Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 23 >> 

MASMUR 23; Gusti Allah iku pangen kang utama

1Masmur anggitane Prabu Dawud. Sang Yehuwah iku pangenku, aku ora kekurangan apa-apa.

2Aku diplegungake ana ing pangonan kang akeh sukete, aku digiring menyang ing banyu ing panggonan kang tentrem;

3nyawaku diayemake, sarta dituntun ing dalaning kabeneran marga saka asmane.

4Malah sanadyan lumaku ana ing jurang palimenganing pati, aku ora wedi marang bilai, margi Paduka ingkang nganthi kawula; teken Paduka saha lantaran Paduka punika sami nglipur kawula.

5Paduka nata pasegahan kangge kawula, wonten ing ngajengipun satru kawula; sirah kawula Paduka jebadi kaliyan lisah, tuwung kawula kebak mancep-mancep.

6Amargi namung kabegjan lan kadarman thok ingkang badhe ngirid lampah kawula, salaminipun gesang, saha kawula badhe manggen wonten ing padalemaning Sang Yehuwah ing salaminipun.



 <<  Mazmur 23 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel