Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Lukas 2 >> 

Miyose Gusti Yesus

1Nalika samana Sang Nata Agung Agustus paring dhawuh, supaya wong saindenging karajan agung dicacahake.

2Iki cacah-jiwa kang kapisan kang dianakake nalika Sang Kirenius jumeneng walinagara ing Siria.

3Wong-wong banjur padha mangkat kabeh arep ndhaftarake, sawiji-wijine menyang ing kuthane dhewe-dhewe.

4Mangkono uga Yusuf iya mangkat saka ing kutha Nasaret tanah Galilea menyang ing tanah Yudea, menyang ing kuthane Sang Prabu Dawud, kang aran Betlehem -- amarga asale saka ing brayat lan tedhake Sang Prabu Dawud --

5supaya didhaftarake bebarengan karo Maryam, pacangane, kang lagi ngandheg.

6Bareng wis tekan kono, Maryam anggone ngandheg wis tekan ing leke,

7banjur mbabar Putra kakung, kang pambajeng, nuli digedhong lan diselehake ing pemakanan, sabab ana ing papan panginepan padha ora komanan panggonan.

Para pangon ing Betlehem

8Kacarita ing jajahan kono ana pangon-pangon kang padha nginep ing ara-ara njaga pepanthaning kewane.

9Dumadakan ana malaekating Pangeran jumeneng ing sacedhake sarta padha kasorotan ing cahya kamulyane Pangeran temahan padha wedi banget.

10Malaekat mau tumuli ngandika marang wong-wong mau: “Aja padha wedi, lan kowe padha dakwartani kabungahan gedhe, kang bakal tumrah marang sabangsa kabeh:

11Ing dina iki wis miyos Juru-slametmu, yaiku Sang Kristus, kang jumeneng Gusti, ana ing kuthane Dawud.

12Dene kang minangka tengeran marang kowe, mangkene: Kowe bakal mrangguli bayi kagedhong sumeleh ing pamakanan.”

13Dumadakan banjur ana balatantra swarga kang akeh banget cacahe, kang mbarengi malaekat mau sarta padha memuji marang Gusti Allah, sabdane:

14“Kamulyakna Gusti Allah kang ana ing ngaluhur lan tentrem-rahayu anaa ing bumi, ing antarane manungsa kang dadi renaning panggalihe.”

15Kacarita sapengkere para malaekat menyang ing swarga, para pangon mau padha sapocapan mangkene: “Ayo, padha menyang ing Betlehem, ndeleng apa sing wis kalakon ing kana, kaya sing wis dipangandikakake dening Pangeran marang kita.”

16Banjur enggal-enggal mangkat, tumuli ketemu karo Maryam lan Yusuf, apadene Sang Jabang-bayi, kang sumeleh ing pamakanan.

17Bareng wus padha nyumurupi, banjur padha nyritakake apa kang wis dipangandikakake tumrap Sang Putra iku.

18Kabeh wong kang padha krungu, padha gumun marang critane pangon-pangon mau.

19Nanging Maryam nyathet iku mau kabeh ana ing sajroning atine lan dirasak-rasakake.

20Para pangon tumuli padha bali kalawan memuji lan ngluhurake Allah, marga sabarang kang wis dirungu lan wis dideleng, cocog karo kang wis dipangandikakake marang wong-wong mau.

Gusti Yesus disupiti lan dicaosake marang Pangeran

21Bareng wis ganep wolung dina, Sang Timur disupiti lan asmane katetepake Yesus, yaiku asma kang dipangandikakake dening malaekat sadurunge Panjenengane kinandhut ing guwa-garba.

22Nalika wis puput dinaning panucene miturut angger-anggere Nabi Musa, Sang Timur banjur kabekta menyang Yerusalem arep dicaosake marang Pangeran,

23kaya kang katulisan ing angger-anggering Pangeran: “Sakabehing anak lanang pambarep kudu kasucekake kagem Gusti Allah,”

24lan padha saos kurban, manut apa kang kadhawuhake ana ing angger-anggering Pangeran, arupa manuk deruk sajodho utawa piyik dara loro.

Simeon lan Hana

25Ing kutha Yerusalem ana sawijining wong jenenge Simeon, wong mursid lan ngabekti marang Allah, kang nganti-anti marang panglipuring Israel sarta kang ingayoman ing Roh Suci.

26Iku wis pinaringan wangsit dening Sang Roh Suci, yen bakal ora mati sadurunge ndeleng Sang Kristus, yaiku kang Jinebadan dening Pangeran.

27Marga saka pitedahe Sang Roh Suci, Simeon menyang Padaleman Suci. Nalika Gusti Yesus, Sang Timur, dibopong mlebu dening rama ibune, lan bakal katindakake kaya kang wis katamtokake dening angger-anggering Toret,

28Simeon banjur mbopong Sang Timur kalawan memuji marang Gusti Allah, unjuke:

29“Dhuh, Pangeran, sapunika Paduka marengaken kawula kesah kalayan temrem rahayu, miturut pangandika Paduka,

30sabab mripat kawula sampun nyumerepi karahayon peparing Paduka,

31ingkang sampun Paduka cawisaken women ing sangajenging bangsa sadaya,

32inggih punika pepadhang ingkang minangka wedharan tumrap bangsa-bangsa sanes saha ingkang dados kamulyaning umat Paduka, Israel.”

33Rama-ibune kaeraman banget marang kabeh kang diucapake tumrap Panjenengane mau.

34Simeon banjur mberkahi lan calathu marang Maryam, kang ibu: “Lah iki wis pinasthi dadi marganing tiba lan tangine wong ing Israel pirang-pirang, lan dadi tetengeran kang bakal nukulake padudon

35-- lan atimu dhewe bakal katuwek ing pedhang -- supaya kalairna pikiraning atine wong akeh.”

36Lan maneh ing kono iya ana nabi wadon, jenenge Hana, anake Fanuel, saka taler Asyer, wis tuwa banget. Sawise omah-omah banjur urip bebarengan karo bojone pitung tahun,

37lan saiki wis randha, kang umure wolung puluh papat taun. Ora mengeng saka ing Padaleman Suci, rina wengi anggone ngabekti kalawan pasa lan ndedonga.

38Nalika iku dheweke iya mrono lan ngunjukake panuwun marang Gusti Allah, sarta nyaritakake bab Sang Timur mau marang sakabehing wong kang padha nganti-anti marang pangluwarane Yerusalem.

39Sawise ngrampungake kabeh kang kudu dilakoni miturut angger-anggere Pangeran, banjur padha mulih menyang ing kutha panggonane, yaiku ing Nasaret ing tanah Galilea.

40Sang Putra mau mindhak-mindhak agenge, lan dadi santosa, kapenuhan ing kawicaksanan sarta sinungan ing sih-kanugrahaning Allah.

Gusti Yesus yuswa rolas taun ana ing Padaleman Suci

41Ing saben taun samangsa riyaya Paskah, rama-ibune Gusti Yesus menyang ing Yerusalem.

42Bareng Gusti Yesus wis yuswa rolas taun, padha menyang Yerusalem kaya adate yen pinuju dina gedhe iku.

43Salebare pahargyan, nalika padha mulih, Gusti Yesus kantun ana ing Yerusalem, rama-ibune ora sumurup.

44Sarehne dikira yen Panjenengane awor karo wong-wong sing padha mulih tunggal dalan, mulane padha mbacutake lakune nganti sadina, banjur padha nggoleki Panjenengane ana ing antarane para sanak kadang lan para pitepungane.

45Bareng ora ketemu, banjur padha bali menyang Yerusalem karo nggoleki terus.

46Kacarita sawise telung dina ketemu ana ing Padaleman Suci lagi lenggah ana ing satengahe para alim-ulama, mirengake piwulange, sarta tetaken.

47Kabeh wong kang ngrungokake pangandikane padha kaeraman marang kapinterane lan wangsulane.

48Bareng rama-ibune weruh padha njenger. Kang ibu banjur calathu marang Panjenengane: “Angger, yagene Kowe kok mangkono marang aku. Bapakmu lan aku padha nggoleki Kowe kalawan susah.”

49Ature marang rama-ibune: “Punapaa dene panjenengan madosi Kula? Panjenengan punapa boten mirsa, bilih Kula kawajiban wonten ing dalemipun Rama Kula?”

50Rama-ibune padha ora nyandhak marang apa kang dipangandikakake iku.

51Panjenengane banjur kondur bebarengan karo kang rama lan kang ibu menyang ing Nasaret; sabanjure Panjenengane lestantun kaemong dening rama-ibune. Dene kang ibu nyathet prakara iku mau kabeh ana ing sajroning atine.

52Kacarita Gusti Yesus saya mindhak ageng, lan saya mindhak kawicaksanane apadene saya wuwuh antuk sihing Allah lan manungsa.



Download Audio MP3 (Lukas 2):
Mobile (Low Quality) - CD (High Quality)

 <<  Lukas 2 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel