Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 41 >> 

MASMUR 41; Pandonga nyuwun kawarasan

1Kanggo lurah pasindhen. Masmur anggitane Prabu Dawud. (41-2) Rahayu wong kang nggatekake marang wong kang ringkih! Wong iku bakal dipitulungi Sang Yehuwah ing wektu nandhang sangsara.

2(41-3) Pangeran Yehuwah bakal ngayomi lan ngopeni nyawane, temah kasebut wong begja ana ing bumi; Paduka boten badhe marengaken piyambakipun dipun angge dolanan dening mengsahipun!

3(41-4) Manawa kecandhak ing lelara, dibiyantu dening Sang Yehuwah ana ing paturone, Paduka sarasaken babar pisan sesakitipun wonten ing patilemanipun.

4(41-5) Mungguh aku, aturku mangkene: “Dhuh Yehuwah kawula mugi Paduka welasi, kawula mugi Paduka sarasaken, amargi anggen kawula damel dosa punika dhumateng Paduka.”

5(41-6) Satruku padha nyatur aku ala: “Besuk kapan matine wong iku, sarta sirnane jenenge?”

6(41-7) Wong kang tilik aku, rembuge goroh: atine kebak piala, bareng metu iku diwartak-wartakake.

7(41-8) Sakehing wong kang sengit marang aku padha bisik-bisik bab aku, padha ngrantam piala marang aku:

8(41-9) “Wong iku wis kecandhak ing lelara kang mbebayani, anggone ngleleh ora bakal bisa tangi maneh.”

9(41-10) Dalah mitraku kang dakpracaya, kang kembul mangan karo aku, iku uga ngethungake tungkake marang aku.

10(41-11) Nanging Paduka dhuh Yehuwah, mugi karsaa melasi kawula saha njejegaken kawula, kawula lajeng badhe males dhateng tiyang-tiyang punika.

11(41-12) Margi saking makaten kawula sumerep, bilih Paduka karenan dhumateng kawula, punika manawi kawula boten dados margining satru kawula lajeng asurak-surak.

12(41-13) Wondene menggah ing kawula, Paduka ngekahaken kawula margi saking temen kawula, sarta Paduka jejegaken wonten ing ngarsa Paduka ing salami-laminipun.

13(41-14) Pinujia Pangeran Yehuwah, Allahe Israel, wiwit ing kalanggengan tumeka ing kalanggengan! Amin, Amin.



 <<  Mazmur 41 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel