Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 144 >> 

MASMUR 144; Kidung panuwunipun Sang Prabu

1Anggitane Prabu Dawud. Pinujia Pangeran Yehuwah peparangku, kang mulang perang tanganku, nggladhi tarung drijiku,

2kang dadi pangaubanku lan bebetengku, kuthaku kang santosa lan kang ngluwari aku tetamengku sarta papan pangungsenku, kang nelukake bangsa-bangsa marang ing pangwasaku!

3Dhuh Yehuwah, manungsa punika punapa ta, dene kok Paduka gatosaken, punapadene anaking manungsa, dene kok Paduka galih?

4Manungsa punika sami kados angin, dinten-dintenipun kados wewayangan ingkang lumampah.

5Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa mentiyungaken langit Paduka, saha lajeng karsaa tumedhak. Paduka mugi karsaa ndumuki redi-redi supados sami ngedalaken kukus.

6Paduka mugi karsaa mbabitaken kilat sami kabuyarna. Paduka mugi karsaa nglepasaken jemparing Paduka, temahan sami pating bilulung.

7Paduka mugi karsaa mulungaken asta Paduka saking ing ngaluhur, kawula mugi kauwalna saha kaluwarana saking bena saking tanganipun para tiyang ngamanca,

8ingkang cangkemipun ngucapaken dora, sarta ingkang tanganipun tengen punika tangan tengening cidra.

9Dhuh Allah, kawula badhe memuji dhumateng Paduka klayan kekidungan enggal, kawula badhe ngidung masmur kagem Paduka mawi slukat kawat sadasa.

10Paduka ingkang paring kaunggulan dhumateng para raja, sarta ngluwari Dawud, abdi Paduka.

11Paduka mugi karsaa ngluwari kawula saking pedhanging bilai, kauwalna saking tanganipun para tiyang ngamanca, ingkang cangkemipun sami ngucapaken dora, tuwin tanganipun tengen punika tangan tengening cidra.

12Mugi-mugi anak-anak kawula jaler sami dadosa tetaneman, ingkang thukul dados ageng ing nalika enemipun, sarta anak-anak kawula estri sami dadosa saka-saka pojokan, ingkang dipun tatahi kangge yeyasan kraton.

13Gudhang-gudhang pasimpenan kawula mugi sami kebaka, ngedalaken barang rupi-rupi, menda kawula sami bebranahana dados ewon, dasanan ewon wonten ing pangenan kawula!

14Lembu-lembu kawula sami sageda wreden, sarta sampun ngantos wonten ingkang boten dados lan kluron, punapadene boten wonten panjerit ing ara-ara kawula!

15Rahayu bangsa kang tinemu kaya mangkono! Rahayu bangsa kang Gusti Allahe Pangeran Yehuwah!



 <<  Mazmur 144 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel