Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Lukas 12 >> 

Piwulang, kang mligi kanggo para sakabat

1Nalika samana ewon wong kang padha nglumpuk, nganti padha suk-sukan. Gusti Yesus banjur paring piwulang, kang dhisik marang para sakabate, pangandikane: “Padha diawas marang ragine wong Farisi, yaiku bab lamising budine.

2Ora ana barang kang katutupan kang ora bakal kawiyak, lan ora ana barang kang kasidhem kang ora bakal kaweruhan.

3Mulane apa kang kokkandhakake ana ing petengan iku bakal kaprungu ana ing padhangan, sarta apa kang kokkandhakake kalawan bisik-bisik ana ing kamar, iku bakal kawartakake saka ing payon.

4Aku pitutur marang kowe, heh, mitra-mitraKu, aja wedi marang wong-wong kang bisa mateni badan, nanging sawise mangkono ora bisa apa-apa maneh.

5Kowe padha Daktuduhi, sapa kang kudu kokwedeni. Padha wedia marang Panjenengane, kang sawise mateni iya kawasa nyemplungake wong menyang ing naraka. Sabenere Aku pitutur marang kowe: Iya Panjenengane iku kang kudu kokwedeni.

6Manuk emprit lima rak mung payu rong dhuwit? Ewasamono ora ana siji-sijia kang disupekake dening Gusti Allah,

7malah dalasan rambuting sirahmu iku wis dietung kabeh. Mulane aja padha wedi, ajimu rak ngungkuli manuk emprit pirang-pirang.

8Aku pitutur ing kowe: Saben wong kang ngakoni Aku ana ing sangareping wong, iku iya bakal diakoni dening Putraning Manungsa ana ing ngareping para malaekating Allah.

9Nanging sing sapa nyelaki Aku ana ing ngareping wong, iya bakal diselaki ana ing ngarepane para malaekating Allah.

10Sing sapa ngucapake tembung kang nglawan marang Putraning Manungsa, iku bakal diapura, nanging sing sapa nyenyamah marang Sang Roh Suci, iku bakal ora diapura.

11Manawa kowe padha diladekake marang ngarsane para pradata-agama, apa marang ngarsane para pamarentah utawa para kang ngasta panguwasa, aja padha sumelang, kapriye lan apa kang kudu kokaturake ana ing panjawabmu.

12Amarga ing wektu iku uga Sang Roh Suci bakal muruki kowe apa kang kudu kokaturake.”

Bab budi kethaha lan pasemon bab wong sugih kang bodho

13Tumuli ana wong panunggalane wong akeh iku kang matur marang Gusti Yesus: “Guru, Paduka mugi karsaa ndhawuhi sadherek kawula, supados andum warisan kaliyan kawula.”

14Nanging Gusti Yesus ngandika marang wong mau: “Sadulur, sapa sing ngangkat Aku dadi hakim utawa dadi panengah ana ing antaramu?”

15Banjur ngandika marang wong akeh: “Sing padha awas, wekanana sakabehing budi kethaha, sabab sanadyan wong duwe bandha nganti akeh banget, uripe wong iku ora gumantung marang kasugihane iku.”

16Sawise mangkono banjur padha dipangandikani kalawan pasemon mangkene: “Ana sawijining wong sugih, pametuning palemahane akeh banget.

17Banjur mikir: Kapriye ya, rekane, aku ora duwe enggon kanggo nyimpen pametu samono akehe iku.

18Tumuli calathu: Wis, enake mangkene bae: lumbung-lumbungku dakbubrahane, banjur gawe sing luwih gedhe, kabeh gandumku lan barang-darbekku daksimpene ana ing kono.

19Nyawaku nuli dakkandhanane: Heh, nyawaku, kowe wis duwe bandha akeh banget, cukup kanggo urip pirang-pirang taun, mulane ngasoa, mangana, ngombea lan seneng-senenga.

20Ananging dhawuhe Gusti Allah marang wong mau: Heh, wong kang tanpa budi, bengi iki uga nyawanira bakal kapundhut saka ing sira. Lan apa kang wis sira cawisake iku, kanggo apa bakale?

21Iya kaya mangkono iku kadadeane wong kang nglumpukake bandha kanggo awake dhewe, mangka ora duwe kasugihan ana ing ngarsaning Allah.”

Bab sumelang lan bab bandha kaswargan

22Gusti Yesus banjur ngandika marang para sakabate: “Mulane Aku pitutur marang kowe: Aja padha sumelang ing bab uripmu, apa kang bakal kokpangan, lan aja sumelang ing bab awakmu, apa kang bakal koksandhang.

23Amarga urip iku ajine ngungkuli pangan lan badan iku ngungkuli sandhangan.

24Padha delengen, manuk gagak iku ora padha nyebar lan ora derep apadene ora duwe gudhang utawa lumbung, ewasamono padha diparingi pangan dening Gusti Allah. Ajimu rak ngungkuli manuk-manuk iku banget!

25Sapa ta panunggalanmu kang marga saka sumelang bisa nyambungi umure saasta?

26Dadi yen kowe bab kang sepele dhewe bae ora bisa, kapriye dene kok nyumelangake bab liya-liyane?

27Padha tamatna kembang bakung kae, ora ngantih ora nenun, ewadene pituturKu marang kowe: Sang Prabu Suleman sajrone sagunging kaluhurane, pangagemane ora ngungkuli endahe salah sijine kembang iku.

28Dadi, yen suket ing ara-ara, kang saiki isih ana, sesuk kabuwang ing geni, iku dipanganggoni dening Gusti Allah nganti kaya mangkono, saya maneh kowe, heh, wong kang cupet ing pangandel!

29Mulane aja padha mrihatinake apa kang bakal kokpangan lan kokombe sarta aja melang-melang.

30Awit iku kabeh kang diupaya dening wong kang ora wanuh marang Gusti Allah. Ramamu rak ora kekilapan, yen iku kabeh dadi kabutuhanmu.

31Nanging Kratoning Allah iku padha upayanen, nuli kabeh iku mau bakal diwuwuhake marang kowe.

32Aja padha wedi, heh pepanthan cilik! Amarga Ramamu wis kepareng maringake Kraton iku marang kowe.

33Barang darbekmu dolana kabeh, banjur dedanaa! Gawea kanthong-kanthong kang ora bisa lawas, nglumpukna rajabrana ing swarga, kang ora bakal entek, kang ora bakal katekanan maling sarta ora bakal karusak dening renget.

34Amarga ing ngendi dununge bandhamu, iya ing kono dununging atimu.”

Bab kawaspadan

35“Lambungmu ajeg sabukana lan damarmu ajeg muruba.

36Sarta kowe padha kayaa wong-wong kang nganti-anti rawuhe bendarane saka pahargyan memanton, supaya manawa wis kondur lan thothok-thothok lawang, enggal bisa ngengani lawang.

37Begja para abdi kang sarawuhe bendarane ketemu melek. Aku pitutur ing kowe: Satemene bendara mau bakal sabukan, abdine padha didhawuhi mangan bebarengan, bendarane bakal nyedhaki ngladeni.

38Lan manawa rawuhe ing tengah wengi utawa ing wayah bangun esuk mangka para abdi mau ketemu mangkono, begja wong-wong iku.

39Nanging sumurupa: Saupama kang duwe omah ngreti tekane maling jam pira, mesthi ora bakal ngetogake bae omahe dibabah.

40Mulane kowe kabeh padha tansah rumantia, awit rawuhe Putraning Manungsa iku ing wektu kang ora koknyana.”

41Petrus banjur munjuk: “Gusti, ingkang Paduka karsakaken kanthi pasemon punika punapa kawula sakanca, punapa inggih dhateng tiyang sadaya?”

42Paring wangsulane Gusti: “Sapa ta kang dadi pitayaning omah kang setya lan pinter, kang bakal diangkat dening bendarane dadi tetuwaning para abdi kang nyadhongi pangan marang dheweke kabeh ing wayah kang wis katemtokake?

43Begja abdi kang ketemu nindakake kawajibane nalika bendarane rawuh.

44Aku pitutur marang kowe: Satemene bendarane mau mesthi bakal ngangkat dheweke dadi abdi kang tinanggenah rumeksa marang sabarang kagungane bendarane kabeh.

45Nanging manawa abdi mau duwe gagasan mangkene: Bendaraku kok ora rawuh-rawuh, banjur wiwit nggitiki para abdi lanang lan wadon, sarta mangan lan ngombe nganti mendem,

46samangsa bendarane rawuh ing dina kang ora kanyana lan ing wayah kang ora disumurupi, mesthi wong mau bakal dipateni lan dianggep padha bae karo wong kang ora setya.

47Anadene abdi kang ngreti marang karsane bendarane, mangka ora cecawis utawa ora nindakake apa kang dikarsakake dening bendarane, iku bakal digebugi marambah-rambah.

48Nanging sing ora ngreti marang karsane bendarane, mangka banjur nindakake apa kang kagolong kena ing ukuman gebug, iku bakal tampa paukuman gebug, sawatara. Saben wong kang kaparingan akeh, iku bakal kapundhutan akeh, sarta kang dipracaya akeh, bakal kapundhutan luwih dening akeh.”

Rawuhe Gusti nuwuhake crah

49“TekaKu iki nibakake geni ing bumi lan apa kang Dakkarepake, manawa wis murub?

50Aku kudu nampani baptis lan sapira gedhene kasusahaning atiKu, sadurunge iku rampung!

51Apa pangiramu, tekaKu ing bumi iki nggawa karukunan? Ora, Aku pitutur marang kowe: Aku ora nggawa katentreman, nanging nuwuhake crah.

52Amarga wiwit saiki wong lima kang tunggal saomah bakal crah, kang telu karo kang loro, kang loro karo kang telu.

53Kabeh bakal padha crah, bapa karo anake lanang, lan anak lanang karo bapakne, embok karo anake wadon, lan anak wadon karo embokne, embok maratuwa karo mantune wadon, lan mantu wadon karo embokne maratuwa.”

Bab ilapating mangsa-kala

54Ana maneh pangandikane Gusti Yesus marang wong akeh: “Manawa kowe padha weruh mendhung jumedhul ing sisih kulon, kowe banjur bisa kandha: Arep udan, lan tumuli iya kalakon mangkono.

55Sarta manawa kowe weruh angin saka kidul, kowe banjur kandha: Mengko bakal panas gumemplang, lan iku iya tumuli kalakon mangkono.

56Heh, wong lamis, semuning bumi lan langit kowe padha bisa niteni, yagene kowe ora bisa niteni kaanane jaman saiki?

57Lan maneh yagene kowe padha ora netepake dhewe apa kang bener?

58Amarga, manawa kowe karo lawananmu padha arep ngadhep marang ing ngarsane pamarentah, ana ing dalan ngudia rukun karo wong mau, supaya kowe aja nganti diladekake ing ngarsane hakim, lan hakim banjur masrahake kowe marang pambantune sarta pambantu iki tumuli nglebokake kowe marang ing pakunjaran.

59Aku pitutur marang kowe: Kowe ora bakal metu saka ing kono sadurunge utangmu sah.”



Download Audio MP3 (Lukas 12):
Mobile (Low Quality) - CD (High Quality)

 <<  Lukas 12 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel