyarasake Eneas

32Nalika samana Rasul Petrus tindak mider-mider, tetuwi menyang ing ngendi-endi. Panjenengane uga ngrawuhi para suci ing kutha Lida.

33Ana ing kono mrangguli wong kang aran Eneas, kang wis wolung taun nggluntung ana ing paturon amarga lumpuh.

34Iku dipangandikani dening Rasul Petrus: “Eneas, Gusti Yesus nyarasake kowe; tangia lan paturonmu tatanen!” Sanalika iku uga wong mau banjur tangi.

35Kabeh wong ing Lida lan Saron padha ndeleng wong mau, satemah banjur padha mratobat marang Gusti.

Rasul Petrus nggesangake Dorkas

36Ing kutha Yope ana sawijining siswa wanita jenenge Tabita (ing basa Yunani: Dorkas). Wong wadon iku akeh banget panggawene becik lan anggone dedana.

37Nanging nalika samana dheweke lara banjur tinggal-donya. Sawise disuceni, layone nuli diturokake ana ing kamar ndhuwur.

38Lida iku cedhak karo Yope. Bareng para siswa padha krungu, yen Rasul Petrus ana ing Lida, banjur kongkonan wong loro sowan marang ing ngarsane, ngaturake panyuwun mangkene: “Kula aturi enggal rawuh ing panggenan kula!”

39Rasul Petrus nuli enggal-enggal tindak bebarengan karo wong-wong mau. Bareng wis rawuh ing kana, banjur didherekake menyang ing kamar ndhuwur sarta kabeh warandha padha ngadeg ing sacedhake apadene kalawan nangis padha nuduhake kabeh klambi lan sandhangan, gaweane Dorkas nalika isih urip.

40Nanging kabeh nuli didhawuhi metu dening Rasul Petrus. Panjenengane banjur jengkeng lan ndedonga. Sawise mangkono nuli minger ngadhepake layon mau sarta ngandika: “Tabita, tangia!” Tabita nuli melek lan bareng ndeleng Rasul Petrus, banjur njenggelek linggih.

41Tumuli tangane diasta dening Rasul Petrus, dilawani anggone ngadeg. Sawise mangkono nuli nimbali para suci lan para warandha sarta nedahake, yen wong wadon mau wis urip.

42Lelakon iku sumebar ing sakutha Yope sarta akeh wong kang padha manjing pracaya marang Gusti.

43Sawise mangkono Rasul Petrus isih lereb ana ing Yope sawatara dina ana ing omahe wong aran Simon, tukang samak.



Download Audio MP3 (Kisah Para Rasul 9):
Mobile (Low Quality) - CD (High Quality)

 <<  Kisah Para Rasul 9 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel