Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 47 >> 

MASMUR 47; Gusti Allah, Ratuning salumahing bumi

1Kanggo lurah pasindhen. Saka bani Korakh. Masmur. (47-2) He para bangsa kabeh, padha keplok-keploka, padha methuka Gusti Allah kalawan surak-surak!

2(47-3) Awit Pangeran Yehuwah Kang Mahaluhur iku nggegirisi, sarta jumeneng Ratu Agung ana ing salumahing bumi.

3(47-4) Para bangsa padha ditelukake marang kita, sarta para suku bangsa padha disorake ana ing tlapakan kita.

4(47-5) Kita padha kapilihake tanah-pusaka kita, kang digung-gungake dening Rama Yakub, kekasihe. (Selah)

5(47-6) Gusti Allah wus sumengka ingiring ing surak rame, iya Sang Yehuwah iku sumengka kalawan kairing ing swaraning kalasangka.

6(47-7) Gusti Allah padha saosana kekidungan masmur, padha saosana kekidungan masmur. padha ngidunga masmur kagem ratu kita, padha ngidunga masmur!

7(47-8) Amarga Gusti Allah iku Ratu ing salumahing bumi, padha ngidunga masmur, kidung piwulang!

8(47-9) Gusti Allah iku ngratoni para bangsa, sarta lenggah ing dhampare kang suci.

9(47-10) Para panggedhening bangsa-bangsa padha ngumpul, kang padha dadi umate Allahe Rama Abraham. Sabab tameng-tamenging bumi iku kagungane Gusti Allah, Panjenengane iku banget anggone kaluhurake.



 <<  Mazmur 47 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel