Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 42 >> 

Jilid II: MASMUR 42--72; Kangen marang Gusti Allah

1Kanggo lurah pasindhen. Kidung piwulang anggitane bani Korakh. (42-2) Kados pangorongipun sangsam dhateng toyaning lepen, inggih makaten kangening nyawa kawula dhumateng Paduka, dhuh Allah.

2(42-3) Nyawaku ngorong marang Allah, marang Allah kang gesang, besuk kapan anggonku diparengake sowan ndeleng Gusti Allah?

3(42-4) Luhku kang dakpangan rina lan wengi awit sadina muput aku dicalathoni ing wong mangkene: “Allahmu ana ing ngendi?”

4(42-5) Iki bakal dakeling-eling, sajrone nyawaku sedhih lan lesu: sarehne wonge akeh banget kapriye bisaku maju ndhisiki wong-wong iku menyang ing padalemaning Allah kalawan surak-surak lan ngrepekake kidung panuwun, ana ing karameaning wong-wong kang padha nganakake pahargyan.

5(42-6) Dhuh nyawaku, yagene kok tumungkul, lan ngolang-ngaling ana ing jeroku? Ngarep-arepa marang Allah, awit Panjenengane bakal dakpuji, Panjenengane kang dadi Pitulunganku lan Allahku!

6(42-7) Nyawa kawula tumungkul wonten ing nglebet kawula, mila kawula lajeng kengetan dhumateng Paduka, saking ing pasitening benawi Yarden lan ing pareden Hermon, saking ing redi Mizar.

7(42-8) Samodra agung nguwuh-uwuh dhateng sami samodra agung, sareng kaliyan kumrasaking grojogan Paduka; kawula karoban ing sakathahing ombak saha alun Paduka.

8(42-9) Ing wayah rina Pangeran Yehuwah ndhawuhake sih-kadarman, sarta ing wayah bengi aku ngrepekake kekidungan, pandonga marang Gusti Allahing uripku.

9(42-10) Unjukku marang Allah peparangku mangkene: “Punapaa dene Paduka boten ngengeti kawula? Punapaa dene kawula kedah gesang kalayan mangangge bagor margi saking panganiayanipun satru?”

10(42-11) Tiyang ingkang nenacad kawula punika, kados nuwek-nuweka balung kawula, sadinten muput tansah wicanten dhateng kawula makaten: “Allahmu ana ing ngendi?”

11(42-12) Dhuh nyawaku, yagene kok tumungkul? Yagene kok ngolang-ngaling ana ing jeroku? Ngarep-arepa marang Gusti Allah! Awit Panjenengane dakpuji maneh, Panjenengane kang dadi Pitulunganku lan Allahku!



 <<  Mazmur 42 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel