Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 53 >> 

MASMUR 53; Bab kanisthaning manungsa

1Kanggo lurah pasindhen. Miturut lagu: Mahalat. Kidung piwulange Prabu Dawud. (53-2) Wong gemblung mosik ing sajroning atine: “Ora ana Allah!” Kaculikan kang padha dilakoni iku rusuh lan nistha banget, ora ana kang nglakoni kabecikan.

2(53-3) Gusti Allah mirsani mangisor saka ing swarga marang para anaking manungsa, karsa nguningani apa ana kang duwe budi, lan kang ngupaya marang Gusti Allah.

3(53-4) Kabeh wus padha nyimpang, kabeh wus padha bubrah; ora ana kang gawe becik, siji bae ora ana.

4(53-5) Para wong kang nglakoni piala iku apa ora ngrumangsani, yen padha memangan marang umatingSun nganti entek kaya mangan roti, lan ora nyebut marang asmane Gusti Allah?

5(53-6) Ana ing kono padha ketaman ing pagiris, sanadyan ora ana kang marakake giris; amarga Gusti Allah nyebar balung-balunge wong kang padha ngepung kowe, wong iku bakal padha kawirangake, amarga wus padha katampik dening Gusti Allah.

6(53-7) Muga-muga pangentasane Israel tekaa saka ing kutha Sion! Manawa Gusti Allah maluyakake kaanane umate maneh, Yakub bakal surak-surak, Israel bakal bungah-bungah.



 <<  Mazmur 53 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel