Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 135 >> 

MASMUR 135; Mung Pangeran Yehuwah kang pantes linuhurake

1Haleluya! Padha ngluhurna asmaning Pangeran Yehuwah, padha luhurna, he para abdining Pangeran Yehuwah.

2He para wong kang padha teka leladi ana ing padalemaning Sang Yehuwah, ing platarane padalemane Allah kita!

3Padha saosa puji marang Pangeran Yehuwah, awit Pangeran Yehuwah iku becik, asmane padha luhurna kalawan masmur, awit iku endah!

4Awit Pangeran Yehuwah wus milih Yakub dadi kagungane, Israel dadi kekasihe.

5Lah aku sumurup, yen Pangeran Yehuwah iku mahaagung, sarta Gusti kita kang ngungkuli sakehing allah.

6Pangeran Yehuwah nindakake apa kang dadi karsane, ana ing swarga lan ing bumi, ing segara lan ing saindenging samodra agung.

7Pangeran ndadekake mendhung mumbul saka ing pungkasaning bumi, nitahake bledheg kang mbarengi udan, angin diwetokake saka ing gedhonge.

8Panjenengane kang mejahi para anak pembarep ing tanah Mesir, manungsa lan kewan,

9apadene ndhatengake pratandha lan kaelokan ana ing satengahmu, he tanah Mesir, nglawan marang Raja Pringon lan sakehing abdine.

10Panjenengane kang nggecak bangsa akeh, sarta nyedani raja-raja kang santosa.

11Sihon, ratune bangsa Amori, Og, ratu ing nagara Basyan, lan sakehe karajan ing tanah Kanaan,

12sarta tanahe diparingake dadi tanah-pusaka, tanah-pusaka marang Israel, umate.

13Dhuh Yehuwah, asma Paduka punika langgeng ing salaminipun. Dhuh Yehuwah, Paduka dipun enget-enget turun-tumurun.

14Awitdene Sang Yehuwah iku bakal paring kaadilan marang umate, sarta bakal melasi marang para abdine.

15Brahalane para bangsa iku selaka utawa mas, gaweane tangane manungsa,

16padha duwe cangkem nanging ora bisa calathu, padha duwe mata, nanging ora bisa ndeleng,

17kupinge ana, nanging ora bisa ngrungokake, dalah cangkeme iya ora ana ambekane.

18Iya kaya mangkono kaanane para wong kang gawe, sarta sakehing wong kang nganggep iku.

19He turune Rama Israel, padha saosa puji marang Pangeran Yehuwah, he para turune Imam Harun, padha saosa puji marang Pangeran Yehuwah.

20He turune Rama Lewi, padha saosa puji marang Pangeran Yehuwah, he, para wong kang ngabekti marang Pangeran Yehuwah, padha saosa puji marang Pangeran Yehuwah.

21Sang Yehuwah kasaosana puji saka ing kutha Sion, Panjenengane kang akedhaton ana ing Yerusalem. Haleluya!



 <<  Mazmur 135 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel