Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 130 >> 

MASMUR 130; Pasambat sajroning kasusahan

1Kidung jiyarah. Dhuh Yehuwah, saking jurang ingkang lebet kawula sesambat dhumateng Paduka.

2Dhuh Pangeran, Paduka mugi karsaa miyarsakaken swanten kawula, Paduka mugi nilingna dhumateng swantening pasambat kawula.

3Dhuh Yehuwah, manawi Paduka ngenget-enget dhateng durakaning tiyang, dhuh Pangeran, sinten ingkang saged lestantun?

4Nanging Paduka kagungan pangapunten, supados tiyang sami ajrih-asih dhumateng Paduka.

5Aku nganti-anti marang Pangeran Yehuwah, nyawaku ngarep-arep, lan aku ngarep-arep marang Pangandikane.

6Nyawaku anggone nganti-anti marang Pangeran ngluwihi pangarep-arepe jaga malem marang wayah esuk, iya wong jaga kang ngarep-arep marang wayah esuk.

7Ngarep-arepa marang Pangeran Yehuwah, he Israel! awit Sang Yehuwah kagungan sih-kadarman, sarta kerep banget paring pangluwaran.

8Panjenengane kang bakal ngluwari Israel saka sakehing kaluputane.



 <<  Mazmur 130 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel