Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 140 >> 

MASMUR 140; Pandonga nyuwun pangauban marga saka anane para wong ala

1Kanggo lurah pasindhen. Masmur anggitane Prabu Dawud. (140-2) Dhuh Yehuwah, kawula mugi Paduka uwalaken saking tiyang awon, saha Paduka reksaa sampun ngantos dhawah ing tanganipun tiyang ingkang remen nganiaya,

2(140-3) ingkang sami ngrantam-ngrantam piawon ing salebeting manah, sarta sadinten-dinten nggosok-gosok supados perang!

3(140-4) Sami nglandhepaken ilatipun kados sawer, wisanipun sawer bedhudhak wonten ing lambenipun. (Selah)

4(140-5) Dhuh Yehuwah, kawula mugi Paduka jagi sampun ngantos dhumawah ing tanganipun tiyang duraka, sarta ing tanganipun tiyang ingkang ambek-siya tuwin sami ngangkah ndhawahaken kawula.

5(140-6) Tiyang kumingsun kalayan sesidheman sami masangi jiret kawula, tuwin masang tangsul-tangsul kadadosaken jaring, sami masangi kala kawula wonten ing sauruting margi. (Selah)

6(140-7) Unjukku marang Pangeran Yehuwah: “Paduka punika Allah kawula, dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa nilingaken dhateng swantening pasambat kawula.”

7(140-8) Dhuh Yehuwah, Gusti kawula, kakiyataning karahayon kawula, Paduka ingkang ngayomi sirah kawula samangsa tempuking perang.

8(140-9) Dhuh Yehuwah, mugi sampun ngantos njurungi pikajengipun tiyang duraka, sampun nuruti rancanganipun ingkang dora-cara. (Selah)

9(140-10) Tiyang ingkang ngepung kawula sami nglangak, ipat-ipatipun ndhawahana tiyang-tiyang punika.

10(140-11) Sami kaesokana ing mawa! kacemplungna wonten ing jurang, satemah boten saged mentas malih.

11(140-12) Juru pitenah boten badhe lestantun wonten ing bumi, tiyang ingkang nindakaken kakerasan badhe kabujeng ing bilai.

12(140-13) Kawula sumerep, bilih Pangeran Yehuwah badhe ngadili prakawisipun tiyang ingkang katindhes, sarta badhe mbelani prakawisipun tiyang papa.

13(140-14) Saestu para tiyang mursid badhe sami memuji dhumateng asma Paduka, saha para tiyang jujur sami badhe manggen wonten ing ngarsa Paduka.



 <<  Mazmur 140 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel