Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 39 >> 

MASMUR 39; Pandonga nyuwun pitulungan

1Kanggo lurah pasindhen, kanggo Yedutun. Masmur anggitane Prabu Dawud. (39-2) Gagasanku mangkene: “Aku dak ngati-ati, supaya aku aja nganti nglakoni dosa kalawan ilatku, cangkemku dakjaga kalawan dakbrangus, sajrone wong duraka isih ana ing ngarepku.”

2(39-3) Aku mbisu, aku meneng, aku mbisu, aku adoh karo bab kang becik, nanging prihatinku saya banget.

3(39-4) Atiku panas ana ing jeroku, murub kaya geni nalika aku sesambat; aku munjuk kalawan ilatku:

4(39-5) “Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa paring sumerep bab ngajal kawula, punapadene bab watesing umur kawula, supados kawula mangretos bilih kawula punika boten langgeng!

5(39-6) Lah dangunipun umur kawula punika sampun Paduka temtokaken namung sawatawis tebah; saha gesang kawula punika kados barang ingkang kothong wonten ing ngarsa Paduka, pancen saben tiyang punika namung satunggaling bab ingkang tanpa gina. (Selah)

6(39-7) Manungsa punika namung kadosdene wewayangan ingkang langkung, namung usreg kemawon bab barang ingkang tanpa paedah, nandho-nandho nanging boten sumerep sinten ingkang badhe ngrakup.

7(39-8) Dados sapunika ingkang kula ajeng-ajeng punika punapa, dhuh Gusti? Namung Paduka kemawon ingkang kawula ajab.

8(39-9) Paduka mugi karsaa ngluwari kawula saking sakathahing kalepatan, kawula sampun ngantos dados cecampahanipun tiyang gemblung.

9(39-10) Kawula mingkem, boten mbikak cangkem kawula, amargi Paduka piyambak ingkang tumindak.

10(39-11) Paduka mugi karsaa nyingkiraken panyiksa Paduka saking kawula, kawula remuk-rempu margi saking panggebag Paduka.

11(39-12) Paduka ngrangket tiyang mawi paukuman, jalaran lepat; kaendahanipun Paduka lebur kadosdene renget, pancen saben tiyang punika namung bab ingkang tanpa gina. (Selah)

12(39-13) Dhuh Yehuwah mugi karsaa miyarsakaken pandonga kawula, saha nilingna ing pasambat kawula, tetesing eluh kawula sampun Paduka kendelaken kemawon, amargi kawula punika mondhok wonten ing ngarsa Paduka, tiyang neneka kadosdene leluhur kawula sadaya.

13(39-14) Paduka mugi mengkeraken kawula, supados kawula saged bingar, saderengipun kawula kesah sarta boten wonten ing malih.”



 <<  Mazmur 39 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel