Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Lukas 1 >> 

Bebuka

1Sampun kathah tiyang ingkang sami ndhapuk cariyos bab lelampahan-lelampahan ingkang dumados wonten ing kalangan kita,

2kadosdene ingkang sami kita tampeni saking tiyang-tiyang, ingkang wiwit sakawit sami nyumerepi piyambak lan sami dados paladosing Pangandika.

3Awit saking punika, sasampunipun kula nitipriksa sadaya kadadosan wau wiwit ing wiwitanipun kanthi saestu, kakencenganing manah kula, lajeng kula dadosaken buku ingkang isinipun tumata saha ingkang lajeng kula aturaken ing ngarsa panjenengan punika, dhuh, Sang Teofilus,

4ing pangangkah, supados panjenengan saged nguningani, bilih sadaya ingkang sampun kawulangaken dhateng panjenengan punika saestu leres.

Wasita bab bakal miyose Nabi Yokanan Pambaptis

5Nalika jamane Sang Prabu Herodhes, nata ing tanah Yudea, ana sawijining imam, jenenge Zakharia, kalebu golongan Abia. Bojone uga trahe Harun, jenenge Elisabet.

6Sakarone padha mursid ana ing ngarsane Allah lan tansah nindakake pepakon lan pranataning Pangeran, ora ana kang luput.

7Nanging ora duwe anak, sabab Elisabet iku gabug lan karone wis padha tuwa.

8Ing sawijining dina, nalika pinuju giliraning golongane, Zakharia ngimami ana ngarsaning Pangeran.

9Sabab nalika diundhi kaya adate, kanggo namtokake imam kang maju ing gawe, dheweke kang katuding lumebu ing Padaleman Suci ngobong dupa.

10Nalika samana umat kabeh kumpul ana ing jaba padha sembahyang ing wektu pangobonging dupa.

11Imam Zakharia banjur dikatingali malaekating Pangeran, jumeneng ing satengahing misbyah padupan.

12Imam Zakharia bareng weruh kaget lan wedi.

13Nanging malaekat mau banjur ngandika: “Aja wedi, Zakharia, awit pandongamu wis kabul, lan Elisabet, bojomu, bakal nglairake anakmu lanang, iku jenengna Yokanan.

14Iku bakal ndadekake bungah lan renamu, apadene akeh wong kang bakal bungah marga saka laire bocah mau.

15Mulane mangkono awit iku bakal pinunjul ana ing ngarsaning Pangeran, lan bakal ora ngombe anggur utawa liya-liyane kang mendemi, sarta bakal kapenuhan ing Roh Suci wiwit saka ing guwagarbane ibune.

16Apadene bakal njalari akeh wong Israel padha mratobat marang Pangeran, Allahe,

17tuwin bakal lumaku dadi cecala ndhisiki tindake Pangeran kanthi roh lan panguwasane Elia, supaya bisaa mbalekake atine para bapa marang para anak, sarta nuntun wong mursal marang kamursidan, dadine nyawisake umat kang sembada tumrap ing Pangeran!”

18Zakharia banjur munjuk marang malaekat mau: “Kadospundi anggen kawula saged mangretos, bilih bab punika saestu badhe kalampahan? Sabab kawula sampun sepuh, saha semah kawula sampun lungse ing wanci.”

19Paring wangsulane malaekat: “Aku iki Gabriel sing ngladosi Gusti Allah lan aku diutus ndhawuhi kowe, sarta nglantarake pawarta kabungahan iki marang kowe.

20Lah, kowe bakal bisu lan ora bisa caturan nganti tekan titimangsa kalakone iku kabeh, amarga kowe ora ngandel marang kandhaku kang mesthi bakal kalakon ing wektu kang wis katamtokake.”

21Kacarita wong akeh, kang padha ngenteni Imam Zakharia, padha gumun, dene suwe temen anggone ana ing Padaleman Suci.

22Bareng metu, ora bisa ngucap marang wong akeh iku, banjur padha mangreti, yen Zakharia mentas tampa wahyu ana ing Padaleman Suci. Wasana mung aweh sasmita bae jalaran tetep bisu.

23Bareng ing dina rampunging kawajibane, Zakharia banjur mulih.

24Kacarita ora let suwe Elisabet, bojone nuli ngandheg lan sajroning limang sasi ora tau metu-metu, pangucape:

25“Ya iki pandamele Pangeran marang aku anggone karsa ngluwari aku saka ing kawiranganku ana ing ngareping wong.”

Wasita bab bakal miyose Gusti Yesus

26Bareng wis nem sasine Gusti Allah ngutus malaekat Gabriel menyang ing sawijining kutha ing tanah Galilea kang aran Nasaret,

27manggihi prawan kang pacangan karo wong kang aran Yusuf, tedhake Sang Prabu Dawud. Prawan mau jenenge Maryam.

28Nalika malaekat mau lumebu ing omahe Maryam, banjur ngandika: “Bagea, kowe kang kinasihan, Pangeran tansah nganthi marang kowe.”

29Krungu pangandika mangkono iku Maryam kaget, lan nggagas, apa tegese iku.

30Malaekat nuli ngandika: “Aja wedi, Maryam, awit kowe oleh sih-kanugrahan ana ing ngarsaning Pangeran.

31Lah kowe bakal ngandheg lan bakal mbabar Putra kakung. Iku asmakna Yesus.

32Panjenengane bakal pinunjul lan bakal kasebut Putraning Allah Kang Mahaluhur. Apadene Gusti Allah bakal maringi marang Panjenengane dhampare Sang Prabu Dawud, leluhure.

33Sarta Panjenengane bakal jumeneng dadi Ratuning para turune Yakub nganti salawas-lawase, tuwin kratone iku bakal ora ana wekasane.”

34Maryam banjur matur marang malaekat mau: “Punika sagedipun kalampahan kadospundi, jalaran kawula dereng emah-emah?”

35Paring wangsulane malaekat: “Roh Suci bakal nedhaki kowe, sarta kuwasane Kang Mahaluhur bakal ngayomi kowe; mulane Putra kang bakal miyos iku bakal kasebut suci, Putraning Allah.

36Lah Elisabet, sanakmu, kang wis tuwa iku, iya lagi ngandhut anak lanang, dene saprene wis nem sasi, mangka wis diarani gabug.

37Amarga tumraping Allah ora ana barang kang mokal.”

38Maryam banjur munjuk, “Sumangga, kawula punika abdinipun Pangeran, kadhatengana kadosdene ingkang Paduka ngandikakaken.” Sawise mangkono malaekat banjur tindak, niar Maryam.

Maryam tilik Elisabet

39Nalika samana Maryam banjur enggal-enggal mangkat menyang kutha ing pagunungan tanah Yehuda.

40Bareng lumebu ing omahe Zakharia tumuli uluk-salam marang Elisabet.

41Kocapa nalika Elisabet krungu uluk-salame Maryam, bayi kandhutane nggronjal, wasana Elisabet banjur kapenuhan ing Roh Suci

42sarta kalawan sora calathu: “Kowe iku binarkahan ana ing antarane wong wadon kabeh, apamaneh binarkahana wohing kandhutanmu.

43Sapa ta aku iki, dene nganti karawuhan ibune Gustiku?

44Amarga sanyatane, bareng uluk-salammu umama ing kupingku, bayi kandhutanku nggronjal, marga saka senenge.

45Lah rahayu, kang wis pracaya iku, salam apa kang dipangandikakake dening Pangeran marang wong iku, mesthi bakal kalakon.”

Pamujine Maryam

46Maryam banjur ngucap mangkene: “Nyawaku ngluhurake Pangeran

47lan aku bungah marga saka Allah, Juruslametku.

48Sabab Panjenengane wis ngudaneni asoring abdine. Lah wiwit saiki sakehing turun bakal ngaran aku rahayu,

49jalaran Kang Mahakuwasa wis nindakake pakaryan-pakaryan kang pinunjul marang aku sarta suci asmane.

50Tuwin rahmate turun-tumurun tumrap wong kang wedi asih marang Panjenengane.

51Panjenengane ngatingalake panguwaose kaawan pakaryaning astane lan mbuyarake wong kang angkuh atine.

52Panjenengane nglorod wong-wong kang kuwasa saka ing kalenggahane, lan ngumurake wong kang asor.

53Panjenengane ngluberake samubarang kang becik marang wong kang keluwen, lan wong kang sugih padha tinundhung legeh.

54Panjenengane nulungi Israel, abdine, awit enget marang rahmate,

55kaya kang wis kaprasetyakake marang leluhur kita, marang Rama Abraham lan turun-turune, kanggo ing salawas-lawase.”

56Maryam anggone ana ing omahe Elisabet mau watara telung sasi, banjur mulih.

Miyose Nabi Yokanan Pambaptis

57Bareng Elisabet anggone ngandheg wis tekan ing leke, banjur nglairake jabang-bayi lanang.

58Nalika tangga-teparone lan sanak-sadulure krungu pawarta yen Gusti Allah wis paring sih kamurahane kang samono gedhene iku, padha melu bungah.

59Ing wolang dinane wong-wong mau padha teka njenengi, anggone bayine bakal ditetaki lan bakal dijenengake Zakharia manut jenenge bapakne.

60Nanging ibune calathu: “Aja, jenenge kudu Yokanan.”

61Pangucape wong akeh mau: “Sanak-sanakmu ora ana sing jenenge mangkono.”

62Banjur padha takon marang bapakne kanthi sasmita, bakal dijenengake sapa.

63Zakharia nuli njaluk sabak lan nulis: “Jenenge kudu Yokanan.” Wong kabeh padha gumun.

64Padha sanalika cangkeme lan ilate padha kabuka lan banjur bisa calathu lan ngluhurake Gusti Allah.

65Para tangga-teparone padha ketaman ing wedi, apadene lelakon mau banjur tansah dadi rerasanane wong-wong ing pagunungan Yudea kabeh.

66Lan kabeh wong sing padha krungu, padha tansah mikir sarta ngucap: “Bocah iki bakale dadi apa ta besuk?” Amarga kaayoman ing astaning Pangeran.

Pamujine Zakharia

67Zakharia, bapakne, marga saka kapenuhan ing Roh Suci, banjur medhar wangsit, pangucape:

68“Pinujia Pangeran, Allahe Israel, sabab wis nuweni umate lan paring pangluwaran.

69Panjenengane nukulake sunguning karahayon kanggo kita ana ing tedhake Sang Prabu Dawud, abdine,

70-- kaya kang wis kapangandikakake wiwit kuna mula lumantar para nabine kang suci --

71supaya kita luwar saka ing mungsuh-mungsuh kita lan saka ing tangane kabeh wong kang padha sengit marang kita.

72Supaya leluhur kita bisa nyumerepi sih-rahmate lan anggone enget marnag prajanjiane kang suci,

73yaiku supaos kang dipangandikakake marang Rama Abraham, leluhur kita, yen Panjenengane paring kanugrahan marang kita,

74supaya kita luwar saka ing tanganing mungsuh, bisa ngabekti marang Panjenengane tanpa rasa wedi,

75ing sajroning kasucen lan kabeneran ana ing ngarsane, sajege urip kita.

76Dene kowe, ngger, anakku, bakal kasebut nabining Allah Kang Mahaluhur, amarga kowe bakal lumaku dadi cecala ndhisiki tindake Pangeran prelu nyawisake dalan kagem Panjenengane,

77lan ngretekake umate marang dalaning karahayon, adhedasar pangapuraning dosa-dosane

78marga saka rahmat lan sih-piwelase Allah kita, kang bakal kaasta anggone bakal ngrawuhi kita saka ing ngaluhur, Sang Surya-esuk

79karsa madhangi sakabehing wong kang padha andhok ing pepeteng lan ana ing wayanganing pati, apadene ngenerake sikil kita marang dalaning karahayon.”

80Kacarita bocah mau mundhak-mundhak gedhene lan saya kasantosakake rohe sarta banjur manggon ing pasamunan nganti tumeka ing dina anggone bakal ngaton marang Banisrael.



Download Audio MP3 (Lukas 1):
Mobile (Low Quality) - CD (High Quality)

 <<  Lukas 1 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
© 2010-2019
Alkitab.SABDA.org

Android.SABDA.org
SABDA.mobi
Bantuan
Single Panel

Laporan Masalah/Saran